Dening : Chyntia Ersa
Varina
Ana
bocah wadon sing ayu menik-menik jeneng e Salsabila. Dheweke nduweni pacar sing
ganteng lan pinter ning kelas e jeneng e Jazz. Jazz karo Salsabila kelas 3 IPA 1 SMA Banjar. Bocah loro mau sakben budal
lan mulih sekolah bareng. Pas dino sabtu mulih sekolah Salsabila ngejak Jazz
nang café cidek sekolah e. Salsabila ngatur rencana gawe ngekeki surprise gawe
anniversary karo Jazz sing ke 1 tahun. “lapo mampir rene barang? Langsung mulih
ae sesuk senin wayah e ulangan kimia dadi langsung mulih ae cek iso sinau gawe
ulangan.” Pitakone Jazz. “ Ora lapo-lapo dilute ae aku lesu pengen mangan
spageti nang café kene jarene konco-konco enak.” Jawab e Salsabila. Mari ngunu
Jazz karo Salsabila melbu café lan Jazz kaget mergane akeh koncone sing nang
njero café lan ngekeki surprise marang dheweke. “Dion nyapo kowe nang kene?”
Pitakone Jazz marang Dion. Dion yaiku arek kelas IPA 2 sing ora disenengi karo
Jazz amarga Salsabila koncoan karo Dion lan dikiro Dion iku kate ngerebut
Salsabila teka Jazz padahal Dion karo Salsabila sahabatan ket arek e kelas 2
SMA. “Aku diajak karo Salsabila gawe ngerayakno anniversarymu karo dhewek e
sing ke 1 tahun Jazz.” Jawab e Dion tapi Jazz malah ngetokno rasa gak seneng
marang Dion. “happy anniv yo Jazz gawe awakmu karo Salsabila sing ke 1 tahun.”
Ucapan e Mitha konco sak kelas e Jaz. “suwun yo Mit.”jawab e Jazz. “happy aniiv
sayang” omonge Salsabila marang Jazz karo nguwehno cake lank ado gawe Jazz.
“suwun yo Bil awakmu wes iling karo dino jadiane awakdewe, tapi sepurane sing
akeh aku gak iso ngelanjutno hubungan karo awakmu maneh alias putus.” Jawab e
Jazz marang Salsabila. “kenek opo awakmu Jazz moro-moro njaluk putus?”Pithakone
Salsabila. “aku mung pingin sekolah ndisek sing temen amarga awakdewe wes kelas
3 SMA lan mari ngene lanjut nang perguruan tinggi. Apa kowe ora pengen metu SMA
bijimu apik lan ketrimo nang perguruan tinggi? Mangkane hubungane awakdewe
sakmene wae.” Jawab e Jazz teges tapi Salsabila ngeroso nek Jazz njaluk putus
duduk gara-gara iku. “opo mergo alasan kuwi tok awakmu njaluk putus Jazz? Aku
ora percoyo pasti enek alasan liyan, opo gara-gara aku sahabatan karo Dion?”
pithakone Salsabila penasaran alasan opo sing nggarakno Jazz njaluk putus.
“duduk masalah awakmu sahabatan karo Dion tapi sikapmu nek karo Dion iku sing
ora tak senengi. Saiki nang kene awakmu yo ngajak Dion sisan koyo-koyo pacarmu
kuwi Dion duduk aku.” Jawab e Jazz karo nada duwur. “Jazz aku karo Salsabila
ora enek opo-opo awakdewe mek koncoan biasa masalah sikap encen koyok pacaran
tapi yo mek sebatsa konco tok.” Jelas e Dion marang Jazz tapi Jazz tetepora
percoyo marang penjelasan e Dion. Sesuk esuk e Dion, Salsabila, lan Mitha moro
nang omah e Jazz gawe njelasno kabeh masalah sing nang café. Jazz tetep ora
percoyo karo penjelasane wong 3 iku mau, tapi Salsabila nyoba gawe ngepek atine
Jazz alon-alon lan njelasno opo sebenere sing terjadi antarane Dion lan
Salsabila. “sakjane encen temenan aku karo Dion ora enek opo-opo mek sebatas
koncoan sahabatan tok ora enek maksud liane opo maneh kate pacaran karo
dheweke. Aku mek seneng ae nek curhat karo arek e, Dion yo nggunu biasane arek
e yo curhat tentang masalahe nang aku lan biasane njaluk solusi nang aku piye
ben arek e iso nyelesekno masalah iku.” Penjelasane Salsabila nang Jazz ben
dheweke paham opo sing diomongno selama iki salah. “tapi opo curhat kuwi iso
sampek cidek koyo ngunu sikapmu marang Dion lan aku seje. Marang Dion kowe
perhatian tapi marang aku kowe ora enek perhatiane belas. Aku koyo duduk pacarmu
tapi karo Dion awakmu iso luweh cidek.” Unek-uneke Jazz diungkapno marang
Salsabila. “saiki mosok yo kabeh kudu didelok saka sikape seseorang? Saiki aku
karo Dion lo mek koncoan ora luweh.” Penjelasane Salsabila. Wes meh 1 jam
Salsabila njelasno enek opo hubungane dheweke karo Dion lan akhire Jazz iso
nerimo opo sing dijelasno karo Salsabila. “ iyo aku percoyo karo awakmu ambek
Dion saiki. On sepurane sing akeh yo nek aku sakdurunge curiga karo awakmu
sepurane barang gawe awakmu bil aku wes ngomong gak-gak tentang awakmu karo
Dion sepurane sing akeh.” Omongane Jazz marang wong 2 iku mau. “iyo Jazz aku yo
ero piye perasaanmu, seumpomo aku dadi awakmu pasti aku yo curiga ngunu mau,
aku yo sepurane sing akeh Jazz soale nggarai awakmu curiga karo aku.” Jawabe
Dion lan njaluk sepuro marang Jazz. “iyo gpp Jazz aku yo sepurane nek selama
iki ora merhatino awakmu.” Omonge Salsabila. “nah saiki kabeh wes ora enek
saling curiga dadi awakdewe iso njalin pertemanan wong 4 oke dadi saiki nek
enek curiga maneh diomongno langsung ae dadine ora enek sing dipermasalahno nek
ngene lak enak se ora enek dendam. Ayo saiki nggolek mangan nang warunge mbok
Rondo.” Omongane Mitha gawe nyairno suasana ing awan iku.
0 komentar:
Posting Komentar