Dening Imam Hidayatullah
Ing sawijining dina pas prei semesteran, aku lan ketelu kancaku dolan menyang kutho Suroboyo nitih sepur. Aku budal tekan stasiun Jombang sekitar jam setengah 5 isuk soale aku lan kancaku ncen sengojo golek sepur sing kelas ekonomi, maklum lah budale pancen ra patek bondo.
Sesampeke ning Suroboyo sekitar jam 8 aku lan kancaku mudun teko sepur maringunu langsung mlaku – mlaku nguteri kutho Suroboyo nganti awan. Mari mlaku – mlaku aku lan kancaku leren ning mesjid cidek stasiun wonokromo mesisan sholat dhuhur. Sakmarine sholat dhuhur aku lan arek – arek padha nggeletak dewe – dewe amerga kepegelen. Aku tangi nggugah kancaku soale adzan ashar wes krungu, aku gantian adus lan wudhu kanggo ngelakoni sholat ashar. Sakwise adus lan sholat ashar aku nerusake perjalanan karo kancaku dolan ning salah siji mall sing ana ing kutho Suroboyo.
Maringunu aku melbu ning mall lan nguteri mall kasebut, pas enak – enake mumet – mumet dadak kancaku padha sambatan lesu kabeh, yawes akhire awakdewe sepakat nggolek bakul sego goreng, nanging aku wedi yen duwitku karo duwite kancaku ngko kurang nek pas gawe mbayar sego goreng. Tapi salah siji kancaku ngomong nek areke ngowo sangu akeh lan gak usah khawatir nek mbayare kurang. Akhire 2 kancaku pesen sego goreng 4 porsi sak ngombene es teh lemon, jare kancaku nek mangan sego goreng terus ngombene es teh lemon iku cek iso diarani koyok wong kutho. Ncen kancaku podo kowa kowo wkw.
Sakwise mangan lan ngombe, yoiki hal sing paling gak disenengi karo arek – arek yoiku urunan gawe mbayar. Saiki wayahku lan salah siji kancaku sing nggowo sangu akeh gawe mbayarno. Sakwise duwit urunan ngelumpuk, aku lan kancaku ikumau langsung mlaku marani kasir bakul sego goreng sing dipesen kancaku mau. Nah urunane arek – arek mau 15 ewu dadi nek ditotal kan 60, lah kancaku sing sangu akeh ngomong yen kurang mengko tak tambahi. Dadakno pas ning kasir mbake ngomong yen enteke yoiku 80 ewu. Aku yo kaget kok iso enteke sakmunu akehe, tapi kancaku santai – santai wae amerga pancen areke ngomong yen sangune akeh. Tibake pas duwite ditokno mek garek 10 ewu. Aku wes mulai bingung amerga kancaku wis nggrayah sak celono ngarep ngguri pancet gak nemokno duwit, jarene areke mungkin duwite lugur pas mlaku – mlaku awan maeng.
Akhire gelem gak gelem mek mbayar 70 nang mbake lan njaluk sepuro sing akeh amergo mbayare kurang. Pas kedaden iku aku isin sak isine amerga akeh arek wedok sing nguasi, untung ae mbak kasire gelem ngerteni lan nerimo duwit 70 ikumau. Sakmarine mbayar aku langsung ngureng – ngureng kancaku ikumau, nanging areke mek cengar cengir koyok gak nduwe salah. Terus aku mbalek ning stasiun wonokromo sekitar mari magrib soale sepure budal menyang wonokromo sekitar jam 8 bengi.
Sesampeke ning stasiun aku lan kanca – kancaku sholat magrib lan isya ning musholla sing ana ning stasiun karo turu – turu ngenteni sepure teko. Terus jam 8 luwih titik sepur sing dienteni teko, aku lan kancaku langsung melbu maringunu nggoleki nomer panggon lungguh. Ning njero perjalanan aku lan arek – arek padha turu sampe tekan stasiun peterongan amerga awake wis padha pegel kabeh.
Sepure teko stasiun Jombang jam setengah 10 bengi, terus mudun lan moleh ning omahe dewe – dewe kanggo nerusake turu ikumau. Iki pengalaman sing berkesan lan gak bakal tak lalino.
0 komentar:
Posting Komentar