Dening : Intan Awwaluna Firdaus
Juara siji yaiku…..Ayu,
Ayu, Ayu, (penonton pada nyelok jenenge Ayu) di olehno.…Ayudia Pelangi, selamat
kanggo Mbak Ayudia seng oleh juara siji lomba main piano sak Indonesia. Ayu…Ayu…tangi
ndok ibuke nyelok ayu saka pawon nalika masak. Krunggu enek seng nyelok
moro-moro Ayu langsung tangi. “Ealah tibakne iki maeng ngipi.” Ayu ngomong.
Jenenge Ayudia Pelangi,
biasane dicelok Ayu. Manggon nang Jakarta, bareng ibuk lan simbah wedok. Bapake
wes suwe gak enek amarga kecelakaan montor nalika Ayu kelas 3 SD. Ibune kerjo
dadi guru SMP nang cideke omahe, kanggo nguripi Ayu lan simbahe Ayu. Ayu sak
iki SMA kelas 11, Ayu sekolah ing SMAN 35 Jakarta. Sak tahun terakhir iki Ayu
melok les piano nang omah gurune seng ngulang nang sekolahe Ayu. Ayu mulai
seneng main piano nalika tau ndilok nang yotube
arek main piano seng wes ahli, amarga iku Ayu langsung kepingin nemeni belajar
piano supaya isa dadi pemain piano sing ahli.
Senin koyok biasane Ayu
pamit ibuk lan simbahe sakdurunge budal sekolah. “ Buk, mbah, Ayu pamit sekolah
rumiyen.” Pamite Ayu marang ibuk lan simbahe. “Ati-ati nduk, sing pinter nek
sekolah.” Jawabane ibukke Ayu. Ayu budal numpak angkot, “ Woi, awakmu ta iki maeng tak kiro sopo.” Ayu nyelok
sahabate Mira lan Dini seng gak ketemu rong minggo amarga preian semester. Ayu
lan sahabate langsung rangkul-rangkulan. Nang angkot bocah telu maneg pada cerita piye preiane lan pada nguyu
nyeritakake kadadean-kedadean lucu nalika preian. Angkot seng ditumpaki ayu
lan sahabate maeng wes tekan sekolah. Ayu melbu sekolah lan pelajaran koyok
biasane. Tet…tet…tet…bel muleh wes muni, Ayu moleh lan mlaku menyang gerbang ngarep kango nyegat angkot ing dalanan menyang gerbang
ngarep Ayu dicelok sabate yaiku Mira lan Dini. “ Yu aku enek brosur lomba main piano nang Bali
tingkat nasional ( karo nyerahno brosur nang Ayu) tanggal 25 Agustus, kurang 3
wulan. Aku yakin awakmu isa, ayo yu melok jarene awakmu kepingin dadi juara
nasioanal? Lha iki kesempatan ojo disia-siano.” Mira ngomong nang Ayu. “ luh…
aku yo kepingin se, tapine aku ijek sak tahun iki belajar piano. Aku yo tak
takon nag Bu Lena disek” Koncone njawab, “ mangkane iku yu awakmu kudu
semangat, lan latihan seng temen supaya isa dadi juara.”, “ amiinn.” Jawabane
Ayu.
Dina Rabu nalika Ayu les
piano Ayu takon menyang Bu Lena ngenani lomba main piano sak Indonesia. Akhire
ayu diizini ambek Bu Lena kanggo melok lomba main piano.” Mainmu piano iku apik
nduk masio cuma setahun belajar, tapi mainmu gak kalah karo pemain piano seng
ahli.” Ngomonge Bu Lena marang Ayu.” Amiin bu, Alhamdulillah, mugi-mugi kulo
saged dados seng sae.” Harapane Ayu supaya isa dadi kenyataan. Sak bendina Ayu
latihan marang Bu Lena supaya main pianone isa apik. Ora lali Ayu njalok do’a
nang ibuk lan simbahe supaya latihane lancar.
Sak wulan terakhir
sakdurunge lomba, ayu gelek ngerasakno sirahe ngelu, lan Ayu ya gelek mimisen. Ayu
ora ngomong sopo-sopo tentang sirahe ngelu lan gelek mimisen ayu nganggep iki
cuma kepegelen, Ayu tetep semangat latihan kanggo lomba. Ayu ngerasa sirahe
ngelu kok gak mandek-mandek. Akhire Ayu priksa nang dokter, dokter ngomong
penyakite Ayu wes parah. Ayu ora ngomong nang sopo-sopo tentang penyakite.
Utamane ibuke, amarga Ayu ora kepingin ibukke sedih lan khawatir.
Dina minggu Mirta lan Dini
dolan menyang omahe Ayu. Soale Mirta lan Dini krungu nek Ayu gelek semaput.
Nalika wong loro takon tentang penyakite ayu, ayu ora njawab. Ayu ora kepingin
sahabate, ibune, gurune, simbahe, sedih lan khawatir marang Ayu.
Dina sabtu isuk Ayu budal
lomba kanggo babak penyisihan. Ora lali Ayu njalok doa restu marang ibu lan
simbahe. “ bu, Ayu pamit tindak lomba menyang Bali. Kula nuwun doanipun
panjenengan supados saged lancar lan saged dados juara.” Ayu njalok doa marang
ibune. “iya nduk, ibuk terus ndoano sampean, ati-ati nduk”. Jawabane ibuke Ayu.
Maringunu Ayu budal menyang Bali diterake Bu Lena.
Minggu bengi, Ayu tekan
ing Bali, Rbune Ayu langsung lomba. Ayu lolos terus lewat babak penyisihan,
sampek babak final. Ayu ora lali syukur marang Gusti kang maha agung, amarga
bisa diparingi kamudahan. Ing hotel Ayu telpon ibune kanggo menehi kabar, “ bu,
Alhamdulillah kula lolos babak final,nuwun doane panjenengan bu. Mugi-mugii
saged dados juara setunggal.”.” iku mesti nduk, ibuk sakbendina donga kanggo
sampean ya mugi-mugi sukses”.” Amiin, ngeh mpun buk, kula badhe latihan
rumiyen. Assalamualaikum buk.”.” waalaikum salam”.
Babak terakhir seng
dienteni yaiku babak seng nemtokake sopo seng dadi juara, Ayu nuwun supados ibune
isa teko ing acara final lomba piano iki. “marilah
kita sambut penampilan dari Ayudia Pelangi, tepuk tangan yang meriah untuk
Ayudia Pelangi”. Ayu main piano apik tenan, masio ana kesalahan titik tapi
ora ngurangi penilaian juri. Lawane Ayu
ya ora kalah karo ayu, maine ya apik. Sakmarine Ayu tampil, pamirsa langsung
ngadek lan tepuk tangan amarga Ayu pas lagi main piano apik tenan. Lawane Ayu ya ora kalah karo ayu, maine ya apik.
Sakwise tampil, nang mburine panggung Ayu lansung nanggis eling perjuangane lan
almarhum bapake Ayu, ibune, simbah, kancane, lan bu lena seng sakbendinane
ngulangi ratna sampek isa koyok sak iki. Ayu eling nalika ngipi seng sekitar 4
wulan ika dadi kenyataan. Pegumuman
pemenang diumumake seminggu sakmarine para finalis tampil.
Sakdurunge pengumuman Ayu
wes mbalek nang Jakarta, sakwise teka awake Ayu ngedrop, Ayu langsung digowo
menyang rumah sakit karo ibune. Tambah dina keadaane Ayu tambah elek, ora ana
kemajuane. Ayu difonis dokter kenek
penyakit kanker otak stadium akhir, Dokter ya mung isa nolongi sak isane. Sedina
sakwise akhire dokter nomong nek nyawane Ayu ora isa ketolong maneh. Ibune
langsung nagis, ora kuat nrima brita iki. Bu Lena, sahabate Mirta lan Lena, lan
kanca-kancane pada ngelayat. Akhire Ayu dikubur nang jejere makam almarhum
bapake.
Sedina sakwise dikubur, Bu
Lena Nyerahake surat seng ditulis Ayu sakmarine lomba. Bu Lena jek tas eling
ana surat sing dititipake Ayu. Bu Lena ya nyerahake piala juara pertama sak
Indonesia ngone Ayu. Nalika ibune Ayu mbukak surat saka Ayu lan nerima piala
ibune Ayu langsung mrabak lan nagis. Isine surate kaya iki, “ sepuntene seng
katah buk, Ayu mboten sanjang ibuk nalika Ayu gerah. Mugi-mugi piala juara
pertama dados ngen kula. Matur nuwun buk sampun dados ibuk seng sae lan tresna
kale kula. Ayu badhe pamit rumiyen.”. banyu mata ibune Ayu langsung mili ora
kena dibendung. Piala kuwi dadi kado lan kenangan saka Ayu marang ibune, amarga
Ayu wus ora ana.
0 komentar:
Posting Komentar