Dening : Dewi Masruroh
Ulan
Maret enek lomba Fragmen Budi Pekerti’15 lomba teater nasional. Teater Smagajoe
melok lomba iki, segurunge tampil akeh persipan-persiapan seng dilakoni. Awale
sutradara ngumpulno kabeh pemain terus casting
aktor karo penari latar, musik karawitan gak dicasting soale seng iso main
karawitan mek titik. Sutradara ngae naskah karo nyelok guru karawitan, seng
ngulangi nari iku arek teater dewe. Sakbendina mari sekolah latian sampek jam
17.00 minggu yo latian. H-7 lomba, sutradara entok kiriman surat seng isine
pemain karawitan kudu lima karo guru pendamping, mari ngunu dirombak kabeh aku
seng awale main bonang penerus gak oleh main diganti dadi krew. Sutradaraku pak
Agus ngomong
“ Gakpopo ya gak main, ketentuane lomba seng
main karawitan kudu lima, mben jek enek lomba eneh”. Atiku loro banget,
mbendina latian pegel-pegel tapi h-7 aku diganti. Aku cerito neng
kanca-kancaku, ibuku yo pada ngomong
“ Sabar wi, mben jek iso
main eneh”. Aku mek nangis ben bengi. Mari aku seng didepak, koncoku Iman seng
main gong yo diganti karo guru pendamping jenenge Sumo. Bendina Iman ngulangi
pak Sumo, opo seng dirasakno areke podo karo aku geton, mangkel lan liya-liyane
tapi piye maneh jabatan seng duwur neng penggarapan teater iku sutradara dadi
kabeh kudu manut sutradara, opo seng diomongno sutradara kabeh gae apike
pemain.
Lomba teater dina kamis,
aku gak masuk sekolah dikeki dispen teko Dinas Pendidikan. Masio aku gak main
tapi Pak Agus ngongkon tetep melok neng Surabaya ngewang-ngewangi. Aku karo
konco-konco wedok liyane nginep neng omahe mbak Fairuz soale idek karo sekolah,
jam 03.00 mobil sekolah karo Pak Agus nyusul terus budal. Perjalanane dimulai
jam 04.00 sampek jam 07.00. Sakwise teko, pemain podo bloking terus ganti klambi karo nyiapno surat-surat lomba. Pak Agus
nariki kartu pelajar, pemaine podo gak ngowo. Wonge mureng-mureng neng mas
Mario soale wonge ngekeki mandat nek areke kudu ngilengno kabeh pemain ngowo
kartu pelajar. Aku ngesakno karo mas Mario segurunge tampil dek e wes sering
ngilengno tapi pemain liyane rodok gak ngreken. Akhire sopo ae dijaluki kartu
pelajar terus difotokopi. Gak mek masalah kartu pelajar tok, enek masalah eneh
yaiku moro-moro panitia lomba ngongkon ngeprint naskah. Krew bingung dewe-dewe
enek seng mlayu fotokopi enek seng ngetik naskah terus diprint, ngeprint neng
Surabaya iku angel soale podo gak ngerti panggone. Akhire krew mlayu metu
lokasi lomba ngolek print-printan soale gak enek kendaraan, entok warnet tapi
jarake adoh banget. Regane ngeprint saklembar iku 5000, larang banget gak koyok
neng Jombang. Sakwise ngeprint arek krew maeng mbalek mlayu neng ngone lomba.
Krew liyane mbareni pemain soale ate main. Wes mari kabeh garek ngenteni
giliran main, pas giliran main kabeh krew wes podo siap angkat-angkat barang.
Permainane rodok gak lancar, pemain utama kepleset pas main. Mari main aktor
karo aktris diwanwancara karo wartawan gara-gara dramae apik.
Pengumuman menang jam
19.00 kabeh podo ndredek, pas diumumno Teater Smagajoe menang mborong telu
juara yaiku naskah teraik, sutradara terbaik, karo penampilan terbaik. Kabeh
sorak seneng sujud syukur, opo seng dilakoni sebelume lomba gak sia-sia kabeh
kebayar karo piala-piala karo duek. Pak Agus mesti ngomong “ seng penting iku
proses penggarapan, masalah menang ta kalah pas pentas iku hadiah penggarapan
”. Kabeh podo ngrangkul kanca-kancane karo foto bareng terus muleh Jombang.
0 komentar:
Posting Komentar