Senin, 19 September 2016

KELAS XI WINGI

Dening : Rosa Pradana Putri

Kedadean iki wektu aku kelas XI dekwingi. Luweh tepate iki kedadean detik-detik terakhir ngumpulake tugas resume. Gawe ukuran pertama diwenehi tugas resume seng menurute arek-arek iku “wabote hmm” mesti padha kalang kabut bengine pas ngerjakake, ana sing bingung gambare kurang, kurang hiasane (rumangsane dekorasi enek hiasan barang) lan liya-liyane. Pas isuke aku wes teka ing kelas, sing biasane kelasku iku sepi banget lak isih isuk iki wis rame arek-arek. Padha bingung karo resume dhewe-dhewe.
“He rek sopo sing duwe gambar stepa, aku jalok” Jono bengok marang arek-arek
“Aku Jon duwe, tapi tak gawe dhewe” Nia nyauti lan cekikikan
“O bocah gemblung” Jono sewot
Akhire guru pelajaran geografi melbu kelas, kabeh arek-arek ora ana sing mari garap resume. Suasana kelas dadi sepi kayata kuburan, tapi ing jero atine dhewe-dhewe padha dredek wedi yen bakale oleh hukuman “bancakan”.
“Dino iki wayahe ulangan sing pertama gawe pelajaran geografi, nanging yen ora ana sing ngumpulake resume ora bakal ana sing ulangan. Saiki ndang dikumpulake resume ing ketua kelompoke dhewe-dhewe” Pak Sumitri ngendikan
Nanging arek-arek ora ana sing mangkat, amarga ora ana sing mari. Akhire salah sijine kancaku yaiku tegar tibake wis mari garap.
“Niki pak kula sampun mantun ngerjakake tugas resume” tegar ngomong marang Pak Sumitro
“Yawis le, berarti kowe ijen sing ulangan ndang disiapake kertas sak lampir” Pak sumitra ngendikan marang tegar “gawe liyane sing dereng rampung, ndang dirampungake resume nanging kerjakna ing pelataran ngarep kelas, ora oleh adoh-adoh saka kelas lan aja rame”
Banjur arek-arek gemeruduk metu kelas.
“Alhamdulillah aku gak ulangan dina iki” Raka ngomong dhewe
“Ora ulangan tapi ngerjakna resume, yo padha ae” Maya nyauti omongane Raka
Arek kelasku padha getu ngerjakake resume. Kelas sebelah yaiku kelas XI IPS 4 ana sing nginceng ing jaba kelas, banjur takok, lapo kok kelasku padha nang jobo ngerjakake resume. Ketepakan Pak Sumitro metu saka kelasku.
“Kowe kelas opo le kok ana ing kene” Pak Sumitro takok marang Tejo
“Kula lare kelas sebelah Pak” Teja jawab
“Lha terus lapo kowe ing kene? Ayo mrene” ajak e Pak Sumitro
Banjur Teja mara “ingging Pak”
“Saiki ndang jupuk posisi kaya biasane, sebabe kowe keluyuran pas pelajaran”
Arek-arek padha ngempet guyu amarga Tejo kenek hukuman. Mari nglakoni hukuman Tejo melbu kelas karo ngempet isin.
Setengah jam sakmarine kejadian iku mau Pak Sumitro ngongkon arek-arek melbu kelas amarga Tegar wis rampung ulangane. Pak Sumitra ninggalake kelas pas bel tanda muleh krungu.
Sing biasane arek-arek padha langsung grudukan muleh, dino iki arek-arek kepeksan gak muleh amarga garap resume. Sakdurunge ninggalake kelas Pak Sumitro ngendika yen resume terakhir dina iki. Sampek sore arek-arek jek tas mari garap. Langsung ditumpuk lan muleh.
Mene isuke wis kaya dina-dina biasane, melbu kelas pelaran terus istirahat banjur pelajaran maneh lan bel tanda pelajaran terakhir muni. Aku, delia, Raka, Doni lan kanca kelas liyane mlaku ing parkiran. Pas tekan parkiran kelas X salah sijine kancaku gedebukan lan ngomong “he nang parkiran kelas XI ana Pak Sumitro” banjur arek-arek padha delik ing jero jading amarga arek-arek ora ana sing gawe hasduk.
“Mosok awakdewe nang jero jading sampek sore rek” Delia ngomong marang kanca-kanca
“Wes talah babah timbang kenek hukuman maneh. Blenger aku” Raka jawab
Kacek 10menitas Pak Sumitro ninggale parkiran banjur arek-arek metu saka jading karo cekikikan.
“Rong dino iki enek ae kedadean sing garai jantungen” Doni gremeng
“Wis babah, ayo muleh” Delia ngajak muleh.

Kelas XI wingi dilewati ambek ngerjakake resume, bending, bancakan lan liya-liyane. Untunge saiki wes kelas XII.
Share:

0 komentar:

Posting Komentar