Senin, 19 September 2016

MASUK SEKOLAH MENENGGAH ATAS “ SMA “

Dening : Syifani Tresya Zuanditta
            Pengalaman iki tak tulis sawise aku dadi siswa SMA Negeri 3 Jombang. Tulisan iki sengaja tak tulis kanggo tugas cerkak pelajaran bahasa jawa. Sakwise SMP mesti banjur SMA, lulus saka SMP nggawe aku kudu nggolek sekolah kanggo jenjang sing luwih dhuwur yaiku SMA. Aku bingung pengen sekolah ngendi iki ?, padahal yen didelok saka bijiku seng pas-pasan opo yo iso aku kelebu nang sekolah sing favorit ing Jombang iki. Nanging aku ora mikirne bijiku seng pas-pasan iki digawe daftar neng SMA Negeri 3 Jombang, akhire aku kelebu ing sekolah seng tak karepno yaiku SMA Negeri 3 Jombang, ngalahno sekian ratus siswa sing kepengen sekolah ing kene. Atiku seneng rakaruhan yen aku iso kelebu sekolah SMA Negeri 3 Jombang, senajan bijiku pas-pasan nanging aku iso kelebu ing sekolah favorit ing Jombang.
            Sakwise resmi dadi siswa SMA, aku diadhepake karo kegiatan sing jenenge MOS utawa (masa orientasi siswa).kegiatan iki cukup apik lan menantang gawe aku mergo awake dhewe arep ngenal masa SMA sing bedo karo masa SMP ndisik. Sakwise meloni kegiatan kuwi aku serius banget lan meloi dawuhe sing dikongkon saka kakak-kakak kelas, kakak kelas sing tak kirane galak-galak rupana iki jenenge kakak DKB nanging kakak-kakak kiwi njaba luwih becik ketimbang kiroanku.

            Di dinan paling akhir, kabeh dikongkon milih ekstra kulikuler sing di sediakake saka sekolahan, akeh banget kegiatan eksta sekolah sing di cawiske neng SMA Negeri 3 Jombang, kabeh wajib milih siji lan oleh luwih saka siji kegiatan iku. Sakwise kegiatan-kegiatan kuwi mau onk pengumuman pembagian kelas. Aku jelalah kelebu kelas X IPS-3, tapi nganti kelas XI sampek kelas XII aku tetep ing kelas IPS-3.
Share:

0 komentar:

Posting Komentar