Dening Ivan Fanani S
Ita, yaiku bocah ayu sing tau tak
weruhi ing sekolahku. Bocah kang ayu rupane tur pinter nyanyi. Atiku kepincut
marang dheweke. Saben dino aku lewat ing ngarep kelase, mung ndunga muga ketemu
dheweke.
Wayah aku lagi mangan karo
kanca-kancaku ing kantin, Ita liwat lan ngomong karo salah sijine koncoku,
jenenge Aldi. Terus aku jaluk tulung ing Aldi supaya ngenalke aku marang Ita.
Sesuke, aku diceluk Aldi ing kelase.
Dadakne Aldi nemokno aku marang Ita. Akhire aku bisa kenalan marang bocah ayu
iki. Sawise aku njaluk pin BBMe, aku pamit ing kelas amarga bel masuk
wis muni.
Saben dino aku chatting karo
Ita. Tambah suwe aku tresnaku tambah gedhe marang dheweke. Ora mung ayune sing
bisa nggawe bungah atiku, nanging sikap sifate sing sopan lan bisa ngregani
wong liyo kuwi sing marai aku tambah tresna.
Tanggal 22 Juni tepak ulang
tahune dheweke, aku marani dheweke ing omahe. Tak gawake kembang mawar,
roti, lan kado. Uga aku kondo yen aku tresna marang dheweke. Kawitane aku wedi
yen dheweke ora nduweni tresna sing padha kaya apa sing tak rasake. Nanging nyatane
dheweke kondo yen dheweke kawitane ora tresna marang aku, tapi tambah suwe
dheweke krasa yen aku tresna tenanan marang dheweke, dadi dheweke akhire nduwe
rasa tresna marang aku. Alhamdulillah, gusti pangeran.
0 komentar:
Posting Komentar