Dening : Ranti Tegar W / 24
Dina iku
isuk-isuk banget Ajeng wes tangi turu lan lungguh ing ngarep omah, arep
ngenteni bakul majalah edisi anyar. Ing njobo pager, ana wong lanang paruh baya
kang inceng-inceng omahe Ajeng. Ajeng sing penasaran pun mutusake marani wong
kasebut.
"Wonten nopo pak?" takon Ajeng karo mesem.
Nanging wong tuwo iku mung meneng karo terus ngawasi Ajeng.
Ajeng dadi wedi, akhire dekne mlebu lan kanda nanging Ibune.
"Buk, panjenengan tingali ing njobo wonten wong lanang
inceng-inceng ten pager nanging pas kula tangleti mboten jawab, kula wedi"
Ibune Ajeng akhire nginceng wong lanang kuwi saka jendela, lan melu
kaget.
"Sinten bu? Nopo panjenengan kenal?" takon Ajeng bingung
marang wajah ibune.
"Paling mung wong liwat" jawab ibune ajeng.
Pirang-pirang dino sakwise
iku, Ajeng lan kancane mlaku-mlaku ing Taman. Nanging pas arep nyabrang ing
dalan raya, Ajeng hampir ketabrak montor, untung e ana bapak-bapak kang narik
lengene Ajeng.
Ajeng semaput amarga kaget,
akhire bapak kuwi nggowo Ajeng ing Rumah Sakit. Gak suwe, Ibune Ajeng teko karo
nangis. Nanging Ajeng malah sibuk goleki bapak-bapak kang wes nulungi deweke.
"Kowe iki golek i sopo
toh nduk?" takon Ibune Ajeng.
"Bapak kang nulungi
kulo nikuwawu buk"
Ibune Ajeng pun melu goleki
Bapak kuwi, nanging ora ketemu. Ajeng ngerasa sedih amarga durung sempet
ngucapno matursuwun.
Bengine Ajeng lan Ibune muleh
saka Rumah Sakit, pas lagi ngenteni Taxi, tiba-tiba ana mobil sedan apik kang
mandek ing ngarepe. Kaca mobil e kebuka, ternyata ana Bapak-bapak kang gak
asing bagi Ajeng. Bapak kuwi sing pernah inceng-inceng ing omahe Ajeng lan
nulungi Ajeng awan maeng.
"Pak" sapa Ajeng
karo wajah melongo.
"Ayo numpak o, bapak
terke ing omahmu" jawab bapak kuwi.
Ajeng tentune seneng banget,
kapan maneh deweke iso numpak mobil apik kayak ngunu. Nanging ibune Ajeng ora
gelem numpak.
"Buk, panjenengan mboten
nitih nopo?" takon Ajeng bingung.
"Ayo numpak o, mengko
wae njelasno nang anakmu" tambah Bapak penolong kuwi.
Ibune Ajeng akhire gelem
numpak. Ing perjalanan, Ajeng bolak-balek takon marang Ibune , apa Ibune kenal
karo Bapak penolong kuwi. Nanging Ibune Ajeng mung meneng wae. Ajeng terus
mekso, sampek akhire Ibune pun gelem jawab.
"Bapak kuwi Bapakmu
nduk"
Ajeng meneng kelakep. Kahanan
ing njero montor dadi sunyi.
"Ibuk lan Bapak cerai
pas kowe isih 6 wulan, dadi bapak kang muk golek i slama iki wes ana nang
kene"
Mripat e Ajeng
kaca-kaca. Lan bapak penolong kuwi mandekake montor e ing pinggir dalan. Karo
nangis, Ajeng langsung meluk bapak e. Ajeng ngerasa seneng dan kaget, wong kang
slama iki terus nututi deweke ternyata bapake dewe. Akhire Ajeng pun ketemu
karo wong kang slama iki deweke golek i.
0 komentar:
Posting Komentar