Senin, 19 September 2016

Impian

Dening : Taufiq Hidayatulloh

Dina iku cerah banget hawane, srengenge ne sumringah metu tekan etan. Doni tangi turu banjur adus lan shalat, mari shalat dheweke nyepakno salin sragam gawe sekolah lan budal sarapan. Sawise sarapan, Doni njupuk sepeda lan budhal menyang sekolah.
            Satekane nang sekolah, Doni melbu kelas. “Assalamualaikum!!” Salam Doni marang kanca-kancane. “Waalaikumsalam!!!” Jawab kanca-kancane Doni. Suasana kelas wis mari bel masuk lan arep ngaji bareng.
            “Mugo-mugo dina iki akeh jam kosong rek!” Doni nutup Al Quran lan ndeleh nang sajrone tas.
            “Ana apa Don kok dunga akeh jam kosong?”, wangsulane Siska pas nyapu ing nisore meja.
            Jarum jam wis nang angka 8 lan 12, iku tandane jam 1 lan 2 wis mari, bel jam ke 3 krungu. Jam ke 3 lan 4 gurune gak melbu maneh.
Jam 09.30 ana bel krungu iku tandane wis wayahe ngaso. “Sin, Jo ga arep nang kantin?” Doni takok.
“Yo tak mari ne penggawehanku sek Don!” jawab Sinta lan Jo lungguh nang bangku sandinge.
Sawise nggarap tugas, Doni, Sinta, lan Jo budal nang kantin. Ing kantin ketemu kanca saka kelas liya.
“Don, kelasmu maeng kok ruame ana apa?” Omonge Tyas arek kelas sandinge kelase Doni.
“Maeng nang kelasku rame amarga jam kosong Yas”
“Oalah pantes” Panganan sing dipesen wis diterna karo ibu kantin.
“Wis Yas, aku arep mangan sek yo” saut Doni.
“Yo Don”, jawab Tyas.
Sawise nang kantin, Doni lan kanca-kancane mbalik nang kelas. Jam 5 lan 6 wis mulai, tapi gurune ga ana nang kelas. Jam 7 lan 8 uga gurune ga melbu nang kelas. “Iku tandane dina iki maeng jam kosong terus, alhamdulillah iso nang kantin tuku mangan, jam kosong, ga enek PR, ga enek resume, rasane merdeka!!” atine Doni bungah banget.
            Jam 1 awan, bel mulih wis krungu. Doni metu saka kelas lan ang masjid kanggo shalat dhuhur. Sawise shalat Doni budhal les nang bimbel. “sugeng siang Bu Mirna” sapa Doni marang Bu Mirna pas melbu ruang les.
            “Yo le, wis ndang melnu nang kelas, ndang didelok jadwale apa!”, wangsulane Bu Mirna karo ngguyu.
            “Inggih bu!” Jawab Doni karo mlaku nang kelas.
            Pas nang kelas, listrik nang ruangan iku mati, kabeh murid pada rame lan jerit-jerit. Akhire les e gak sido lan arek arek dikongkon mulih.
            “Alhamdulillah dina iki maeng rasane merdeka banget!!” bengok Doni pas teka omah.
            Dina iku ancen dina sing bener-bener spesial kanggo Doni amarga sedina isine jam kosong nang sekolah, isa dolen nang kantin, lan dulinan nang kelas. Ora mung iku, nang panggon les yo ga sida les soale listrik mati, merdeka pokoke. Tapi gara-gara pitik e wis berkokok, Doni akhire tangi saka turu e, ternyata iku maeng kabeh mung “impian” e Doni pas turu...
           

             
Share:

0 komentar:

Posting Komentar