Dening Devy Rezchy R.V
Dino Seloso,13 September 2016 wingi SMAN ulang taun sing ke 25. Nang Smaga(SMAN 3 JBG)
iki tradisine perayaanne mesti 1 minggu. Mulai dino Senin, onok kegiatan sholat
ied berjamaah lan mbeleh sapi sing di gae kurban. Dino Seloso kegiatan e "Joy
Bike" utowo sepedhaan mubeng Jombang trus dikei kupon sing bakal di ijolno
ambek doorprize(hadiah) bagi sing bejo ae wkw, trus sakwise Joybike onok bazar.
Lha bazar e iku dodolan olahan saka kentang, ubi, lan buah-buahan sing regone
paling larang Rp.7000. Selain bazar iku mau yo onok futsal. Tapi unike, pemain
futsal e kudu nggawe sarung. Sing futsal gak mung siswa tok, guru lan staf TU yo
melok partisipasi nang kabeh lomba.
Dino Rabu kegiatanne onok senam pagi,
ngelanjutno lomba futsal sampek final lan babak penyisihan lomba tarik tambang.
Berhubung kelasku lomba futsal e wes kalah ket babak penyisihan, dadi dino iki
mek melok lomba tarik tambang tok. Alhamdulillah kelasku menang lomba tarik
tambang lan lombane dilanjutno dino Kamis. Dino Kamis lombane seru, onok lomba
bakiak beregu lan ngelanjutno lomba tarik tambang sing wingi. Pas wayahe
kelasku lomba bakiak kelasku kalah. Tapi gak popo, jeneng e lomba mesti onok
sing menang, onok sing kalah. Untunge kelasku menang tarik tambang wingi, trus
ngelanjutno pertandingan sampek akhire masuk semi final. Aku termasuk salah
siji pemain tarik tambang nda. Pas semi final kuwi musuhku luwih abot timbang
sakdurunge, onok arek lanang guede lan dhukur. Tapi amarga kelasku kuat lan kompak
dadi aku iso ngalahno kelas kuwi lan mlebu babak final. Nang final kelasku
ketemu kelas XII MIA 3, sing ancen arek e guedhe-gedhe, dadi kelasku kalah lan
entuk juara 2. Alhamdulillah.
Dino Jumat kegiatan e istigosah, syukuran
tumpeng, lan donor darah. Kelasku iki iso diomong kompak nek perkoro mangan tok
hahaha. Buktine pas wayahe tumpengan, pangane akeh banget, sampek akhir e akeh
sing di bungkus lan di bagi-bagino nang tukang,lsp. Sakwise tumpengan, akeh siswa
kelas 12 sing donor darah nang UKS. Tapi aku gak donor darah amarga aku darah
rendah lan aku wedi disuntik.
Dino Sabtu iku kegiatan e "Final Party"(pensi).
Akeh penampilan saka ekskul lan siswa-siswi Smaga sing wes diseleksi. Onok sing
tampil band, akustikan, nyanyi, nari,
teater,lsp. Tapi gak mung siswa-siswine tok. Guru-guru lan staf TU yo melok
tampil dadi model sing nggae kostum macem-macem. Onok sing dadi ibu peri, murid
TK, SD, SMP, SMA, dadi tukang sapu yo onok. Bener-bener kreatif lan menghibur. Pas
pensi iki, kelasku yo nampilno band. Jeneng e Twenty three band(23 band),
tampilane bener-bener apik, lan menghibur.
Wes sakmunu ae cerito pas HUT SMAGA sing ke
25 iki, harapane gae SMAGA, semoga tambah jaya!!
0 komentar:
Posting Komentar