Dening : E.R
“La?? Ndang tangi, sido ta gak?”
“Nggeh yah.”
Aku asline ejek ngantuk, jam 11 wengi iki nek awakmu
pengen eruh. Mripatku jek kelet karo lan awakku kadung nemplek karo kasur.
Masalahe aku wes titip menyang ayahku njaluk digugah jam sak mene.
Ogah-ogahan aku tangi, gak se sakjane lawong iki karepku. Gentian,
aku tangi ayahku sing mapan turu.
Aku langsung menyang ngarep tipi, ngakakno tipi mau.
Lan langsung tak bukak channel tipi
RCTI. Nduk jam iku mau enek jadwal
tayangan film Harry Potter, nek gak
salah sing ke telu. Aku nyoba ngewanekno awakku gae ndelok film mau. Duduk
masalah film e medeni, film Harry Potter
iku ora medeni babar blas. Nanging, gara-garane aku ndelok dhewean, nduk ruang
tengah, pinggir tengen sondok mburiku iku mbale omahku lan lagi petengan
gara-gara dipateni lampune. Rasane dadi sondok horror.
Film e wes mulai, aku se suantai ae, ora tak urus
kahanan omahku sing sondok medeni mau. Senajan film e apik, aku malah dadi
fokus.
Akhire film Harry
Potter mau wis buyar. Tapi aku lak males se turu maneh, sido malah aku gak
iso tangi terus kawanen ujung-ujung e mene isuk aku ra budhal sekolah. Dadine,
aku nggolek bekne enek film liyane, pas aku mbukak tekan Trans TV, aku ketemu
film sing aku ora weruh judule, gak pati jelas lan ora paham aku. Masio aku ra
paham, tetep tak teruske ndelokku.
Suwi-suwi kok dadi medeni yo, nduk layar maleh metu
arek wadon mati, raine dadi sondok dowo, gosong ngunu pas koncone arek mati mau
mbukak lawang kamare sak marine krungu unine telepon. Aku otomatis njingkat se,
yo iyolah maeng film e santai soale Harry
Potter, lha iki sing metu wong mati rupane gak rupa-rupa wong sisan.
Dadak mari ketemu wong mati mau iklan metu. Ati ejek
deg-degan gara-gara film e medeni, tapi aku dadi males ngganti, gak nyambung se
asline.
Iklan e wes mari, aku ndelok film iku maeng maneh.
Akhire aku eruh nek judule iku The RING
tapi iki bagian siji, bagian lorone ejek tayang mene. Mugo-mugo ae aku mene iso
tangi bengi maneh.
Aku mulai paham karo critane The RING, iki kuwi crito fiksi sing dimulai tekan villa nduk daerah pinggiran Amerika
Serikat. Arek sing mati mau seminggu kepungkur bar dolanan menyang villa mau karo konco-koncone, pas nduk
kono sing njogo villa mau nawani
kaset film. Jelas didelok ambek arek iku mau karo koncone. Arek iku yo
poto-poto karo konco-koncone nang villa
mau, seminggu maneh cetakan potone katene dijupuk. Lha pas mulih tekan villa mau, dheweke nginep nang omahe
koncone sing liyane. Sak durung e nginep dheweke ngajak koncone njupuk cetakan
potone dheweke sing nduk villa.
Masalah mulai methungul pas calon arek mati mau ndelok hasil cetakan potone
dhewek e, potone iku raine dadi blur
kabeh, tapi ora digape karo arek iku mau.
Dadakno, pas bengine arek iku mau mati lan koncone
dadi trauma. Crito dimulai tekan paman e koncone arek sing mati mau pingin eruh
piye kok iso mati koyo ngunu. Dheweke terus nggolek bukti-bukti gae mbukak
misteri crito iki. Dheweke diewangi karo pacare sing ngerangkep dadi ibuk e
anake. Maklum, nduk kono Amerika rek, nduwe anak urung rabi iku wis biasa.
Omong-omong aku nyritakno iki mau ambek ndelok film e.
Bali menyang film, critone tambah malah medeni, opo
maneh anak e wong loro mau ndelok kaset sing tekan villa medeni iku. Masalahe kabeh wong sing bar ndelok kaset iku
mesti ujung-ujung e mati. Ancene dheweke urung mati, tapi wis diteror. Mulai tekan
enek unine telepon pas jam 10 bengi, ibune keselek terus metu taline amplop
gedhe tekan gorokane, santek setane metu tekan tipi sing lagi disetel anak e.
Lha pas tekan iki, setane iku mau lak metu tekan tipi
se, terus mbrangkang nguber anak e lan ibune, setane iku ra katon raine
ketutupan rambute. Aku yo malih melu mundur-mundur se. Ditambah backsound e medeni. Pas setane mangap
lan njerit, dadakno…..
“Aaaa.a…a...a….a….”
“Lapo se mbak??” Ya Allah dadak adhiku sing nepuk
pundhakku mau.
0 komentar:
Posting Komentar