Senin, 19 September 2016

Larik-larik Kematian Tomino

Dening : Rizki Agista Candra

Duri-duri berkilauan dari atas gunung
menancapkan duri ke dalam daging yang segar,
Sebagai tanda untuk Tomino yang lucu

            Naruma Hiruko sakkilas maca nang ati gatra keri dhewe ing kertas sing ana ing ngarepe.
            “Apa iki, Ayase?”
            “Geguritan ngunu loh. Deloken! Kaya ana sing aneh toh, Naruko?” Shimazaki Ayase biasa nyeluk Naruma Hiruko dadi Naruko.
            “Kabeh aneh. Kertase kaya wis tuwa, tulisane murat-marit, lan ora enak diwaca.”
            “Aku mungut iki katutup awu saka loteng omahku wektu resik-resik wingi. Wacanen ana ing ati! Isine bisa nggarai kowe merinding. Piye yen awakdhewe metik misteri geguritan iki dadi artikel gawe lomba?”
            Naruko maca geguritan sing judule Neraka Tomino iku ana ing jero ati. Pirang larik geguritan iku pancen gawe Naruko getun. Kok bisa ana wong nulis geguritan sing saben larik bisa gawe wedi lan merinding? Apa wae sing wis dilakoni wong iku kanthi bisa nulis geguritan kaya ngunu mau? Pitakonan iku terus melok ing pikirane Naruko kanthi mlaku muleh menyang omah.
            Wektu iku taun 2001, Naruko lan Ayase melu klub sastra ana ing SMP Yamada. Naruko seneng maca novel action lan romantis, beda kaya Ayase sing luwih seneng maca artikel utawa cerkak horor. Naruko lan Ayase kudu golek artikel kang bisa narik kawigaten juri gawe lomba sastra ing prefektur Shizuoka, Jepang.
            “Deloken iki! Aku nemu koran iki ana ing gudang olahraga lawas. Iki bisa dadi petunjuk ngenani misteri geguritan iki.” Ayase ndelokake koran sing tulisan terbite taun 1987. Ing kaca ngarep akeh irah-irahan berita kang nggarai Naruko kaget, kayata “BOCAH KELAS PAPAT SD DITEMUKAKE MATI ORA ANA SEBAB”, “DITEMUKAKE GEGURITAN ING CEDAKE MAYAT BOCAH SD”, lan “BOCAH SD MATI AMARGA GEGURITAN?”. Naruko maca berita-berita iku sakkilas.
            “Katelu berita iki ana hubungane. Lan irah-irahan geguritan sing ditemukno iku... Neraka Tomino.” Naruko sing ngomong melu kaget.
            “Kan wis dakkandani yen ana sing aneh marang geguritan iki. Deloken! Jeneng bocah SD sing mati mau Hanare Jiro, dheweke biyen urip ing omahku. Sekolah iki biyene SD, lan saka taun 1988 diganti dadi SMP. Hanare Jiro sekolah ing kene biyen. Anehe, wektu aku menyang perpustakaan, ora ana artikel blas tentang kasus iki. Lek menurutku, kasus iki ditutup-tutupi. Kasus segedhe iki ora mungkin ditutup soale bakal dadi crita horor sing bisa dadi trending topic kanthi generasi mben. Kan keren yen awakdhewe bisa ngangkat crita iki maneh menyang publik. Aku yakin artikel iki bisa menang.”
            “Sakkarep lah. Yen pingin dulinan detektif-detektifan, aku mung bisa mikir, ora melu ngganggu barang alus.” Jawabe Naruko enteng lan ndeleh koran sing mau dicekel.
~.~.~
            Saben dina, Ayase lan Naruko terus nggoleki informasi kanggo mecahno misteri iki. Apa maksud saben larik ing geguritan iki? Kok bisa geguritan kaya ngene mateni wong? Piye kronologis geguritan iki bisa mateni Hanare Jiro? Lan sing paling dadi misteri Sapa Tomino iki?
“Aku wingi nang kantor polisi lan entuk informasi. Dadi, Hanare Jiro iki anak siji-sijine Hanare Yugo lan Hanare Mia. Hanare Yugo yaiku bapake Jiro dadi korban kecelakaan sak taun sakdurunge Jiro lan ibune pindah marang omahku sing saiki. Rong taun engkas Jiro ditemokake mati amarga tenggorokane pecah lan ana geguritan ing sandinge mayite. Ibune ora bisa terima karo kondisine anake sing wis ora ana nyawane, mula nyoba bunuh diri nanging gagal terus. Mosok ngunu tok sing kate ditulis nang artikele? Bisa kalah awakdhewe.” Ayase lungguh ana bangku ngarepe Naruko karo madhepno sirahe mandhuwur.
“Wis takkandhani ayo nggawe sumber liya wae. Lek ngene kapan bisa mari? Padahal rong minggu engkas artikele dikirim. Akeh sumber liya kayata...” Omongane Naruko dipedhot karo Ayase.
“Aku emoh. Awakdhewe kudu nggoleki titik engkas, usaha titik maneh wae. Aku pingin nekani sumbere langsung. Ayo melu aku nang omahe Hanare Mia saiki. Aku oleh alamate saka kantor polisi.”
Wong tuwa sing ketok bungkuk mbukakake lawang. Iku temenan Hanare Mia soale raine pada persis kaya ing koran cuma ketok tuwa. Saben Ayase lan Naruko takon ngenani masalah Jiro lan geguritan iku, Hanare Mia mesti muring-muring lan nangis. Dheweke takon karo muring-muring “Geguritan iku kok bisa mbalek utuh? Geguritan iku wis tak obong 14 taun kepungkur.” lan ngandani “Aja maca geguritan iku banter-banter utawa ngrungokake wong maca geguritan iku.”. Hanare Mia bolak-balik ngusir lan ngancem Ayase lan Naruko nanging dheweke terus mbalek gawe golek informasi.
Dina iki wis kaping telu dheweke diusir saka omahe Hanare Mia. Ayase lan Naruko wis kailangan semangat kanggo mecahno misteri iki. Dina iki wong tuwane Naruko lunga menyang omahe dulur. Naruko dhewean ana ing omah. Sakmarine adhus, Naruko nguwasi ana kertas ing dhuwur meja  kamar. Ora angel gawe ngenali kertas apa iku. Iku geguritan Tomino. Naruko getun kok bisa geguritan iku ana ing kunu. Padahal geguritan iku mesti digawa Ayase. Pas Naruko kate nyekel geguritan iku, dheweke krungu suara klontangan ing dapur lan suara sikil mlaku. Dheweke nginceng saka jero kamar lan ora ana sapa-sapa. Naruko njupuk geguritan mau terus dilempit lan dilebokno dompet kate dikekno marang Ayase mene pas sekolah.
“Ping pisan kowe nyekel iku, kowe ora bakal bisa mlayu.” Naruko tangi amarga suara bocah wadon sing medeni. Iku mung mimpi nanging kok ketok nyata banget? Pikire Naruko. Dheweke diuber-uber karo bocah wadon sing sikil e bisa ngawang ing jero mimpi.
Ing sekolah, Naruko nyritakake mimpi lan kedadean aneh wingi bengi marang Ayase, nanging Ayase ngomong yen geguritane pancet ana ing laci mejae Ayase lan ora tau digawa ing omahe Naruko. Anehe maneh, pas Naruko kate ngetokno geguritane saka dompet, geguritane wis ora ana.
“Kowe gelem gak wengi iki turu ing omahku? Aku dhewean, wong tuwaku pada metu ing joboh kutha. Sakmarine aku nemu geguritan iku, kaya ana sing ngetutno lan ngganggu aku. Aku ngerasa kaya diteror. Mangkane aku pingin ndang marikno misteri iki.” Ayase ngomong karo ndelok tangane sing gemeter.
~.~.~
Wengi iki, Naruko turu ngancani Ayase ing omahe karo nyoba mecahno misteri iki. Cakut ping siji iki Naruko nginep ing omahe kanca. Naruko ket cilik ora tau nduwe kanca apik kaya Ayase. Ket cilik Naruko nduwe kaluwihan bisa ngrasakno barang alus, nanging dheweke ora gelem ngetokno marang Ayase. Naruko mesti diadohi kanca-kancane gara-gara gelek ngomong dhewean, padahal dheweke diajak ngomong karo barang alus. Mula dheweke ora gelem ngandani Ayase.
Omahe Ayase sing rong loteng pancen gedhe nanging ketok rungsep. Ora ana ventilasi kang cukup mula ketok peteng amarga sinar matahari arang sing bisa melbu. Ayase ngajak Naruko ndelok-ndelok gudang ing loteng dhuwur sing pas Ayase nemokno geguritan mau. Ing mripate Naruko, gudang iku akeh energi negatife dadi Naruko ora kuat suwi-suwi ana kunu. Pas Naruko lan Ayase kate melbu nang kamar, krungu suara klontangan nanging ora eruh saka endi suara iku. Ayase lan Naruko ngetutno suara iku, dheweke mandhek nang ngarep tembok. Anehe, warna cat tembok iku mau beda kaya warna cat sebelahe. Pas Naruko ndemek tembok mau, sirahe ngelu lan kate tibo kaya ana sing ngantem. Naruko pingin njebol tembok mau, amarga dheweke yakin yen ana apa-apa ing kunu. Ayase mlayu nang loteng dhuwur gawe njupuk linggis lan kapak gawe njebol. Tibake ana lawang sing dilepoh karo semen sing ora pati kuat. Pas dibuka, tibake iku basement. Ing mripate Naruko, akeh warna abang lan ireng ing basement iku, tandane akeh roh jahat lan energi negatif sing kandel. Naruko bolak-balik muntah amarga ora kuat ngrasakno energi iku. Pas kate mbalek nang kamar, sikile Naruko kaya ana sing nggoceli sampe dheweke nangis lan tibo.
“Bu, kula saget ndamel geguritan piyambak. Panjenengan tingali.” Bocah wadon sing lungguh ana ing kursi roda nunjukno ekspresi bungah banget lan nduduhno kertas marang wong tuwa ing ngarepe.
“Apa toh, Tomino? Ora eruh pikirane ibu iki sumpek ta?” Wong tuwa mau njupuk lan maca tulisan ing kertas iku. Wong tuwa mau kaget banjur mripate dadi abang.
“Iki apa toh? Kok bisa kowe nggawe geguritan kaya ngene? Iki maksude apa? Uripmu apa mung mok gawe nggawe barang kaya ngene? Apa kowe ora diulangi nang sekolah cara nggawe geguritan sing apik? Terus lapo aku pegel-pegel jungkir walik nggolek dhuwit gawe mbayar sekolahmu tok? Kowe kok mung iso nyusahno ibu tok seh? Mok pikir aku ora pegel ngurusi kowe? Kowe ora bisa lapo-lapo, sampek mati yo mung nang kursi roda. Ora tau ngewangi ibu nggolek dhuwit, ora bisa ngewangi resik-resik omah. Terus gawe apa aku ngelahirno kowe?” Wong tuwa iku mau murka sampek nangis lan raine dadi abang. Bocah iku mung bisa nangis lan nyekeli tangane ibune nanging terus diculno karo ibune. Wong tuwa mau nyurung kursi rodae anakke lan nglebokno anakke nang jero basement sing peteng banjur ditinggal dhewean lan ora diwenehi mangan blas. Ibune ninggalno omah iku nanging Tomino isih ana ing kunu. 5 dina engkas, Tomino ditemokake mati dehidrasi.
Naruko mbuka mripate sing rasane abot banget.
“Naruko, kowe ora apa-apa? Aku rasane wedi banget moro-moro kowe semaput suwi. Aku bingung ora bisa ngangkat kowe dhewean. Dadi aku mung bisa ngangkat kowe sampek ngarep lawang basement tok.” Ayase nguwasi Naruko sing jek bingung. Naruko titik-titik ileng marang kedadean sing wis didelok Naruko ngenani bocah cilik sing jenenge Tomino iku banjur nyritakno marang Ayase.
“Kowe kok ora ngomong nang aku ket biyen lek bisa ndelok barang alus?” Mripate Ayase ketok ngetokno banyu.
“Sepurane, Ayase. Aku ora gelem keilangan kanca apik maneh gara-gara aku bocah aneh sing kadang-kadang ketok ngomong dhewe lan kanca-kancaku ora percaya marang omonganku. Nanging kaluwihanku iki ora sempurna. Aku mung bisa ngrasakno lan ndelok warna energi ing sakitarku, ora bisa ndelok sing nyata. Aku biasane bisa ndelok barang alus mau mung lewat mimpi kaya mau. Lek kowe kate ngadohi aku gara-gara iki, aku ora apa-apa kok.” Naruko nangis lan nutupi mripate karo tangan. Ayase moro-moro ngrangkul Naruko.
“Bodoh, aku gak mungkin ngadohi kowe. Aku sayang karo kowe, sahabatku siji-sijine. Aku mung kecewa kowe ora ngandani aku ket biyen. Lek eroh lak misteri iki cepet mari.” Ayase mbisiki Naruko terus ngeculno rangkulane. “Saiki awakdhewe wis mecahno misteri iki. Aku yakin Tomino sing nuntun awakdhewe rene. Dheweke mesti wis seneng saiki.” Ayase lan Naruko nutup lawang basement mau terus mlaku menyang kamare Ayase.
Jam nang kamare Ayase nunjukno wis tengah wengi. Naruko moro-moro tangi amarga ngelak. Ayase wis ora ana ing sandinge Naruko. Naruko yakin dheweke mesti tangi dhisiki. Naruko bingung nggoleki pawon amarga Ayase ora ngandani panggonane. Naruko nguwasi ana bocah cilik mlayu-mlayu. Ora ketok jelas sapa iku amarga panggonane peteng. Naruko ngetutno bocah mau lan bocah mau ilang nang dalanan loteng. Ing loteng dhuwur paling ujung, Naruko krungu suara wong wadon ngomong. Naruko marani suara iku iri-iri. Jantunge Naruko ndredeg luwih kenceng saka biasane. Naruko kaget nguwasi Ayase ngadeg ing jero gudang karo ngomong dhewe. Dheweke tibakke maca geguritan Neraka Tomino.
“Ayase, apa sing kowe lakoni? Aja maca geguritan iku Ayase! Aja diterusno!” Naruko nyoba ngrebut geguritan iku saka tangane Ayase. Ayase ngamuk lan bolak-balik berontak. Iku duduk kaya Ayase. Kaya ana sing melbu ing ragae Ayase. Saka adoh Naruko nguwasi ana bocah cilik ing kursi roda sing mringis.
“Tomino, Tomino. Tolong aja nggawe Ayase kaya ngene, tolong aja ngganggu Ayase, tolong aja njupuk Ayase. Ayase kancaku siji-sijine. Aku njaluk sepura lek ngganggu turumu. Saiki tolong mbaleko, Tomino!!!” Naruko bengok-bengok.
“NARUKO, WONG SING WIS MACA NERAKA TOMINO MESTI BAKAL MELU NANG NERAKA TOMINO.” Tomino ngguyu lan ngilang. Ayase moro-moro nyekel gulune Naruko lan nekek gulune sampek Naruko angel napas.
“Ayase, Ayase. Sadar, Ayase! Aja nuruti iblis, Ayase! Mbaleko, Ayase!”
“Na...ru...ko.... To...long....”Ayase nangis nanging tetep gurung bisa ngendalikno awakke. “Se...pura...ne... Naruko.... Suwun... gelem... dadi... kancaku....” Ayase wis ora nekek gulune Naruko. Dheweke meneng lan nutukno larik geguritan sing terakhir  “Sebagai tanda untuk Tomino yang lucu”. Ayase tibo lan ora bisa melek. Naruko nangis banter banget. Ora kerasa, dina iki Naruko bisa ngguyu lan nangis bareng Ayase. Sampek akhir, Naruko bisa ngrasakno rasane seneng lan susah bareng Ayase sing mung setaun iki. Naruko ngrasakno cakut urip setaun iki pas bareng Ayase.
~.~.~
Dina iki, mari upacara pemakamane Ayase, Naruko lunga menyang omahe Hanare Mia nanging tetep diusir.
“Tolong, kula nyuwun wektu sekedap. Ayase, rencang kula sampun tilar dunya kala wingi. Kula mriki badhe tanglet ngenani Jiro dhamel rencang kula niku. Tolong.” Naruko njelasno kabeh perkarae marang Hanare Mia.
            “Kowe wis takkandani ket iko, aja nyedaki geguritan iku maneh. Nanging kowe ora gelem nuruti omonganku. Jiro saben bengi mesti tangi terus ngomong dhewean. Wengi iku, moro-moro dheweke maca geguritan iku ing tengah wengi lan dheweke....” Hanare Mia ora bisa nutukno omongane banjur nangis.
            “Napa Jiro ndhamel rasukan warna abrit garis-garis horizontal kaliyan celana jeans warna biru wengi niku?”
            “Kok kowe eruh?”
            “Kula saget ningali barang alus. Kala wingi kula ketemu Jiro wonten sebelahipun lare alit, asmanipun Tomino. Jiro ingkang mlebet ing raganipun Ayase.” Hanare Mia kaget ora bisa percaya marang omongane Naruko, nanging Hanare Mia bisa eruh yen Naruko ora ngapusi.
            Artikele Naruko lan Ayase menang dadi juara siji ing lomba sastra ing prefektur Shizuoka, Jepang. Nanging, Naruko ora gelem ngungkit matine Ayase. Iki hadiah paling gedhe sing dadi kepinginane Ayase, sing gurung bisa Ayase rasakno selagi urip lan hadiah gawe Naruko amarga dheweke dadi penulis sastra terkenal. Iki kabeh gara-gara Ayase sing wis ngenalno Naruko marang klub sastra lan pait legine, seneng susahe urip.
~.~.~
            “Bu Yuzuriha Hiruko, sampeyan oleh layang. Iki saka arek cilik umure sekitar 13 taunan.”
            “Matur suwun Bu Reiko.”
            Ing layang iku katulis “KANGGO NARUKO”. Naruko? Sing nyeluk aku Naruko kan mung.... Pikire Naruko bingung. Iki wis 15 taun saka matine Ayase. Saiki Naruko wis nikah, dadi jenenge ganti lan saiki Naruko wis dadi guru sastra ing SMP.
            Naruko melbu ing kantor guru sing wis sepi banjur mbuka layang mau. Isine ono layang lan... geguritan Neraka Tomino sing wis diobong Naruko 15 taun kepungkur sing mbalek utuh. “Naruko, wayahmu.” tulisan ing layang iku. Naruko ngguyu lan nangis amarga nguwasi Ayase cilik sing ngguyu ing ngarepe. Naruko mulai maca banter geguritan mau “Kakak yang memuntahkan darah, adik yang meludahkan api....” sampek larik terakhir. Matur suwun, Ayase. Kowe wis ngenteni aku sesuwi iki.



Share:

0 komentar:

Posting Komentar