Dening Vivi Khoirunnisa
Nisa, pelajar soko salah sijine SMA nang
kabupaten Jombang, arek e siswi biasa sing ora terlalu mentingno ketenaran.
Awal kenal e Nisa karo Rama iku soko chatting bbm. Rama iku koncone mantane
nisa sing jenenge Dwi, awale Dwi cerito nang Rama tentang nisa. Mungkin perkoro
Rama penasaran ambek sing jenenge Nisa akhire Rama natakno ati gae bbm Nisa.
Awale Nisa ora peduli ambek sing jenenge Rama, bahkan ora ono roso opo-opo. Tapi
perkoro Rama iku sahabat e Widya karo Hanif sing juga sahabat e Nisa, akhire Nisa yo bersikap apik nang Rama. Tanggal 9 ulan
Maret, Nisa gelem diajak Rama metu menyang Kediri niate apene nonton Film Comic
8. Nang dalan nisa bingung arepe ngomong opo. Malah Rama sing berusaha mancing Nisa
cek iso ngomong. Pas film e mulai akhire suasana maeng nyair dan Nisa wes iso
ngomong karo rama. Nang tengah-tengah diputere film, moro-moro Rama nyekel
tangane Nisa. Atine Nisa ndruedek ora karuan. "Arek iki lapo nyekel tanganku?
Gak eroh ket maeng atiku ndredek ta piye?", batine Nisa. Pas moleh soko Kediri
tekan tengah dalan ternyata udan, Rama
bingung nggolek panggon ngiyup, akhire Rama nemu warung. Sepeda motor e
diparkir rodok adoh soko warung. Moro-moro Rama ngrukupno jaket nang ndukur
sirahe Nisa cek Nisa ora kudanan. Atine nisa rasane tambah jedug-jedug kudu
mencolot ae, suasanane wes romantis masio udan-udan ngunu. Nang njero warung
iku ambek ngenteni udan, Rama nyekeli tangane Nisa cek ora kademen. Jakete
maeng yo dipasangno nang Nisa cek ora masuk angin. Nisa mek iso nguwasi wajahe Rama
ambek roso penasaran lan mikir, "awamu lapo ngenekno aku? Awamu seneng
ambek aku? Ta cuma ngesakno karo aku?". Setengah jam arek loro iku nang
njero warung akhire udane mandek. Rama ngajak Nisa moleh selak surup.
Pas wes soko omahe dewe-dewe, moro-moro Rama
bbm Nisa ngomong nek seneng karo Nisa, Nisa glagapan gak iso ngomong opo-opo.
Atine seneng tapi yo wedi nek sampek pacaran maneh. Nisa durung nyadar ambek
perasaane dewe nek arek e seneng ambek Rama. Nisa terlalu wedi pacaran maneh
perkoro tau dilarani karo mantane. Sakwise masa pendekatan akhire Nisa nerimo
cintane Rama tapi Nisa mutusno nek hubungane Rama cuma sebatas komitmen ora
sampek pacaran.
Wes 3 ulan luweh Nisa karo Rama pacaran,
awale lancar-lancar ae ora ono sing ngganggu lan ora ono penghalang. Tapi nang
tengah dalan, moro-moro Nisa curiga karo Rama lan moco bbm e Rama sing lagi
bbman karo mantane. Atine Nisa panas, arek e kate nesu nang Rama tapi ora iso
perkoro wedi nek Rama bakal balik nesu nang Nisa. Sakjoke iku Nisa mulai ora percoyo
maneh karo Rama, tapi roso sayange ngalahno roso cemburu iku. Akhire nang njero
ati, Nisa nyepurani Rama. Nisa wes berusaha sabar ngadepin tingkahe Rama sing
koyok ngunu, isok e mek cerito nang koncone ambek nangis nek wes gak kuat nahan
roso lorone tanpa diweruhi ambek Rama.
Rama wes mulai iso ngerti perasaan Nisa dan
akhire Rama luweh perhatian lan sayang nang Nisa.
Tapi moro-moro Rama berubah dadi luweh jahat,
omongane dadi kasar lan ora ngenakne ati. Nisa ora weruh opo sing dialami Rama
tapi akhire Nisa eroh nek ibuk e Rama ora ngrestui hubungane Rama karo Nisa.
Nisa akhire ngalah lan nerimo keputusane Rama medotno hubungan antara nisa karo
Rama. Tapi mbendino Rama jek tetep ngehubungi Nisa lan ngajak metu Nisa. Dan
mungkin iku terakhir kaline Nisa ketemu ambek Rama. Mbendino Nisa isok e mek
nangis lan ngeleng-ngeleng kenangan sing biyen. Nisa berusaha ngapik i
hubungane karo Rama tapi Rama malah ngehapus nomere nisa, ngedc bbm e. Nisa
cuma iso ndelok i fotone Rama soko instagram. Nisa pengen ngehubungi Rama tapi Nisa
terlalu wedi ditolak, lan dikecewakno. "Opo salahku ram, aku kurang opo? Aku
sayang karo awakmu tapi lapo aku kokngenekno?", batine Nisa. Wes 3 ulan
luweh Nisa ngerasakno roso kesepian ditinggal Rama, dan akhire saiki Nisa berusaha
ngelalekno Rama ambek macem-macem coro. Nisa mulai ngehindar ora gelem ketemu Rama
maneh, amarga nek sampek Nisa ketemu Rama wedine Nisa bakal kelingan karo Rama
maneh.
0 komentar:
Posting Komentar