Dening : Alfina W.H
4 taun kepungkur
Langit kang cerah
ing Surabaya nandakno persis kaya atiku kang seneng, panase Surabaya ora
ngilangno rasa semangat lan senengku iki. “Bu, kulo badhe ten kampus, Assalamualaikum.” pamit ku marang ibu
kos. “Ati-ati yo nduk, Waalaikumsalam.”
Aku mlaku tekan
kos nang halte, gak suwi aku wis
tutuk kampus. Butuh 15 menit tok tekan kos nang kampus. Wajah ramah sumringah
mesti aku ketokno nang wong akeh. Kenopo?. Ibu tau ngomong nang aku, sak gede opo masalah, sak
sedih opo kowe tetep o sumringah marang wong.
“Assalamualikum
wr.wb, sugeng awan kulo ten mriki badhe nampilaken tugas kulo kang duweni irahan Sosiology for Communication Channel .” “Matur nuwun.” Arek kelas
lan dosen banjur neploki lan ngomong nek hasil tugas ku apik lan ketoto rapi.
Alhamdulillah gumamku nang njero ati.
“Bud, Budii.”
Citra nyelok aku karo mlayu. Iyo jenengku Budi, Salsazila Nur Budiman. Umurku
20 taun , aku kuliah ing Universitas Pandjaitan jurusan Ilmu Komunikasi
semester 6, kurang sak taun engkas aku wes oleh gelar sarjana komunikasi, Insyaallah.
Akeh wong seng
ngomong nek jenengku ndeso, wong kaget pas ngerti jeneng dowo ku. “Ayu-ayu kok
jenenge nur budiman haha jeneng model opo kuwi?”. Nek jare ibu karo ayah ku Nur
Budiman iku cahaya kang nduweni budi pekerti luhur, cahaya iku wes terang benderang
dibutuhno wong opo maneh seng duwe budi pekerti luhur. Dungone wong tuwo supaya
aku dadi anak kang duwe budi pekerti luhur lan di butuhno marang wong liyo.
Aku pancen ora
sepinter kanca-kanca ku seng nang kelas, tapi aku mesti iling karo ucapane ibu
yaiku kowe ora usah sedih yen kowe ora pati pinter tapi kowe kudu sedih yen
kowe ora duweni budi pekerti kang luhur. Aku kudu duweni tutur basa lan
perilaku kang becik supaya aku disegani marang wong liyo.
Senin 23 Juli iki
tugas terakhir ku nang kampus pandjaitan , yaiku skripsi. Aku wes mulai golek
materi lan wes nyiapno bahan-bahan digawe skripsi, akeh kanca-kanca ku podo
wegah nggarap skripsi iki tapi aku banjur ngomong nek iki awal awakdewe nang
dalan sukses.
Aku kepingin kanca
jurusanku iki podo lulus bareng lan iso sukses bareng, tapi bedo pemikirane
ambek kanca ku seng jenenge Citra. Citra ancen arek populer nang kampus tapi emane areke iku kurang duwe unggah-ungguh
marang wong liyo opo maneh karo dosen.
Bengi iku adem
banget, suara gemercik banyu udan isih kerungu ning kuping. Aku ilangno rasa
males gawe ngeprint skripsiku, nang panggon ngeprint iku onok skripsi duwene
Citra Mustika universitas pandjaitan, aku kaget banjur takok dadakno pancen
Citra bayar wong kanggo nggarap skripsi ne lan wani bayar akeh ben oleh skripsi
seng apik.
Sidang skripsi wes
teka masane, akeh kabar seng ngomong nek Citra ngekei duwit nang kampus ben
areke oleh nilai apik nang ijazah, lan akhire Citra oleh nilai apik pancen wong
tuwo ne duwe kuasa nang kampus .Aku
rodok mangkel lapo wong kang ora jujur isok nduwe nilai luwih dukur timbang aku
kang wes nyiapno materi lan bahan gawe skripsi wes ora kuat karo skripsi kate
medot kalah karo wong kang duwe kaya.
Tapi saiki aku wis
isok njupuk pelajaran saka kejadian 4 taun silam, aku wis kerja nang stasiun
televisi nasional lan aku wis dadi pemaca berita luwih adoh timbang Citra.
Citra saiki kerja nang percetakan dadi pegawai biasa, kok isa???.
Citra duwe nilai
ijazah apik tapi ora jujur, ora duwe budi pekerti luhur, ora duwe kinerja kang
apik. Golek kerja iku gak mek kudu duwe pengetahuan tapi duweni solidaritas
sosial kang duwur, paling duwur yaiku budi pekerti luhur. Wong kang ora duweni
budi pekerti luhur rasane kaya ora duwe opo-opo.
Jeneng ndeso ku iki
nggawa berkah kanggo aku, dungo ne wong tua ku manjur aku dadi wong kang duweni
budi pekerti luhur lan sukses lewat dalan lan usaha ku dewe. Alhamdulillah.
0 komentar:
Posting Komentar