Dening : Chafid Illham
Idul Adha yaiku pengetan hari raya wong
islam kang biasane dilakoni satahun kaping pisan utowo ben tanggal 10
dzulhijjah ing tahun hijriah. Peristiwa iki dimulai nalika aku takbiran nganti
pendistribusian daging. Takbiran iku dimulai ba’da sholat Isya’. Aku, Helmi,
lan ozik bergas budal menyang mushola gawe damping bocah – bocah TPQ gawe
takbir keliling. Aku lan kanca – kanca podo dadi panitia ing acara takbiran
desa kuwi mau. Sawise takbiran ayah ngengken aku gowo Hewan Qurban yaiku wedus menyang
musholla. Aku lan kanca – kanca padha kangelan lan kuwalahen nyeret sing
jenenge wedus kuwi mau. Tapi dengan kekompakan e kanca – kanca akhire wedus
kuwi mau nyampek tekan musholla. Kanca- kanca padha ngucap takbir “allahu akbar.. allahu akbar.. allahu
akbar.. laa ilahailallahu allahu akbar.. allahu akbar.. walillahilhamdu”
ing mushollae dewe – dewe. Jam nunjuk ing angka 23.30 WIB. Aku lan kanca –
kanca banjur turu supaya mene mboten karipan sholat idul adha.
Wayah wis mulai
isuk, para pitik ws kluruk kabeh. Aku banjur nglakoni ibadah sholat trus adus
gawe budhal sholat ied ing masjid cedak omah. Mari sholat mulailah acara
penyembelihan hewan qurban tapi sadurunge iku ana acara mangan bareng. Aku,
helmi, lan ozik kebagian nyiseti kulit wedus lan beteti daging wedus supaya
daginge bisa dibagiaken marang masyarakat sekitar. Kurang luweh 2 jam beteti
lan nyiseti wedus iku mau banjur aku diutus bapak – bapak ngumbah usus sapi,
wedus lan sapanunggalan usus iku mau. Mas agus diutus kengken nyetir bentor
alias becak montor lan direwangi kaliyan mas slamet. Aku lan kanca – kanca
padha numpak ing ngarep ditambah siji kanca maleh yaiku Eky. Banjur sampek ing
kali kanca – kanca padha nyepak ing panggonan sing penak kangge buang kotoran
ing jero usus lan sapanunggalane kuwi mau. Amarga kancaku sing jenenge ozik iku
bocahe usil, dheweke garai kanca liyane “hel, awas mburimu enek ulo !” ujare
ozik. Helmi nyauti “hah iyo ta ? ndi ?”. “hahaha.. ozik ngguyu amarga ora enek
ulo” saute ozik, padahal mung kain perca sing dibucal ing kali. Amarga wes
rampung kabeh, usus iki mau arep digowo balik menyang musholla.
Ing perjalanan
suasana dalan rame banget padahal dina iku dina prei nasional. Waktu perjalanan
ana kedadeyan sing ora keduga kanca – kanca. Enak – enak guyon lan rame moro –
moro bentore gak imbang. “Mas agus kok bentore gak imbang kenek opo ?” takone
eky marang mas agus. “Ora ngerti le,paling kabotan muatan iki terus dadi gak
imbang.” Jawabe mas agus ambek nyetir bentor. Amarga kanca – kanca ora ngerti
sebabe, dikira iki mung guyonan bae. Kanca – kanca tambah mencolot – mencolot
amarga lagi enak guyon. Gak suwi kanca – kanca padha bengok “wwweee… weee..
kenek opo iki kok tambah parah”. Mas slamet jawab “ojo guyon ae le, iki bentore
gak imbang”. “hahaha.. terusno mas agus enak iki” pikirku ngunu. Akhire bentore
gak kuat lan geblak kabeh. Kanca – kanca padha nyelamatke awake dhewe – dhewe.
Aku banjur mencolot lan minggir kangge nulungi kancaku sing ijek nang tengah
dalan. Alhamdulillah mas agus, mas slamet lan kanca – kanca padha selamet kabeh
tapi bentoripun rusak lan bengkong amarga natap dalan. “Apa gara – gara ngajak
wong sing jenenge slamet kuwi yo ?” Pikirku karo ngguyu ing ati.
Perjalanan
dillanjutaken nganti tekan musholla gawe kendaraan sakbisane. Ing musholla
daging lan usus kuwi banjur dibagekake marang masyarakat sekitar. Aku lan kanca
– kanca padha ngobati luka kecelakaan mau, sakwisepun banjur bakar sate daging
wedus sing oleh amarga dadi panitia idul adha
iku mau. Peristiwa iki terus dieling kaliyan kanca – kanca nalika
pengetan Idul Adha. Amarga “olehe bangun kekancan iku gak segampang golek
kanca” iku sing dadi prinsipe kanca – kanca ben rapet hubungan kekeluargaane.
0 komentar:
Posting Komentar