Dening Farid Ardhiansyah
Ing sawijining dina , aku numpak kol katene ning salah siji Terminal , maringunu aku budhal ing jalur seng bener , pas iku teko salah sijine montor ireng mencolot metu tekan tempat parkir pinggir dalan neng kol seng tak tumpaki , sopir kol seng tak tumpaki langsung ngidheki rem jeru sampek ban kol nyeret lan mandek pirang centi meter tekan montor ireng iku mau.
Tukang sopir montor ireng ngetokno sirah tekan cendelo montor lan nyeneni kol seng tak tumpaki . Pak sopir mek mesem lan ngawe sopir montor ireng iku mau , aku heran karo kelakuane . Aku takon kenopo sampean ngelakoni iki ? , sopir montor ireng iku mau arep ngerusak kol seng sampean tumpaki , lan ngirim sampean ing rumah sakit ! , pas iku aku belajar tekan sopir kol iku opo sing di sebut Hukum Trek Kuning Langsat.
Wong kasebut njelasno tentang wong wong koyo ngunu. Wonge mlaku keliling ngais rejeki dadi yen enek sopir seng ngawur , ojo dipek ing ati , mesem mawon lan sabar . mari iku aku sampe Terminal lan langsung ngenteni bis tujuanku arep menyang Suroboyo ,
0 komentar:
Posting Komentar