Dening
: Arum Dian Cahyanti
Aku duweni keluarga sing
bahagia,ayem,lan tentrem. Aku duwe mas sing jenenge Angga,deweke duweni watak
kereng tapi penyayang marang keluargane. Wiwit cilik aku dimanja karo ibu lan
ayah nganti mas angga iri. Sak bendino aku tukaran karo mas angga,nganti
sawijining dina masku pamit marang ibu lan ayah gawe kerjo nang malang. Ibu lan
ayah ngijini,sak marine iku masku nata klambi terus budal. Sakjoke masku budal
kerjo,omah dadi sepi amarga gak enek sing tak jak tukaran.
Ing
sawijining dina sak marine masku kerjo,ganti ibuku sing pamit kerjo nang
surabaya. Pas dina minggu,aku lan ayah ngeterna ibu budal sampek omahe pakde
sing nang surabaya. Sak tekane nang panggonan, “ibu pamit yo nak,sampeyan
karo ayah” pamite ibu. Tumetes eluhku ngrungokake pamite ibu,nanging aku
ora iso lapo-lapo. Ayahku ketok sedih banget,mari ngunu aku muleh karo ayah.
Turut dalan aku nelongso kudu adoh karo ibuku,aku mbayangno nang omah ijen
amarga ayah kerjo muleh bengi,kadang nginep muleh isuk. Sak tekane nang omah
aku terus mlebu kamar,ayahku nututi nang mburiku “rum,sampeyan ndang turu.
Mene ben iso tangi isuk” aku meneng ae karo mapan nang duwur kasur. Mari
ngunu ayah metu kamar,gak suwi aku keturon. Isuk e aku sekolah,nang sekolahan
aku iso guyon karo konco-konco nganti aku lali karo kesedihanku.
Sakwise
sak ulan,ibu muleh nyambangi aku karo ayah. Aku seneng banget iso ketemu ibu.
Minggune aku,ibu,lan ayah nang sidoarjo amarga dulure ayah duwe gawe. Aku
nginep suwengi nang sidoarjo amarga senine preian semester. Dina senin isuk aku
balik nang jombang,jam 9-an aku nyampek jombang. Dina selasa sore ibuku balik
nang surabaya,rasane isih kangen banget karo ibu,sakwise ibu balik omah dadi
sepi lan aku kijenan nang omah amarga ayah karo masku kerjo.
Sakwulan
sakwise ibu balik,wektu iku aku ngaji nang mushola cedak omah. Wayah muleh ngaji
jam 5 kurang aku langsung muleh, “lho kok dungaren ayah wis muleh kerjo?”
(mlaku karo ndelok sepeda motore ayah nang ngarep omah). Aku langsung mlebu
omah,tak delok ayah glendangan nang kursi.
“kok sampun kundur yah?” (lungguh njejeri ayah)
“ayah kudu ga penak awake nduk”
Mari ngunu ayah ngombe obat,sak
marine ngombe obat ayah sambat dadane lara terus ngajak aku priksa nang
klinik,aku manut ae. Wektu iku bar magrib aku karo ayah budal nang klinik,sak
tekane nang klinik aku langsung njupuk nomer antrian terus ngantri nang
panggonan gawe ngantri. Nang panggonan aku omong-omongan karo ayah lan aku
khawatir marang kesehatane ayah,nanging aku bingung amarga saben omong-omongan
ayah ora gelem nguwasi aku,ayah mung mengos ae. Ora suwi nang ngarep klinik
grimis,ayah langsung mengarep ngiyupna sepeda sing nang njobo. Sak marine
ngiyupna sepeda, “brruuuk”krungu swara nang sisihku,aku noleh lan aku kaget
banget amarga sing tibo ayahku nang plataran cedak panggonan antrian. “yaaahh”
(njerit mlayoni ayah) nanging aku digandoli wong akeh.
Akhire aku diterno uwong muleh
ngabari dulur nang omah,bar ngunu mbah kakung marani ayah nang klinik nanging
ayah isih gletakan nang plataran. Eluh pating dredes nelesi pipi,gak suwi olehe
mbah kakung nuntun ayah,mari ngunu ayah merem budal marang sing gawe urep. Aku
nang omah nangis lan bingung,gak suwi ambulance teko nang ngarep omah “huuuaaa”
aku nangis banter nguwasi ayah nang njero ambulance,tangga cedak omah podo
moro. Akhire jenazah disuceni bengi iku lan gak suwi ibuku teko,ibu ketok lemes
mari ngunu semaput nang ngarep omah.
Bengi iku jenazah di inepno.
Aku,masku,lan ibuku nangis ora onok menenge. Sampek isuk e wong-wong podo teko
nglayat ngebeki plataran omah. Bar ngunu jenazah dibudalno nang makam,aku karo
masku ngetutno,nanging ibuku ora melok amarga ora kuat nguwasi ayahku.
Sakjoke ditinggal ayah,aku rasane
kijenan amarga wis kulina karo ayah. Urepku rasane sabendino nelongso amarga
kurang kasih sayange ayah. Saiki aku melok mbahku amarga mas lan ibuku kerjo.
Sabendino nelongso yen kelingan ayah,amarga rasane aku durung iso gawe ayah
seneng,tapi aku mung iso dungakno ayah lan kabeh dulurku. Kedadean iki tak
anggep mung cobaan marang gusti allah,aku mung iso sabar lan aku ngusahano
supaya iso dadi bocah sing luwih apik lan ora ngecewano mas karo ibuku.
0 komentar:
Posting Komentar