Dening M. Yusril Y. S.
Ing
sawijining wektu ana jejaka sing dikenal tanggane ahli ibadah lan gigih ngadohi
panggonan sing biasane digawe maksiat. Jejaka iku jenenge Febrianto namung
celukane saben dinane Febri. Febri kerjo dadi office boy ing salah sijine kantor swasta sing jarak teko omahe 15
kilometer Febri budal kerjo numpak motor e, deweke rajin kerjo amarga Febri
duwe tanggungan setoran motor.
Nanging
gak kabeh wong sakdesane padha seneng karo Febri. Ana sawetara wong ahli
maksiat sing sengit marang kealimane Febri. Wong ahli maksiat iku jenenge Agus,
Eko lan Puji. Wong telu iku senengane nyabung pithik, ngombe miras lan doyan jajan seks.
Salah
sawijining dinoFebri sing mulih tekan masjid nyopo aguseko lan puji sing lagi
dolanan kartu . “Monggo gus, ko, Ji!” Clethuke Febri, namung wong telu mau
mlengosi Febri amarga jengkel karo si Febri. Eko kepengin ngrusak reputasine si Febri, akhire wong telu
mau nyusun rencana gawe ngejrumusno Febri.
Gawe
nglanjutno misine mau , wong telu mau nyewa wong wedok sing ayu rupane jenenge
yaiku Yanti,wong wedok kasebut ditugasne godani Febri nganggo awake sing mulus
lan rupane sing ayu ben Febri kejrumus ingkang kemaksiatan.
Ingkang
sawijining bengi Yanti macak ingkang ayu banget,gaweni klambi sing bahane teko
sutra tipis lan ditambahi nganggo wangi-wangian sing menggoda. Yanti langsung
marani Febri nang omahe, ngenteni Febri teko tekan masjid karo lungguh ing
kursi ngarep omahe Febri. Gak suwe maringunu Febri teko,Yanti wis siap karo
tipu dayane.mula- mula Yanti nutupi klambine sing apik nganggo kain ireng
“
Assalamu’alaikum ,napa sampean gadah banyu?” sapane Yanti karo godane Febri.
“Wa’alaikumsalam ,insya allah ana. Enteni sedilut” jawabe Febri karo bukak
lawang ngarep omahe. Febri lajeng nang mburi omah jupuk banyu lan dheweke balik
karo gowo sak gelas banyu ngombe lan menehno menyang Yanti sing gawe cadar
ireng lan kain ireng.
Namung
wedokan iku malah jaluk mlebu omahe Febri, nanging Febri ketok ragu lan akhire
Febri ngolehi Yanti mlebu omahe.namung Febri buka kabeh jendela amarga dheweke
kwatir yen kedadian fitnah.
Sakjeroning
omah, Yanti kenalan karo Febri sawise kenalan si Yanti terus buka tutup
raine lan godani Febri. Nanging Febri
katon tenang lan malah nyeramahi Yanti “ Mbak Yanti ,seumpama saiki wonten
malaikat maut teko jemput mbak Yanti, napa jenengan sampun siap? Apa jenengan
ikhlas yen jenengan madhep dhateng Allah karo kahanane jenengan sing koyok
mangkene?apa sing kang jenengan aturne datheng malaikat Munkar lan Nakir yen di
kubur? Apa jenengan yakin lan saged tanggung jawab apa sing jenengan lakoni
koyok mangkene marang gusti allah ing padang mahsyar sakmeniko?” dedese Febri.
Krungu
omongane Febri , Yanti langsung pucat raine , awake padha gemeteran kabeh lan
nangis saknangis-nangise. Yanti langsung gaweni cadar utawa penutup raine mau
sing di cepot. Banjur ngunu Yanti metu tekan omahe Febri karo gowo perasaan
wedhi marang gusti Allah. Yanti krungu-krunguen karo omongane Febri sehingga
Yanti pingsan ing tengah dalan. Wiwit sameniko dheweke tobat lan berubah dados
wong wedok sing solehah lan ahli ibadah.
Krungu
kenyataane sing sakbenere, Agus, Eko,lan Puji sing ahli maksiat lan sengit
marang Febri kaget amarga usahane gagal gawe ngerusak reputasine Febri
sakngarepe warga deso,malah wong wadon sing diutus gawe godani Febri kanyatane
wis tobat. Lan akhire wong wadon mau utawa si Yanti seda ingkang keadaan sing
khusnul khatimah.
0 komentar:
Posting Komentar