Dening Firdaus Bagus
Nalika
sepedha motor sing ilang iku during ketemu, Pak Gendhon tanggaku sing brengose
nilamprang kaya warok Ponorogo, kuwi tansah muring-muring. Sebab ana sassus yen
seng nyolong pit montor mau si Gendhon, anake. Nadyan wis dak kandhani, ora
susah nanggapi kabar angina sing during karuwan juntrunge kuwi, nanging Pak
Gendhon tetep mbregudul. Jare, kupinge dadi panas yen ngrungokke.
“Nanging
Gendhon bener-bener dudu malinge, ta?” pitakoku mantebke.
“Ya ora
mungkin anakku tumindak nistha mangkono, “wangsulane tegas.
“Wiwit cilik
Gendhon iku bocah sing nurut. Aku pancen sing ndhidik mangkono.
Yen ta dheweke iku gelem nyolong, biasa ta, yen sing dijupuk kuwi dhuwitku
utawa dhuwite embokne?”
“Yen pancen
ngono, kena ngapa Pak Gendhon mesthi nesu-nesu?”
“Aku ora nesu. Sapa sing nesu? Aku mungkepenin nerangake nyang wong-wong
kuwi yen anakku becik-becik wae anane. Nanging wong-wong kuwi dha ra gelem
ngerti.”
“Apa kabeh tangga-tangga sing meri marang kesuksesane Pak Gendhon,
kaya-kaya kok ana empere. Selagine aku dhewe, sing ora duwe perasaan kaya
mangkono, gedhe cilik uga nyimpen rasa sujana jroning ati. Sebab, sak ngertiku
Pak Gendhon, lan anake iku ora duwe gaweyan kang mesthi.
Dheweke iku dudu petani, wong sawah wae yo ora duwe. Yen ono wong ngira Pak
Gendhon iku pedagang, malah ana empere, awit yen nyandhang memper banget kaya
dagang sapi. Nanging sejatine ya dudu. Sak ngertiku Pak Gendhon kuwi gaweyane
mung mrana-mrene. Embuh, menyang ngendi wae parane.
Nalika ing sawijining wektu bab iku sengaja dak takokake marang dheweke,
Pak Gendhon mangsuli, menawa menawa anggone lunga mrana-mrene lan apa gaweyane,
ora perlu dikuwatirke. Sing penting mulih bias nggawa dhuwit,” wangsulane karo
ngguyu nggleges. “Mosok sampeyan ki kaya ora ngerti wae. Asal sampeyan rak saka
kutha.” Lan aku uga melu ngguyu.
Ndalem batin aku kurang percaya. Nanging gendheng katone dheweke tetep ora
gelem ngaku apa gaweyane., mula amrih ora gawe gela atine, aku ngenggokake
gunemku menyang bab liya. Nalare, wong kaya Pak Gendhon sing sekolah SD wae
mbuh lulus mbuh ora, tur ora duwe ketrampilan liya, katone kok mung cocog
minangka kuli angkut beras ing pasar utawa paling dhuwur dadi manol ing
terminal. Lan iku kabeh ora mungguh karo kasugihane kang ngluwihi sugihe
tangga-tanggane. Apa maneh lungane, kaya sing bias dak gatekake, mesthi ora
kurang saka sepasar, malah sok-sok nganti rong minggu barang.
Dene Gendhon dhewe, nadyanaku wis meh limang taun dadi tanggane, during tau
sapejagong pisan-pisana. Pol-pole mung winates manthuk utawa mesem yen pas
pethukan ing ndalan utawa yen dhong liwat ngarep omah. Uga kaya Bapakkne,
Gendhon yen lunga ya nganti pirang-pirang dina lagi mulih.
Prasangka alane tangga-tangga marang Gendhon lan Bapakkne, dak kira
disebabake klawan sipate wong loro iku dhewe. Mbok menawa yen urip ing kutha
ora dadi masalah, nanging beda kutha beda ndesa. Urip ing ndesa wae digethingi
wong akeh amarga ora tau gelem teka kerja bakti utawa ora gelem nekani
bebrayane desa.
Sikap lan sipate Gendhon lan Bapakke iku pancen wis suwe dadi pocapan. Yen
olehe ora gelem srawung lan kumpul, ya olehe sok nyombongake kasugihane, ya
sing ora cetha apa gaweyane, lan sapanunggalane.
0 komentar:
Posting Komentar