Dening Achmad lalang
Sawijining dina... Ora kaya biasane Pras lan
Pandu sing kawentar minangka kanca raket iku meneng-menengan lan
katon wis rong dina ora guneman , amarga kuwi Yudha sing bocah anyar
pindahan saka kutha nanging uga kerep srawung karo kekarone nyoba nengahi supaya
paseduluran ing antarane bocah loro iku ora pedhot. "Pras, aku lihat-lihat
wis rong dina iki koq nggak bertegur sapa karo Pandu, memangnya kowe ono
masalah ya karo Pandu?" pitakone Yudha nganggo basa jawa sing grothal
grathul "ora koq Yud, ora ono apa apa" jawabe Pras singkat
"ayolah Pras, ora usah ngapusi ..kalian kan sahabat, kanca kenthel malah
kata Bu Guru, pasti ada sesuatu kan mmungkin wae aku bisa bantu" Yudha
tetep ora nyerah mbujuki Pras supaya gelem crita "Yud, sebenere
pancen aku karo Pandu wis ora sapa aruh rong ndina iki, tapi iki merga
kabeh salahe koq, mosok buku diktat sing disilih Pandu ki ngakune
wis dibalikke seminggu kepungkur , padahal kenyataane durung mbalik ning aku,
nanging Pandu ngodro yen wis dibalikke pas dolan ning omah malah ganti nuduh
aku pikun jan nggregetke tenan bocah iku" pungkasane Pras crita dawa
"ooo...ngono to Pras, tapi memang nya sudah kamu cari ke tempat lain
selain di meja belajarmu Pras, ya siapa tahu bukunya ketlisut dimana
gitu?" Yudha nyoba takon kanthi ati-ati "apa kowe ya nuduh aku pikun,
lali ndeleh buku ning endi to Yud?" Pras rada muring-muring ditakoni ngono
"yo nggak gitu, aku kan cuman nanya...sapa ngerti gitu, ntar aku boleh kan
main ke tempatmu, tak nyoba bantu kamu nyari sekalian belajar bareng kaya
biasane, piye Pras?" pitakone Yudha "yo gak pa pa sih ,sinau bareng
wae ning nggonku Yud" jawabe Pras "iya deh...sip. sampai ketemu ngko
sore yo pras" *** Sejam sakdurunge.... "dadi ngono critane Yud, mosok
aku ki yo ngapusi to wong cetha cetha aku ki wis mbalikke bukune Pras koq pas
aku dolan ning omahe" "ooh gitu critanya Pan..hem mungkin saja Pras
lupa lali kalau buku yang kamu pinjam wis mbok balikke yo" ujare Yudha
"lagian Pras iku kan lalinan Yud, kowe ngerti dhewe kan muga muga sih
bukune pancen ming ketlisut, aku yo dadi ora penak gara-gara buku dhewe dadi
meneng menengan ngene, dikirane aku ora njaga amanah to"curhate Pandu
maneh "ya sudah kalau gitu, nanti sore kamu ikut aku saja kita sianau
bareng seperti biasanya, nanti sambil njelasin masalah ini biar selesai,
gimana?" "yo wis aku melu wae Yud, aku yo bakal ngganti bukune yen
pancen ora ono" *** sore iku ing omahe Pras "Pandu, aku njaluk
ngapura yo jebul buku diktat sing mbok balikke kae pancen wis tak tampa, tapi gara-gara
tak nggo sinau bengi-bengi nganti keturon malah tiba ning ngisor dipan, dhek
awan tak temu pas resik resik kamar.....maaf yo aku wis nuduh kowe rung
mbalikke" Pras ngomong sinambi ndhingkluk nalika Pandu lan Yudha teka ing
omahe "wah syukur nek ngono Pras, aku ki yo kepikiran terus, wis ora perlu
isin . aku yo njaluk ngapura amarga ngenengke awakmu....kosong kosong yo Pras
dhewe tetep kekancan to?" jawabe Pandu "he em ora ming kekancan tapi
seduluran" Pras ngomong sinambi ngrangkul pandu "nah gitu
donk...kalian kan sahabat baik, sudah seharusnya saling memaafkan dan berbaikan
lagi seperti ini" Yudha katon seneng amarga usahane kasil "maturnuwun
y Yud...kamu memang baik hati"ujare Pras lan Pandu bebarengan
"okeee...sama-sama yuk....sinau bareng e ndang dimulai"
0 komentar:
Posting Komentar