Dening Reforizqi
Ing
sawijining dino, aku lan keluargaku lungo menyang omahe simbah. Awal mulane,
rencana gawe nyambangi simbah iku pas kabeh podo preian sekolah. Pas tanggal 22
Juli 2015 iku wayah e preian. Dulur-dulur podo duwe ide manfaatno prei semesteran
iku kanggo sambang eyang wonten Kuto Malang. Aku ngomong marang wong tuwa lanek
arep budal bareng dulur-dulur. Nah, kebetulan Bapak lan Ibuk ugo tumut spisan
amargi sampun suwi mboten mirsani simbah alias sampun kangen. Kesepakatane
tanggal 24 Juli kabeh saget melu.
Aku lan rombongan dulur liane
siap-siap tekok jam 06.00, sadurunge budhal sampun nedha wonten omahe
dewe-dewe. Jam 07.30 tet, kabeh wes rampung kari budhal. Wonten 3 mobil sing
digawe lungo. Adhiku seneng banget iso diajak lungo mergo de e jarang metu saka
omah. Perjalanan Jombang – Malang sekitar 3 jam, akhire aku lan rombongan sampek
ten omah e simbah jam 11.30. Dulur dulur seneng banget. Simbah lan bude sehat
lan mboten gerah.
Sawise nyampek, aku lan adhiku,
jeneng e Fahmi leyeh-leyeh disek ing emperan omah. Hawane adem ayem. Jam 13.00,
aku sholat dhuhur jama`ah wonten masjid sebelah. Mari sholat, aku diajak Bapak
tumbas nedhaan kanggo wong akeh.
Bapak : Ayo mas, tuku sego gawe simbah lan liane
Aku : Inggeh Pak, kulo mantun sholat niki. Nitih
mobil nopo mlampah?
Bapak : Numpak mobil ae le.
Sampean sing nyetir
Aku : Inggeh siap !
Aku lan Bapak tumbas nedha ing warung sing
jarene enak ten Malang. Tumbas nedha rampung, aku lan dulurku, Dhandy mlampah –
mlampah muter sekitar kampung. Pas mlampah ing dalan, aku krungu aban-aban
koyok suarane kucing. Aku langsung kanda dulurku yen ana suoro kucing.
Aku : He Dhan, rungokne. Abane kok suarane kucing
iki saka endi asale?
Dhandy : Iyo Mas, ayo
digoleki bareng.
Aku : Ikuuu kucing e neng mburine kardus !!
Dhandy : Sampean pingin
nyekel kucing e ta? Kudu alon Mas, kucing e apik
soale. Kucing Anggora iku.
Ndilalah
pas wes cedek, kucing e langsung mlayu. Aku lan dulurku kaget, dulurku wes
emosi amarga kucing e mencolot. Akhire podo mlayu nggolek kucing iku maeng.
Dulurku sambat awake pegel kabeh, lan njaluk mulih ten omahe simbah.
Sampek omah, aku lan dulurku ngombe
lan sholat ashar. Nah, aku nalika njupuk banyu wudhu, tibakne kucing sing iku
maeng leyeh-leyeh ten ngarep jeding. Aku takok marang Budhe asal e saka ngendi
kucing iku
Aku : Budhe, niku wonten kucing apik melbu omah.
Niku kucing e sinten?
Budhe : Loh, sampean
gak ngerti ta mas. Iku ngunu kucing e budhe saka
omah Surabaya tak gowo mrene le !
Aku : Laiyooo, niku kucing e budhe nopo tibak e.
Kulo kaliyan Dhandy tiwas
nguber-nguber kucing niku sampek kebles keringet.
Dhandy :
Jangkrik, iki mang kucing e ta Mas !! Ya Allah, aku sampek kesel nguber. Budhe, kucing e nopo oleh kulo
beta rawuh dhateng Jombang?
Budhe :
Ngawur ae le le. Ojo, iku ngunu kucing kesayangane budhe. Malah digowo
moleh.
Akhire
aku lan dulurku lego. Aku lan dulur liane seneng wonten kucing apik. Seneng
banget iso sambang simbah lan ngumpul bareng. Opo maneh enek kucing lucu
kagungane budheku.
0 komentar:
Posting Komentar