Dening : Mihmidati Sayyidatul Ummah
Ing deso Kenanga ana si mbok lan anak e kang urip serba kekurangan, nanging simbok isih ana rasa syukur marang gusti Allah. Nanging si anak e simbok sing jenenge Lala senengane nesu, lan ora tau bersyukur marang gusti Allah. Lala sekolah ing SMAN 1 Yogyakarta. SMAN 1 Yogyakarta iku sekolah favorit ing Yogyakarta. Simbok nyambut gawe dodolan nagasari mumeti deso nang deso.
Pas dino senin sak durunge budal sekolah, Lala pamit marang si mbok lan njaluk sangu nanging si mbok durung nduwe dhuwit amarga dagangane wingi durung payu. Lala, “Mbokkkk.. aku pamit budhal sekolah nggeh, endi sangune?“, Si mbok njawab “ Si mbok gak nduwe dhuwit nak, dhuwite wes tak tumbasno gae sarapan sampeyan iki“. “Loh piye mbok, mosok aku gak sangu? Lah terus aku njajan opo” jawabe Lala nyentak si mbok. Simbok nangis amarga Lala ora iso ngerteni si mbok. Lala metu omah lan gak sallam marang si mbok.
Sak bendino Lala koncoan karo Nani, Nani yaiku sahabat raket ket cilik. Nani saka keluarga sing soge. Nanging dheweke orah tau sombong. Sak bendino Nani lan Lala budhal sekolah bareng. Nang dalan Lala wajahe nesu amarga ora oleh sangu saka si mbok. “Loh La, awakmu kok nesu, lapo?”, “Ora kok, aku gak di wenehi sangu ambek si mbok” jawab Lala. Nani njukuk dhuwite nang dompet “La, iki onok tabunganku, gaween dhisik gawe njajan engkok”, lan Lala njawab “Gak usah na, aku mesti ngerepoti awakmu, utangku wingi yo gorong tak saur“, “ Halah gak usah sungkan mene ae nek wes nduwe dhuwit sauren gak popo” jawabe Nani ambek nguwehno dhuwit nang Lala. Akhire Lala gelem nerimo dhuwit saka Nani.
Nang kelas ana wulangan dhadakan, Lala nesu nang Nani “Ealahhh yoo..yoo padahal aku doorong sinau “, “ Laiyo La, aku padahal yo dorong sinau e, soale aku wingi ndilok drakor, yoweslah dilakoni ae dhisik ya, ojok nesu terus La tambah elek o hahah“ jawab Nani ambek ngguyu ngakak marang Lala. Akhire Lala wes gak nesu maneh amarga wes di guyoni ambek Nani. Wektu ulangan Lala ngerasa soal wulangan gampang-gampang lan orah susah, dheweke gedhe rumongso nek wulangane biji 100.
Bel istirahat wes muni, Nani ngajak Lala nang kantin “ Laa, ayok nang kantin, awakmu gak lesu ta mari wulangan ngunulo hahaha...“. “Ngece ta sampeyan, aku maeng rumongso nek aku iso ngerjakno kabeh soal-soal wulangane lohh.” Jawabe Lala ambek gedhe ndase tapi rodok guyonan. “Okeee oke percoyo Lala jagoan e, wes ayok nang kantin La“ Jawabe Nani. Ing kantin Lala pesen panganan sing sederhana (tempe, tahu, lalapan, lan sambel) nanging Nani pesen panganan sing enak lan orah sepadan karo Lala. “Hmm.. enak e uripe Nani, ora serba kekurangan, mangan enak, ayu, soge kurang piye Nani? Lanek aku mung isok ngelamun nek pengen opo-opo. Kapan aku isok dadi wong soge ben isa urip enak, isa nyenengno si mbok” Lala nesu nang atine.
Bel istirahat wes entek, Nani lan Lala mbalik nang kelas. Ing kelas enek pelajaran Bahasa Indonesia, sakdurunge pelajaran bu guru menewi kuis, soal kuis lumayan angel. Tapi Lala percoyo nek jawabane bener kabeh. Akhire pas di koreksi Nani sing oleh biji paling dhuwur nang kelas. Lala merasa dheweke kesaing karo Nani. Padahal Lala bahasa Indonesia iku pelajaran kang paing di gandrungi. Pas pelajaran Lala bisik-bisik ngomong nang Nani yen Lala ngajak Nani nggolek kerjo sampingan “Nan, mengko moleh sekolah elok aku ya? Ngelamar kerjo“, “Hah? Kerjo nang endi? Sing tenanan? “ Nani njawab cingak “ Tenanan iki, mengko wae tak jelasno, saiki jek pelajaran “ jawabe Lala.
Akhire pas moleh sekolah Lala ngilang, nanging Nani wes ngenteni 1jam, maringunu Rendy “ Loh, Nan lapo kok durung moleh? Ngenteni aku ta? Hahaha “, Nani njawab “ Lalapo? Awakmu kok gedhe rumongso? “, “ Loalah Nan, awakmu kok jahat se, ojok nggondokan. Ayok tak terno moleh, mengko awakmu di goleki ibukmu loh nek gak moleh-moleh, iki yowes surup “ , Nani njawab “ emohh, aku tak ngenteni Lala, soale maeng dheweke ngajak aku metu “, “ Loh, metu nang endi? “ jawabe Rendy, lan Nani nyaut “ yowes pokoke, awakmu yo ndang moleh “. “ Loh masalahe aku maeng ketemu Lala moleh ambek pacarmu Tomi “, Nani cingaklan jawab “ loh sing temen Ren? Gak mungkin lah Lala nikung Tomi “. Rendy jawab “ aku yo gak ngerti, wes ayok nek awakmu gak gelem moleh dhisik aku tak moleh dhisik yo, ati-ati loh Nan “. “ Iyo ati-ati Ren “ jawabe Nani.
Nang dalan Nani nangis, dheweke gak percoyo lanek Lala moleh bareng Tomi, padahal Nani wes ngenteni Lala suwi, lan pas keadaan hubungane Nani ambek Tomi retak malah koncone sing raket moleh bareng pacare.Nani ngademo ati, dheweke berfikiran positif wae nang Lala, soale gak mungkin Lala ngerusak hubungane Nani ambek Tomi.
Akhire pas isuk budhal sekolah Nani nyusul Lala, nanging jare si mbok Lala wes budhal sekolah ket mau isuk. “ Assalamu’alaikum, mbokk..si mbokk, Lala wonten?“. “ Loh nakk, Lala wes budhal ket maeng isuk, tak kiro maeng budhal ambek sampeyan, soale dheweke maeng pas kate budhal omong-omongan ambek arek “ jawabe si mbok “ Loh, lare sinten mbok? “ jawabe Nani ambek kebingungan. “ Loh gak ngerti aku nak “ saute si mbok. “ Oh inggih sampun mbok kulo tak bidhal rumiyen nggeh, monggo..” Pamite Nani marang si mbok. Nani tambah bingung lapo kok Lala berubah, wes wingi ninggalno Nani dhewean, saiki yo ditinggal budhal sekolah. Akhire pas saka kelas Nani mblayu nggoleki Lala, nanging Lala gak ana nang kelas, dheweke wes tambah kebingungan. Pas saka ngarepe UKS Nani ketemu Tomi omong-omongan ambek Lala, ngomonge ora biasa, nanging ana guyonane. Nani langsung marani Lala karo tomi “ La, maksutmu opo? Awakmu lapo ninggal aku dhewean ket wingi “ Nani moreng-moreng nang Lala, tapi Tomi langsung nggeret Nani lan ngomong “ Awakdhewe saiki putus “, “ Loh maksute opo? Lapo putus alesane opo? Nani takok nang Tomi ambek nelongso. “ Soale aku wes ambek Lala, sepurone Nan ” Tomi jelasno nang Nani. Nani langsung ngomong nang Lala ambek nangis “ La, aku ora nyongko awakmu setego iki nang aku, opo konco raket iku koyok ngene? Lah opo balesanmu nang aku, padahal aku yo wes apik ambek awakmu., tapi awakmu kok tego ambek koncomu dewe? “. Lala njawab “ Aku iku iri marang awakmu, awakmu ayu, pinter, di gandrungi wong akeh, kurang opo? Aku iri awakmu isok oleh kabeh opo sing awakmu pingini, mangkane aku pengen ngerebut lan ngehancurno hubunganmu karo Tomi “, Tomi nyaut ambek gak trimo omongane Lala maeng “ Opo? Ternyata awakmu selama iki mek pengen hubunganku ambek Nani rusak tok? Awakmu ora tresno tenanan marang aku? Oke saiki ndewe putus, ayo Nan tinggalno Lala dhewe nang kene“. Lala ngabothi Tomi sing wes kadong moreng-moreng nang dheweke, “ Lohh, ogak Tomm.. aku tresno tenan ambek awakmu.. ojok ninggal akuu.. “ Akhire Nani lan Tomi ninggalno Lala dhewe.
0 komentar:
Posting Komentar