Dening Abdillah Agustya Siwi
Sawijining dina ana bocah sing jeneng e Putri. Putri iku duweni kanca
cedek sing dijeneng i SPG (Sing Penting Guyu) yaiku Putri, Elis, Paijo, Fika,
lan Neni. wektu iku SPG pada ngrembug ing ngarep kelas wektu wis muleh sekolah.
Deweke iku isih kelas 1 SMA ing salah siji sekolah apiking daerah kasebut. Wektu guyon guyon, Putri gak sengojo nguwasi
bocah sing melbu masjid sekolah. Putri rumangsa ora tau ngerti bocah iku.
Dikira putri bocah iku bocah pindahan. “heh rek, bocah iku sopo ? kok ra tau
ngerti sekolah kene yo ?” pitakon putri menyang kanca kancane. Tapi kanca kanca
ne podo gak ngereken putri, pada guyon dewe dewe.
Sesuk isuk e wektu Putri budal
sekolah ra sengojo Putri ketemu bocah lanang sing wingi dikiro bocah pindahan
ing parkiran sepedah. Putri wes penasaran sopo bocah kuwi. Putri ngetutno ing
mburine bocah kuwi supoyo isok ngerti bocah kuwi kelas opo. Wektu ngetutno ing
mburine, tibak e bocah iku melbu kelas Akselerasi. Ing sekolah kuwi ana 10
kelas, yaiku 4 kelas social utawa ips , 5 kelas ipa lan 1 kelas akselerasi
yaiku kelas kang istimewa amarga sekolah e mek 2 taun ing SMA. “oalah, cah kuwi
kelas aksel toh. Mangkane ra tau tumon cah kuwi.” Batin putri ing atine. Roso
pingin eruh sopo cah kuwi wes ilang. Saben sesuk Putri mesti ketemu cah kuwi
terus amarga podo podo lewat lorong e. roso pingin weruh luwih lanjut Putri
mucul maneh. Ing kelas putri takon menyang SPG, “ heh rek deweke weruh opo ora
sopo cah aksel sing mesti sholat ing masjid kuwi ?” pitakon putri. “cah aksel sopo toh ?” pitakon balik Neni.
“yaelah malah takon balik. Kowe weruh gak Jo?” takon putri marang paijo sing
isih tas teka kelas. “weruh opo toh put
? aku isih tas teka yo ra eroh opo opo.” “iku loh Jo, putri takon sopo bocah
kelas aksel sing mesti sholat menyang
masjid kuwi.” Pitakonan Paijo dijawab karo Neni. “oalah. Yo ra ngerti toh put,
kan yo akeh sing sholat ing masjid.” “iso se. yo mengko tak weruh I wektu dekne
sholat ing mesjid. Aku ra tau ngerti sopo deweke, mangkane aku pingin ngerti
luwih lanjut. Yowes aku piket sek yo.” Jawab putri.
Bel sekolah wes muni, nandakake
wektune muleh sekolah. Putri gak pingin muleh sek amarga roso penasarane karo
cah aksel sing njupuk roso perhatiane. Kanca kanca ne podo langsung muleh
amarga pada lesu. Wektu kanca kanca ne isih tas moleh, bocah kuwi liwat kelas
kate sholat meyang masjid. Putri sing niat e weruhi cah kuwi marang kanca kancane ora isok amarga
kanca kancane podo muleh. Amarga kanca kanca ne pada moleh, putri melu moleh
pisan. Ing omah putri nggolek informasi
tentang bocah kuwi ing Sosial
Media. ing kelas akselerasi putri nduweni kanca, putrid nggolek informasi
ing akun Sosial Media ne kancane iku
laaaaannn akhir e ketemu sapa bocah kuwi. Bocah kuwi tibakne nduwe jeneng yaiku
Jaka. Akhir e mboh piye ceritane akhir e Putri isok komunikasi ambek Jaka. Jaka sifat e kuwi cuek koyok es. Amarga cuek
e sing kaya es kuwi putri dadi seneng marang jaka tapi putri ora wani ngomong
e. putri ngeroso dewek e karo jaka kuwi bedo. Jaka ing dunyo ne mung sinau nanging
putri ora terlalu mempengi sinau. Nalika sakmlakune wektu sampe putri kelas 2
sma lan jaka perrtengahan semester kelas 2 SMA. putri lan jaka tambah cidek lan
luwih akrab. Tambah akrab putri ngerti masa
lalu ne jaka, putri ngerasa ra pantes nyandingi jaka, putri ora wani ngarep
luwih tekan jaka. Amargane iku putri mung nganggep kanca biasa marang jaka,
putri ngilangake roso tresna marang jaka. “rek, aku kudu piye maneh ? awakdewe
podo bbman terus, aku ora iso ngelaliake jaka.” putri cerito marang kanca kanca
cidek e yaiku SPG. “ojo kebangeten tresna marang jaka put. Lara ati mengko lek
ngerti deweke mlaku karo wadon liya.” Pesen fika. “iyo put, bener omongane
fika. Anggep kanca wae.” Tambah paijo. “naning, lek awakmu bener bener tresna
yo perjuangno ora opo opo. Kanca kanca mu iki mung iso dukung sak senengmu.”
Tambah neni. “yowes cah, sakmlakune dalan wae yo.jaluk pandongane wae sg apik
iku kepriye.” Jawab putri.
Sawijining dina, ketepakan jaka
ulang tahun, putri ngucapake menyang ngarep kelas e. amarga iku kanca kanca
kelas putri lan kanca kelas e jaka pada ngerti. “hbd yo jak. Mugo mugo tambah
umur, iso luwih apik tekan taun dekwingi.” Omong putri ngucapake marang jaka. “suwun
yo put. aamiin” jawab jaka. “ehem ehem ciee” kanca kanca ne jaka pada nggarai
jaka lan putri tekan lawang kelas. Tambah dina tambah akrab antarane jaka lan
putri. Ulang taun jaka lan putri selisihine mung 8 dina. Wektu ulang taun e
putri, jaka ngucapake isuk lan ngejak putri muleh bareng. “hbd yo put.
Pandongaku kanggo putri mung apik apik tok. Eh put, mengka wektu muleh sekolah
muleh bareng yo. Mlaku bareng yo sepedahku tak deleh ing sekolahan wae.”
Ucapake jaka.” Eh suwun jak tak kiro kowe ora ngerti tanggal lair ku kapan. Iyo
jak ayo moleh bareng. Wes yo ayo sholat subuh disek trus ados trus budal
sekolah”, “ iyo put”
Bel moleh sekolah wes muni, putri
lan jaka moleh bareng. Jaka ngeterake putri menyang kosan e putri. Pas wis
tekan ngarepe kos, jaka moro moro ngekek i
kembang marang putri lan ngomong lek jaka tresno marang putri. Putri
kaget amarga ora nyongko bakalan koyo ngene. Trus sak marine iku hubungane jaka
lan putri luwih lan luwih cidek lan akrab ora koyo sakdurunge. Dino wes ganti
wulan. Hubungane tambah lancer wae ora ono masalah. Masio ana masalah iso
dirembug ake alon alon. Naming ana wektune jaka mulai repot ambek tugas tugas
se amarga dewek e wes mulai munggah kelas 3. Gelem gak gelem, iso utawa ora
iso, putri kudu iso pangerteni kondisi
ne jaka. Mulai sajake iku jaka lan putri jarang komunikasi . putri sabar ngenteni jaka . “jak, ana opo ? kok kowe
jarang ngabari aku toh ? akeh opo tugasmu ?” pitakon putri nelongso.”sepurane
put, aku ora iso bagi wektuku. Tugasku akeh, sepurane sing akeh wes gawe awakmu
nelongso. Aku kudu nyiapake gawe unas lan liyan liyane.” Jawab jaka “yowes,
kowe iku tak enteni ojo sampe kowe ngecewakno aku loh yo jak. Mugo mugo iso
kalebu menyang ptn ingkang kowe karepake.” Putri sabar ngenteni jaka sing
repot.
Sawijining dina wektu preian sekolah
taun baru. Jaka lan putri wes ora tau komunikasi
blas. Jaka ora tau ngekeki kabar marang putri senajan putri mung iso sabar
ngenteni kabar tekan jaka. Wektu iku putri ngerti menawa jaka wektu preian jaka
ngegame ora sinau koyo opo sing di omongake marang
putri. Putri nelongso naing putri isih pancet sabar ngenteni. Kanca kancane
putri yo sabar ngerungokake cerito nelongsoe putri. SPG utawi kanca kancane
putri mesti ngekek I semangat kanggo putri supaya iso sabar ngenteni jaka.
Wulan wis ganti, para murid SMA podo nyiapake kagawe unas kang garek ngitung
dina. Putri ora lali ngekeki pangucapan semangat marang jaka. Wektu jaka unas
putri melu dongaake kanggo jaka. Seminggu sakmarine, unas wis rampung. Naning
jaka pancet ora ana kabar e. “cah, aku kudu kepriye saiki ? jaka ora iso
dihubungi. Opo rampung wae yo ?” pitakon putri marang SPG. “coba takokono apik
apik marang dek e.” jare neni. Moro moro fika teko ambek mlayu ngos ngosan.”put
menyango gazebo sekolah, cepet!” perintahe fika. “ono opo fik ?”pitakn putri
bingung. “west oh gausah kakean omong. Mrono o cepet !” . putri langsung
menyang gazebo koyo sing diperintahake fika, tibak e ing kono ana jaka lan
kanca kanca ne. padha menyang sekolah amarga bakal latihan angklung. Putri
marani jaka lan ngejak ngomong jaka mung wong 2. “jak, maksudmu kuwi opo ? lapo
kok ora tau isok dihubungi ? awakmu kenek opo toh asline ? ayo jujur karo aku
ora popo.” Takon putri, putri wis ora iso luwih sabar maneh ngadepi sikap e
jaka marang dewek e. “hpku rusak put, sepurane raiso ngehubungimu. Entenono
seminggu maneh hpku bakalan aku benakake ben iso ngehubungimu.” Jawab jaka.
“trus kepriye kepinginanmu asline jak ? kepingin mari toh ? yen ngunu yowes aku
mung manut keputusanmu kepriye.” “loh put, yen penjalukanmu marang aku bab
keputusan, sepurane put aku raiso njupuk keputusan. Aku isih labil. Sak karep
mu ae lah put. Aku manut” timpal jaka. Putri jengkel jaka raiso njupuk
keputusan amarga penilaiane menurut putri jaka kuwi wong e wes gede pemikirane
tibakne salah. “kepriye to jak. Yen rampung yo ayo, yen terusake yo ayo pada
pada njagane.” Jaka njawab “ayo pada jagane ae put, naning entenono yen pingin
tak kabari amarga hp ku isih rusak. Kepriye ? gelem opo ora ?” pitakon jaka
marang putri. “yen aku she iyo iyo wae jak. Tak enteni. Kabeh wektu iki yo aku
ngenteni kowe. Yowes yen ngunu aku pamit jak.” Pamit putri marang jaka. “iyo
put ati ati.”
Niate putri kepingin ngrampungi
hubungane ambek jaka gagal, ora sido amarga jaka ora gelem. Sewetarane dina,
putrid ketemu karo jaka ing salah sijine kedai pangan ing daerah kunu. Ing kunu
jaka koyo ora tau kenal karo putri. Putri loro ati. Wiwit iku putri nganggep
hubungane karo jaka wis rampung. Teka omah putri nelongso lan nangis, dewek e
bingung kok iso jaka nindakake marang putri. Sewetara sasi mengka, putri iso
bener bener ngelaliake jaka sak kepenuhne. Putri wis iklas moro moro ditinggal
jaka kaya ngunu. Putri njupuk ing sisi positif e wae, mungkin Gusti Pangeran
wis nduweni rencana dewe. Yaiku putri dikongkon fokus marang kelas 3 ne lan
marang agamane. Putri mesti dongaake kebahagiaane lan putri percoyo yen KARMA
iku ono.
0 komentar:
Posting Komentar