Senin, 19 September 2016

DI TUBRUK AREK WEDOK PAS MULEH SEKOLAH

Dening : Bea Subrahim

Pas sak durunge aku di tobrok arek wedok bengi aku ngipi gak uenak pokok e, tak kiro iku cuman ngipi/bunga tidur. Tibak e pas mene isuk pas aku muleh sekolah enak enak aku numpak sepeda montor kalem kalem terus pas sampek tekan ngarepe toko buku sarjana, aku mandek soale dalane pas iku macet soale onok mobil seng arep nyebrang, tibake pas enak enak aku arep mingger moro moro tekan mburi onok arek wedok nyelonong terus aku di tobrok mari ngunu aku ambi areke tibo, lha areke tak sawang ketiban sepeda montore dewe mari ngunu akeh uwong seng moro terus uwong uwong iku nolong aku ambi arek wedok iku. Terus tak delok celonoku suwek kabeh amergo kenek kenalpot ambi sekelku onok seng beset. Terus mari ngunu arek wedok iku nangis amerga awake iku ketindian sepedah montore dewe mari ngunu onok uwong akeh seng nolong arek wedok iku. Mari ngunu onok uwong marani aku, terus rasane atiku gak uenak amarga aku wedi di arani seng nobrok bar ngunu “ uwong iku takok sopo seng salah pas kejadian iku maeng ?” terus arep tak jawab tibak e onok uwong mane seng jelasno nek seng salah arek wedok nang kejadian iku maeng. Terus arep di urusi kejadian iku maeng aku ora gelem terus bar ngunu arek wedok iku marani aku ambi wajahe koyok wedi soale areke ngerasa seng salah mari ngunu areke njaluk sepuro nang aku amerga kejadian iku maeng terus aku nyepuro areke.
      Terus kejadian iku wes mari, pas aku arep muleh nang omah onok kancaku ambi adeke seng marani aku terus areke takok onok opo terus areke tak ceritani mari ngunu kancaku nawari aku amerga ndelok keadaanku seng koyok ngunu aku gelem opo ora di gonceng areke terus aku gelem. Mari ngunu aku ambi areke wes tekan omahku aku ngomong mator suwon nang kancaku terus aku modon tekan sepeda motor terus ibuku kaget amerga ndelok keadaanku seng celono suwek kabeh, sekelku seng beset terus ibuku takok “kenek opo iku maeng ?” terus ibuku tak ceritani seng akeh tentang kejadian iku maeng. Bar ibuku wes ngerti aku langsung di golekno obat karo ibuku terus aku di obati.

Share:

Lunga Menyang Yogyakarta

Dening Aldi Kresna
Wektu iku aku iseh kelas 3 smp lunga adoh karo adhi,wong tua lan rombongan Sman Kabuh budal menyang Yogyakarta numpak bis,budal menyang Yogyakarta kabeh kumpul ing panggon sing disediakno panitia soale rombongan omah e mencar-mencar,perjalanan menyang Yogyakarta nempuh wektu 8 jam,dalanan menyang Yogyakarta suwi banget,nguwasi pemandangan dalanan apik ora cepet nggarai bosen.aku keturon ana bis mergo perjalanan suwi,banjur tekan lokasi kapisan menyang candi borobudur,candi borobudur panggon asri lan apik panggon foto,ora getun lunga  menyang kene,aku lan liane munggah ana Candi Borobudur tekan nduwur luweh apik tekan nisor iso nguwasi panggon liane ,turis akeh podo rene,sawise tekan Candi Borobudur menyang ana hotel kanggo leren,nang hotel aku mlaku-mlaku ana sekitar e hotel akeh wong podo tenguk-tenguk,

sawise tekan hotel isuk e sak marine sarapan isuk ana hotel budhal maneh menyang pantai parangtritis,nang kono pemandangan e yo apik,akeh turis nang kene podo dolan,ana sing dulinan banana boat,ana sing manas lan liane.nang pantai parangtritis nganti suwi mergo podho seneng ana kene,kabeh renang ana pantai,aku lan adhiku dikandani ora oleh renang jarene ombak gedhe,dadi isone tenguk-tenguk ana pinggir pantai,sawise nang pantai parangtritis menyang pusat oleh-oleh Yogyakarta,kabeh podo tuku dewe-dewe di gawe sangu tekan Yogyakarta lan nglanjut perjalanan muleh tekan jombang
Share:

Montor Kuning Langsat

Dening Farid Ardhiansyah
Ing sawijining dina , aku numpak kol katene ning salah siji Terminal , maringunu aku budhal ing jalur seng bener , pas iku teko salah sijine montor ireng mencolot metu tekan tempat parkir pinggir dalan neng kol seng tak tumpaki , sopir kol seng tak tumpaki langsung ngidheki rem jeru sampek ban kol nyeret lan mandek pirang centi meter tekan montor ireng iku mau.
Tukang sopir montor ireng ngetokno sirah tekan cendelo montor lan nyeneni kol seng tak tumpaki . Pak sopir mek mesem lan ngawe sopir montor ireng iku mau , aku heran karo kelakuane . Aku takon kenopo sampean ngelakoni iki ? , sopir montor ireng iku mau arep ngerusak kol seng sampean tumpaki , lan ngirim sampean ing rumah sakit ! , pas iku aku belajar tekan sopir kol iku opo sing di sebut Hukum Trek Kuning Langsat.
Wong kasebut njelasno tentang  wong wong koyo ngunu. Wonge mlaku keliling ngais rejeki dadi yen enek sopir seng ngawur , ojo dipek ing ati , mesem mawon lan sabar .  mari iku aku sampe Terminal lan langsung ngenteni bis tujuanku arep menyang Suroboyo ,                  
Share:

Getun jalaran ora sinau

Dening Eky Ruthfian S.

Wes ono 2 minggu kapungkur enek ujian harian sejarah wajib padahak saminggu sadurunge wes diomongi gurune lek kate ujian harian . Dino senin iku wes gurune kondo" minggu ngarep ulangan bab 1 lan 2". Arek2 podo howas howes kono kene
Enek sg ngomong lek jek gurung siap kendadaken enek sg meneng ae lan enek sg dolanan gak ngereken.
Akhire minggu ngarepe dino senin bengi niatku belajar. Wes nyekel buku trs tak woco, aku ngomong ing njero ati "Lek wes nyekel buku ngene akeh padal hape yo wes tak deleh kok iso aku ngantuk ngene". Akhire aku mapan ng kasur, karepku yo mung tak deleh diluk sirahku, ternyata kebablasen nganti isuk. Akhire wea gak enek niat gae belajar maneh aku ngentengno. "Alah bah wes masalah ngko ujian keri-keri penting budal sek".
Akhire teko sekolah lan bel jam pertama wayae sejarah
Ndelala ngewasi soale tok aku wes bingung teko 5 soal sg mung iso tak garap 3 tok liane gak ngerti. Akhire gak tak jawab sg 2 nomer. Lan saiki aku getun lapo gak sinau sek.
Share:

Sina

Dening : Maulidatus Syafaah
Sina yaiku arek cilik sing sebatangkara. Sina ditinggal wong tuwone, ket cilik sina wes dititipno mbahe. Sakjoke rong ulan wingi Sina dadi arek mandiri ndek omah tuwo tinggalane mbahe, Sina nyesel soale sekdurunge mbahe meninggal Sina ora tau takon nang mbahe tentang sopo dulure lan nandi dulure. siji sijine omongan mbah sakdurunge meninggal yaiku “mben pas awakmu wes gedhe sin, ojo lali dolen nang pulo Aer ndek daerah kidul Indonesia kono” iku sing diomongno mbah sakdurunge sedo. Tapi dorong sempet Sina takon opo maksude omongane mbah, mbah wes ora ono.
6 tahun lewat Sina mbalek nang omah mbahe nang Jogja. Umure sina 22 tahun saiki sina wes mari sekolah lan ndewe kerjoan tetap nang Jogya. Dino pertama Sina mbalek nang jogya Sina ngersiki omah tuwo peninggalane mbahe iki. Pas Sina ngersiki kamare si mbah Sina nemu surat ndek ndisore bayange si mbah, surat iku ndek bagian amplope onok tulisan “Merlin ing pulo Aer” pas tak buka gaonok lembaran surat tapi onok photo ,ndek foto iku onok sepasang pasangan sing foto nang omah ndek pinggir pantai.   
Mari ndelok surat iku sinapun kelingan omongane mbah sakdurunge meninggal sing ngongkon sina nang pulo Aer iki . Amargo sina kepingin ero  opo maksud omongane mbahe iku maeng. Akhire Sina mutusno gawe nang pulo iku. Awale Sina ngolek informasi nang internet tentang pulo iku ternyata pulo iku onok nang daerah lombok ndek sebelah lore pulo Gilitrawangan. Gak mikir sui Sina akhire mutusno gawe budal mrono.
Seminggu kepunggkur Sina budal nang lombok numpak pesawat nang Mataram maringunu baru numpak kapal nang pulo Aer. Saktotoke nang kono Sina langsung ngolek ngon nginep. Untung mayoritas wong kono muslim dadi Sina gak repot repot gawe ngolek panggonan lan mangan. Menene Sina langsung ngollek keberadane merlin sing onok nang foto ,Sina takon takon nang penduduk- penduduk lan ngunjungi nang kabeh pantai sing ono. Sampe Sina ngoleki nang pantai seng dalanane angel soale ngone  nang plosok, dalanane rusak lan omah omahe pendudduk mung saitik. Tapi tekan kabeh pantai sing digoleki Sina cuman pantai iki tok sing omahe meh mirip ning foto, ndek foto omahe warna biru tua. Tapi masalahe omah penduduk kene warnane biru tua kabeh. akhire Sinaa mutusno gawe takon adik adik sing lagi dulinan  nang latare “dik apa ada orang yang bernama merlin didaerah ini?” sina takon gawe bahasa indonesia soale areke eling iki duduk nang Yogya. Marine Sina takok sdik iku langsung moro moro mlayu nang njero omahe nyeluk ibune “mak, ada orang yang mencari nona merlin” ibune langsung metu nemoni Sina lan ngongkon Sina melbu “ada apa nak, kenapa mencarinya?” ngunakno logat Matarame. Langsung Sina ngomong tujuanne ngolek merlin soale pingin takon tentang hubungane merlin ambek mbah Fatma iku opo lan Sina sempet takon nang ibu iku tetntang merlin, ibu iku langsung crito lhanek merlin iku biyen none belanda sing nikah ambek pribumi soale dianggep pengkhianat akhire bojone dihukum mati terus merlin di asingno nang pulau iki. Enem tahun dekwinggi merlin nikah maneh ambek wong pulau kene.marine Sina ngrungokno critone ibuk iku Sina takon ndek sebelah endi omahe Merlin lan jarenene ibuke omahe Merlin ono ing cedeke watu karang, tangane ibuk iku nunjuk nang arah kidul. Sinapun langsung ngoleki omahe maneh lan ora lali ngucapno matur suwun nang ibuk sing wes nulungi areke.
Pas totoke Sina nang cideke watu karang , Sina ndelok enek omah tua, resik lan akeh kembange ing halamane. Sina ngedok dok lawang moro moro onok arek wadon ayu putih mbukak lawang lan mulai takon tujuan sina teko nang omahe. Sina langsung ngenalno dirine lan asale nang wong wadon iku lankondo yen areke ngoleki wong sing jenenge merlin. Wong wadonmau nguyu lan mersilahno sina gawe melbu. Merlin langsung takon “dadi ono opo sampeyan rene nduk?” Sina sempet kaget amerga Sina gak ngiro lhanek wong wadon sing putih iki iso basa jawa, “kula madosi tiyang sing namine merlin” lansung wong wadon iku njawab yen dee iku sing jenenge merlin “oo panjenegan, kulo badhe tanglet panjenengan semerap tiyang sing namine fatma?”. Merlin jawab lanek areke kenal karo mbah Fatma lan merlin takon piye kabere mbah lan nandi wonge saiki soale wes pirang pirang tahun iki ora tau mbales surate lan yo gatau ngekeki kabar. Tak jawab iri lhanek mbah Fatma wes ora onok nang dunyo. Merlin kaget lan langsung seketika matane mbrabak abang Merlin ngroso salah soale gaiso ngrawat lan njogo mbah fatma, Merlin bali takok nang sina “nduk kowe iki sopone mbah Fatma?” Merlin ngomong kesendat sendat. “kula niki anak asuhipun si mbah” langsung Merlin ngrangkul Sina lan njaluk sepura nang Sina amarga gaiso ngopeni Sina. Sina binggung lan gatego ndelok Merlin. Tapi gak sui merlin crito lhanek Sina iku anake sing biyen di titipno nang mbah Fatma amerga Merlin diasingno nang pengasingan lan bojone di ukum mati amerga nikahi wong londo. Mari ngerungokno crita iku Sina pun langsung sungkem nang merlin lan podo njaluk sepuro amarga ogak langsung ngoleki panggunan iki ket biyen. Akhire Sina iso nemokno dalan gawe nang surga lewat telapak kaki ibu dadi sakwise Sina petok ibune ,Sina tinggal nang pulau Aer gawe mengabdi nang ibune.


Share:

Dolan Menyang Suroboyo

Dening Imam Hidayatullah
Ing sawijining dina pas prei semesteran, aku lan ketelu kancaku dolan menyang kutho Suroboyo nitih sepur. Aku budal tekan stasiun Jombang sekitar jam setengah 5 isuk soale aku lan kancaku ncen sengojo golek sepur sing kelas ekonomi, maklum lah budale pancen ra patek bondo.
Sesampeke ning Suroboyo sekitar jam 8 aku lan kancaku mudun teko sepur maringunu langsung mlaku – mlaku nguteri kutho Suroboyo nganti awan. Mari mlaku – mlaku aku lan kancaku leren ning mesjid cidek stasiun wonokromo mesisan sholat dhuhur. Sakmarine sholat dhuhur aku lan arek – arek padha nggeletak dewe – dewe amerga kepegelen. Aku tangi nggugah kancaku soale adzan ashar wes krungu, aku gantian adus lan wudhu kanggo ngelakoni sholat ashar. Sakwise adus lan sholat ashar aku nerusake perjalanan karo kancaku dolan ning salah siji mall sing ana ing kutho Suroboyo.
Maringunu aku melbu ning mall lan nguteri mall kasebut, pas enak – enake mumet – mumet dadak kancaku padha sambatan lesu kabeh, yawes akhire awakdewe sepakat nggolek bakul sego goreng, nanging aku wedi yen duwitku karo duwite kancaku ngko kurang nek pas gawe mbayar sego goreng. Tapi salah siji kancaku ngomong nek areke ngowo sangu akeh lan gak usah khawatir nek mbayare kurang. Akhire 2 kancaku pesen sego goreng 4 porsi sak ngombene es teh lemon, jare kancaku nek mangan sego goreng terus ngombene es teh lemon iku cek iso diarani koyok wong kutho. Ncen kancaku podo kowa kowo wkw.
Sakwise mangan lan ngombe, yoiki hal sing paling gak disenengi karo arek – arek yoiku urunan gawe mbayar. Saiki wayahku lan salah siji kancaku sing nggowo sangu akeh gawe mbayarno. Sakwise duwit urunan ngelumpuk, aku lan kancaku ikumau langsung mlaku marani kasir bakul sego goreng sing dipesen kancaku mau. Nah urunane arek – arek mau 15 ewu dadi nek ditotal kan 60, lah kancaku sing sangu akeh ngomong yen kurang mengko tak tambahi. Dadakno  pas ning kasir mbake ngomong yen enteke yoiku 80 ewu. Aku yo kaget kok iso enteke sakmunu akehe, tapi kancaku santai – santai wae amerga pancen areke ngomong yen sangune akeh. Tibake  pas duwite ditokno mek garek 10 ewu. Aku wes mulai bingung amerga kancaku wis nggrayah sak celono ngarep ngguri pancet gak nemokno duwit, jarene areke mungkin duwite lugur pas mlaku – mlaku awan maeng.
Akhire gelem gak gelem mek mbayar 70 nang mbake lan njaluk sepuro sing akeh amergo mbayare kurang. Pas kedaden iku aku isin sak isine amerga akeh arek wedok sing nguasi, untung ae mbak kasire gelem ngerteni lan nerimo duwit 70 ikumau. Sakmarine mbayar aku langsung ngureng – ngureng kancaku ikumau, nanging areke mek cengar cengir koyok gak nduwe salah. Terus aku mbalek ning stasiun wonokromo sekitar mari magrib soale sepure budal menyang wonokromo sekitar jam 8 bengi.
Sesampeke ning stasiun aku lan kanca – kancaku sholat magrib lan isya ning musholla sing ana ning stasiun karo turu – turu ngenteni sepure teko. Terus jam 8 luwih titik sepur sing dienteni teko, aku lan kancaku langsung melbu maringunu nggoleki nomer panggon lungguh. Ning njero perjalanan aku lan arek – arek padha turu sampe tekan stasiun peterongan amerga awake wis padha pegel kabeh.

Sepure teko stasiun Jombang jam setengah 10 bengi, terus mudun lan moleh ning omahe dewe – dewe kanggo nerusake turu ikumau. Iki pengalaman sing berkesan lan gak bakal tak lalino.

Share:

Ancene Konco Ora mesti

Dening : Mihmidati Sayyidatul Ummah
Ing deso Kenanga ana si mbok lan anak e kang urip serba kekurangan, nanging simbok isih ana rasa syukur marang gusti Allah. Nanging si anak e simbok sing jenenge Lala senengane nesu, lan ora tau bersyukur marang gusti Allah. Lala sekolah ing SMAN 1 Yogyakarta. SMAN 1 Yogyakarta iku sekolah favorit ing Yogyakarta. Simbok nyambut gawe dodolan nagasari mumeti deso nang deso.
Pas dino senin sak durunge budal sekolah, Lala pamit marang si mbok lan njaluk sangu nanging si mbok durung nduwe dhuwit amarga dagangane wingi durung payu. Lala, “Mbokkkk.. aku pamit budhal sekolah nggeh, endi sangune?“, Si mbok njawab “ Si mbok gak nduwe dhuwit nak, dhuwite wes tak tumbasno gae sarapan sampeyan iki“.  “Loh piye mbok, mosok aku gak sangu? Lah terus aku njajan opo”  jawabe Lala nyentak si mbok. Simbok nangis amarga Lala ora iso ngerteni si mbok. Lala metu omah lan gak sallam marang si mbok.
Sak bendino Lala koncoan karo Nani, Nani yaiku sahabat raket ket cilik. Nani saka keluarga sing soge. Nanging dheweke orah tau sombong. Sak bendino Nani lan Lala budhal sekolah bareng. Nang dalan Lala wajahe nesu amarga ora oleh sangu saka si mbok.  “Loh La, awakmu kok nesu, lapo?”, “Ora kok, aku gak di wenehi sangu ambek si mbok” jawab Lala. Nani njukuk dhuwite nang dompet “La, iki onok tabunganku, gaween dhisik gawe njajan engkok”, lan Lala njawab “Gak usah na, aku mesti ngerepoti awakmu, utangku wingi yo gorong tak saur“, “ Halah gak usah sungkan mene ae nek wes nduwe dhuwit sauren gak popo” jawabe Nani ambek nguwehno dhuwit nang Lala. Akhire Lala gelem nerimo dhuwit saka Nani.
Nang kelas ana wulangan dhadakan, Lala nesu nang Nani “Ealahhh yoo..yoo padahal aku doorong sinau “, “ Laiyo La, aku padahal yo dorong sinau e, soale aku wingi ndilok drakor, yoweslah dilakoni ae dhisik ya, ojok nesu terus La tambah elek o hahah“ jawab Nani ambek ngguyu ngakak marang Lala. Akhire Lala wes gak nesu maneh amarga wes di guyoni ambek Nani. Wektu ulangan Lala ngerasa soal wulangan gampang-gampang lan orah susah, dheweke gedhe rumongso nek wulangane biji 100.
Bel istirahat wes muni, Nani ngajak Lala nang kantin “ Laa, ayok nang kantin, awakmu gak lesu ta mari wulangan ngunulo hahaha...“. “Ngece ta sampeyan, aku maeng rumongso nek aku iso ngerjakno kabeh soal-soal wulangane lohh.” Jawabe Lala ambek gedhe ndase tapi rodok guyonan. “Okeee oke percoyo Lala jagoan e, wes ayok nang kantin La“ Jawabe Nani. Ing kantin Lala pesen panganan sing sederhana (tempe, tahu, lalapan, lan sambel) nanging Nani pesen panganan sing enak lan orah sepadan karo Lala. “Hmm.. enak e uripe Nani, ora serba kekurangan, mangan enak, ayu, soge kurang piye Nani? Lanek aku mung isok ngelamun nek pengen opo-opo. Kapan aku isok dadi wong soge ben isa urip enak, isa nyenengno si mbok”  Lala nesu nang atine.
Bel istirahat wes entek, Nani lan Lala mbalik nang kelas. Ing kelas enek pelajaran Bahasa Indonesia, sakdurunge pelajaran bu guru menewi kuis, soal kuis lumayan angel. Tapi Lala percoyo nek jawabane bener kabeh. Akhire pas di koreksi Nani sing oleh biji paling dhuwur nang kelas. Lala merasa dheweke kesaing karo Nani. Padahal Lala bahasa Indonesia iku pelajaran kang paing di gandrungi. Pas pelajaran Lala bisik-bisik ngomong nang Nani yen Lala ngajak Nani nggolek kerjo sampingan “Nan, mengko moleh sekolah elok aku ya? Ngelamar kerjo“, “Hah? Kerjo nang endi? Sing tenanan? “ Nani njawab cingak “ Tenanan iki, mengko wae tak jelasno, saiki jek pelajaran “ jawabe Lala.
Akhire pas moleh sekolah Lala ngilang, nanging Nani wes ngenteni 1jam, maringunu Rendy “ Loh, Nan lapo kok durung moleh? Ngenteni aku ta? Hahaha “, Nani njawab “ Lalapo?  Awakmu kok gedhe rumongso? “, “ Loalah Nan, awakmu kok jahat se, ojok nggondokan. Ayok tak terno moleh, mengko awakmu di goleki ibukmu loh nek gak moleh-moleh, iki yowes surup “ , Nani njawab “ emohh, aku tak ngenteni Lala, soale maeng dheweke ngajak aku metu “, “ Loh, metu nang endi? “ jawabe Rendy, lan Nani nyaut “ yowes pokoke, awakmu yo ndang moleh “. “ Loh masalahe aku maeng ketemu Lala moleh ambek pacarmu Tomi “, Nani cingaklan jawab “ loh sing temen Ren? Gak mungkin lah Lala nikung Tomi “. Rendy jawab “ aku yo gak ngerti, wes ayok nek awakmu gak gelem moleh dhisik aku tak moleh dhisik yo, ati-ati loh Nan “. “ Iyo ati-ati Ren “ jawabe Nani.
Nang dalan Nani nangis, dheweke gak percoyo lanek Lala moleh bareng Tomi, padahal Nani wes ngenteni Lala suwi, lan pas keadaan hubungane Nani ambek Tomi retak malah koncone sing raket moleh bareng pacare.Nani ngademo ati, dheweke berfikiran positif wae nang Lala, soale gak mungkin Lala ngerusak hubungane Nani ambek Tomi.
Akhire pas isuk budhal sekolah Nani nyusul Lala, nanging jare si mbok Lala wes budhal sekolah ket mau isuk. “ Assalamu’alaikum, mbokk..si mbokk, Lala wonten?“. “ Loh nakk, Lala wes budhal ket maeng isuk, tak kiro maeng budhal ambek sampeyan, soale dheweke maeng pas kate budhal omong-omongan ambek arek “ jawabe si mbok “ Loh, lare sinten mbok? “ jawabe Nani ambek kebingungan. “ Loh gak ngerti aku nak “ saute si mbok. “ Oh inggih sampun mbok kulo tak bidhal rumiyen nggeh, monggo..” Pamite Nani marang si mbok.                       Nani tambah bingung lapo kok Lala berubah, wes wingi ninggalno Nani dhewean, saiki yo ditinggal budhal sekolah. Akhire pas saka kelas Nani mblayu nggoleki Lala, nanging Lala gak ana nang kelas, dheweke wes tambah kebingungan. Pas saka ngarepe UKS Nani ketemu Tomi omong-omongan ambek Lala, ngomonge ora biasa, nanging ana guyonane. Nani langsung marani Lala karo tomi “ La, maksutmu opo? Awakmu lapo ninggal aku dhewean ket wingi “ Nani moreng-moreng nang Lala, tapi Tomi langsung nggeret Nani lan ngomong “ Awakdhewe saiki putus “, “ Loh maksute opo? Lapo putus alesane opo? Nani takok nang Tomi ambek nelongso. “ Soale aku wes ambek Lala, sepurone Nan ” Tomi jelasno nang Nani. Nani langsung ngomong nang Lala ambek nangis “ La, aku ora nyongko awakmu setego iki nang aku, opo konco raket iku koyok ngene? Lah opo balesanmu nang aku, padahal aku yo wes apik ambek awakmu., tapi awakmu kok tego ambek koncomu dewe? “. Lala njawab “ Aku iku iri marang awakmu, awakmu ayu, pinter, di gandrungi wong akeh, kurang opo? Aku iri awakmu isok oleh kabeh opo sing awakmu pingini, mangkane aku pengen ngerebut lan ngehancurno hubunganmu karo Tomi “, Tomi nyaut ambek gak trimo omongane Lala maeng “ Opo? Ternyata awakmu selama iki mek pengen hubunganku ambek Nani rusak tok? Awakmu ora tresno tenanan marang aku? Oke saiki ndewe putus, ayo Nan tinggalno Lala dhewe nang kene“. Lala ngabothi Tomi sing wes kadong moreng-moreng nang dheweke, “ Lohh, ogak Tomm.. aku tresno tenan ambek awakmu.. ojok ninggal akuu.. “  Akhire Nani lan Tomi ninggalno Lala dhewe.
Share:

Jejaka Suri Tauladan

Dening M. Yusril Y. S.

Ing sawijining wektu ana jejaka sing dikenal tanggane ahli ibadah lan gigih ngadohi panggonan sing biasane digawe maksiat. Jejaka iku jenenge Febrianto namung celukane saben dinane Febri. Febri kerjo dadi office boy ing salah sijine kantor swasta sing jarak teko omahe 15 kilometer Febri budal kerjo numpak motor e, deweke rajin kerjo amarga Febri duwe tanggungan setoran motor.
Nanging gak kabeh wong sakdesane padha seneng karo Febri. Ana sawetara wong ahli maksiat sing sengit marang kealimane Febri. Wong ahli maksiat iku jenenge Agus, Eko lan Puji. Wong telu iku senengane nyabung pithik, ngombe  miras lan doyan jajan seks.
Salah sawijining dinoFebri sing mulih tekan masjid nyopo aguseko lan puji sing lagi dolanan kartu . “Monggo gus, ko, Ji!” Clethuke Febri, namung wong telu mau mlengosi Febri amarga jengkel karo si Febri. Eko kepengin ngrusak reputasine si Febri, akhire wong telu mau nyusun rencana gawe ngejrumusno Febri.
Gawe nglanjutno misine mau , wong telu mau nyewa wong wedok sing ayu rupane jenenge yaiku Yanti,wong wedok kasebut ditugasne godani Febri nganggo awake sing mulus lan rupane sing ayu ben Febri kejrumus ingkang kemaksiatan.
Ingkang sawijining bengi Yanti macak ingkang ayu banget,gaweni klambi sing bahane teko sutra tipis lan ditambahi nganggo wangi-wangian sing menggoda. Yanti langsung marani Febri nang omahe, ngenteni Febri teko tekan masjid karo lungguh ing kursi ngarep omahe Febri. Gak suwe maringunu Febri teko,Yanti wis siap karo tipu dayane.mula- mula Yanti nutupi klambine sing apik nganggo kain ireng
“ Assalamu’alaikum ,napa sampean gadah banyu?” sapane Yanti karo godane Febri. “Wa’alaikumsalam ,insya allah ana. Enteni sedilut” jawabe Febri karo bukak lawang ngarep omahe. Febri lajeng nang mburi omah jupuk banyu lan dheweke balik karo gowo sak gelas banyu ngombe lan menehno menyang Yanti sing gawe cadar ireng lan kain ireng.
Namung wedokan iku malah jaluk mlebu omahe Febri, nanging Febri ketok ragu lan akhire Febri ngolehi Yanti mlebu omahe.namung Febri buka kabeh jendela amarga dheweke kwatir yen kedadian fitnah.
Sakjeroning omah, Yanti kenalan karo Febri sawise kenalan si Yanti terus buka tutup raine  lan godani Febri. Nanging Febri katon tenang lan malah nyeramahi Yanti “ Mbak Yanti ,seumpama saiki wonten malaikat maut teko jemput mbak Yanti, napa jenengan sampun siap? Apa jenengan ikhlas yen jenengan madhep dhateng Allah karo kahanane jenengan sing koyok mangkene?apa sing kang jenengan aturne datheng malaikat Munkar lan Nakir yen di kubur? Apa jenengan yakin lan saged tanggung jawab apa sing jenengan lakoni koyok mangkene marang gusti allah ing padang mahsyar sakmeniko?” dedese Febri.
Krungu omongane Febri , Yanti langsung pucat raine , awake padha gemeteran kabeh lan nangis saknangis-nangise. Yanti langsung gaweni cadar utawa penutup raine mau sing di cepot. Banjur ngunu Yanti metu tekan omahe Febri karo gowo perasaan wedhi marang gusti Allah. Yanti krungu-krunguen karo omongane Febri sehingga Yanti pingsan ing tengah dalan. Wiwit sameniko dheweke tobat lan berubah dados wong wedok sing solehah lan ahli ibadah.

Krungu kenyataane sing sakbenere, Agus, Eko,lan Puji sing ahli maksiat lan sengit marang Febri kaget amarga usahane gagal gawe ngerusak reputasine Febri sakngarepe warga deso,malah wong wadon sing diutus gawe godani Febri kanyatane wis tobat. Lan akhire wong wadon mau utawa si Yanti seda ingkang keadaan sing khusnul khatimah. 
Share:

BUDIMAN

Dening : Alfina W.H
4 taun kepungkur
Langit kang cerah ing Surabaya nandakno persis kaya atiku kang seneng, panase Surabaya ora ngilangno rasa semangat lan senengku iki. “Bu, kulo badhe ten kampus, Assalamualaikum.” pamit ku marang ibu kos. “Ati-ati yo nduk, Waalaikumsalam.”
Aku mlaku tekan kos nang halte, gak suwi aku wis tutuk kampus. Butuh 15 menit tok tekan kos nang kampus. Wajah ramah sumringah mesti aku ketokno nang wong akeh. Kenopo?. Ibu  tau ngomong nang aku, sak gede opo masalah, sak sedih opo kowe tetep o sumringah marang wong.
“Assalamualikum wr.wb, sugeng awan kulo ten mriki badhe nampilaken tugas  kulo kang duweni irahan Sosiology for Communication Channel .” “Matur nuwun.” Arek kelas lan dosen banjur neploki lan ngomong nek hasil tugas ku apik lan ketoto rapi. Alhamdulillah gumamku nang njero ati.
“Bud, Budii.” Citra nyelok aku karo mlayu. Iyo jenengku Budi, Salsazila Nur Budiman. Umurku 20 taun , aku kuliah ing Universitas Pandjaitan jurusan Ilmu Komunikasi semester 6, kurang sak taun engkas aku wes oleh gelar sarjana komunikasi, Insyaallah.
Akeh wong seng ngomong nek jenengku ndeso, wong kaget pas ngerti jeneng dowo ku. “Ayu-ayu kok jenenge nur budiman haha jeneng model opo kuwi?”. Nek jare ibu karo ayah ku Nur Budiman iku cahaya kang nduweni budi pekerti luhur, cahaya iku wes terang benderang dibutuhno wong opo maneh seng duwe budi pekerti luhur. Dungone wong tuwo supaya aku dadi anak kang duwe budi pekerti luhur lan di butuhno marang wong liyo.
Aku pancen ora sepinter kanca-kanca ku seng nang kelas, tapi aku mesti iling karo ucapane ibu yaiku kowe ora usah sedih yen kowe ora pati pinter tapi kowe kudu sedih yen kowe ora duweni budi pekerti kang luhur. Aku kudu duweni tutur basa lan perilaku kang becik supaya aku disegani marang wong liyo.
Senin 23 Juli iki tugas terakhir ku nang kampus pandjaitan , yaiku skripsi. Aku wes mulai golek materi lan wes nyiapno bahan-bahan digawe skripsi, akeh kanca-kanca ku podo wegah nggarap skripsi iki tapi aku banjur ngomong nek iki awal awakdewe nang dalan sukses.
Aku kepingin kanca jurusanku iki podo lulus bareng lan iso sukses bareng, tapi bedo pemikirane ambek kanca ku seng jenenge Citra. Citra ancen arek populer nang kampus tapi emane areke iku kurang duwe unggah-ungguh marang wong liyo opo maneh karo dosen.
Bengi iku adem banget, suara gemercik banyu udan isih kerungu ning kuping. Aku ilangno rasa males gawe ngeprint skripsiku, nang panggon ngeprint iku onok skripsi duwene Citra Mustika universitas pandjaitan, aku kaget banjur takok dadakno pancen Citra bayar wong kanggo nggarap skripsi ne lan wani bayar akeh ben oleh skripsi seng apik.
Sidang skripsi wes teka masane, akeh kabar seng ngomong nek Citra ngekei duwit nang kampus ben areke oleh nilai apik nang ijazah, lan akhire Citra oleh nilai apik pancen wong tuwo ne duwe kuasa nang kampus .Aku rodok mangkel lapo wong kang ora jujur isok nduwe nilai luwih dukur timbang aku kang wes nyiapno materi lan bahan gawe skripsi wes ora kuat karo skripsi kate medot kalah karo wong kang duwe kaya.
Tapi saiki aku wis isok njupuk pelajaran saka kejadian 4 taun silam, aku wis kerja nang stasiun televisi nasional lan aku wis dadi pemaca berita luwih adoh timbang Citra. Citra saiki kerja nang percetakan dadi pegawai biasa, kok isa???.
Citra duwe nilai ijazah apik tapi ora jujur, ora duwe budi pekerti luhur, ora duwe kinerja kang apik. Golek kerja iku gak mek kudu duwe pengetahuan tapi duweni solidaritas sosial kang duwur, paling duwur yaiku budi pekerti luhur. Wong kang ora duweni budi pekerti luhur rasane kaya ora duwe opo-opo.

Jeneng ndeso ku iki nggawa berkah kanggo aku, dungo ne wong tua ku manjur aku dadi wong kang duweni budi pekerti luhur lan sukses lewat dalan lan usaha ku dewe. Alhamdulillah.
Share:

Pengalaman Pribadi Kisah Cinta SMA

Dening Siti Duwi A.

Kisah iki tak tulis pas aku lungguh ng bangku SMA kelas 11. Kisah iki nduweni makna sing iso nggawe kabeh arek terharu. Jenenge Nana lan Anto. Kawitan kenal yaiku pas arek 2 iki podo-podo melok kegiyatan sing podo. Awale Nana iki ora tertarik nang Anto, amergi Anto kuwi arek e nggregetno ati. Tapi Anto ga disangka terus terusan nyidek i Nana. Akhire Nana koncoan cedek karo Anto. Sawijining dina Anto curhat marang Nana :
Anto : ‘’Na ,aku kepengen curhat marang awakmu’’.
Nana : ‘’Curhat opo toh , kok disawang abot nang njero ati?’’
Anto : ‘’Aku kuwi nduwe pacar tapi aku wis gak srek karo pacarku , mergo yowes bosen gak tau komunikasi. Aku kudu piye Na?’’
Nana : ‘’Loalah, lha kenek opo kok wes gak tau komunikasi ton?’’
Anto : ‘’Yo gapopo Na, ancen wes podo podo sibuk karepe dewe karo kegiyatane’’.
Nana :’’Oalah, yo gapopo sakarepmu nek pancen iku keputusanmu ton’’.
Anto : ‘’Tapi aku wedi nglarani atine’’.
Nana :’’ Yo mesti ae toh, nek pacarmu sek seneng ambek awakmu yo pastie arek e loro ati ton’’.
Anto :’’Lah iku Na, aku yowes males ngunu pacaran karo arek e mangkane aku pengen putus ae’’.
Nana :’’ Yo nek iku keputusanmu yo kudu wani nrimo balesane ton’’.
Anto :’’Maksud e Na?’’
Nana :’’Nek arek saiki se ngomonge iku karma pasti berlaku’’.
Anto :’’Oalah,iyo Na ngerti kok aku. Lah daripada aku tetep hubungan tapi aku wes ora seneng dek e mending tak putusno ae’’.
            Sawijining dina Nana krungu kabar Anto wis putus karo pacare. Nana kaget amerga dikirane Anto ora sido njaluk putus marang pacare. Tibak e krungu krungu wes ngerti kabar putuse. Tapi Anto ora ngomong apa-apa marang Nana. Nana krungu kabar maneh tekan kanca kancane putuse Anto iku merga Anto cedek ambek Nana. Gak suwi Nana langsung takok penjelasan tekan Anto.
Nana: ‘’To, piye toh maksudmu kuwi putus perkoro aku?’’
Anto :’’Loh  opo toh Na?’’
Nana:’’Aku krungu tekan kancaku ,jarene putusmu garagara aku cedek ambek awakmu”.
Anto :’’Loh ora Na, aku putus yo garagara sing dekwinginane tak critakne nang awakmu”.
Nana: (Meneng mrengut )
            Anto ngroso gak penak nang Nana, padahal Anto ancen nduweni rasa nang Nana mangkane Anto putus garagara pengen luwih cedek karo Nana. Tapi Anto ora duwe kebranian gawe ngungkapno nang Nana. Akhire Anto ngungkapno kabeh nang Nana nek nduweni rasa marang Nana. Tapi Nana isih mikir mikir gelem nerimo Anton opo ora. Sawise pirang minggu atine Nana luluh marang Anto , akhire Nana pacaran karo Anto.


Share:

Budi Pekerti Hemat Pangkal Kaya

Dening Ryan Wahyu S.

Satiyang jaler ingkang dipunanggep paling irit ing setunggal keraton tertentu mireng prungon menawi enten satiyang jaler ingkang paling irit ing sedaya donya. Piyambakipun pun wicanten dhateng putrane. 

"Kita sedaya pancen gesang irit sanget, nanging menawi kita sedaya sanguh langkung irit malih, kita sedaya bokmenawi sanguh gesang tanpa medhalake biaya menapaa ugi. Sasaenipun kita sedaya sinau uga nyagedaken pitedah saking kegesangan ekonomi tiyang ingkang paling irit ing donya."

Putrane setuju, uga kekalihipun ngengkenaken menawi sang Putra badhe kesah uga bermohon kajengipun tiyang ingkang paling ahli lebet elmi ekonomi niki sanguh ngalenggahanipun dados murid.

Sampun ngrupikaken tradisi menawi tiyang ingkang mertamu uga ngajeng-ajeng konjuk sinau, mbekta sekedhik bebingah konjuk mempererat hubungan, mila sang bapak ngengkenaken putranya konjuk mendhet koin kaliyan aos paling alit, uga tumbas selembar dlacang saking jenis paling mirah.

Pemuda punika budhal datheng peken, uga saksampune numindakake awis-awisan ingkang dangu, piyambakipun kedadosan nyagedaken kalih lembar dlacang kaliyan arta kesebat. Sang bapak lajeng menyimpan selembar dlacang, lajeng memotong lembaran bentenipun dados sepalih kunjukan, uga ing kunjukan kesebat, ing gambara setunggal sirah menda. 

Lajeng piyambakipun mlebetaken piyambakipun mlebet keranjang ingkang ageng. Putrane lajeng mbekta keranjang kesebat uga numindakake radin panjang konjuk mencapai panggen tilar tiyang ingkang tepang paling irit ing donya uga dipunanggep dados ahli lebet bidang ekonomi dening bapakipun.

Sayange panggadhah griya ingkang dikunjungi, mboten wonten lebet griya, uga namung satiyang putranipun ingkang nampi ketamuan tebih niki. Putra tiyang ingkang paling irit ing sedaya donya narosaken tujuan kedathenganipun, lajeng nampi paweweh bebingahipun. 

Saksampune piyambakipun mendhet gambar sirah menda saking lebet keranjang, piyambakipun pun wicanten kaliyan kebak subasita uga basa-basi dhateng tamunipun: 

"Kula nyuwun pangapura amargi mboten enten samukawisa ingkang pangaos uga sanguh gumantosaken bebingah sirah menda ingkang sampeyan sukakna. Nanging, kula tetap badhe membalas bebingah sampeyan dados tanda persahabatan kita sedaya kaliyan nyukakaken sampeyan sekawan buah jeram kajengipun saged sampeyan bekta mantuk datheng griya sampeyan."

Lajeng pemuda punika, tanpa nyepeng jeram ing tangan, ndamel abahan seolah-olah nyepeng jeram khayalan uga nyekawanaken buah jeram khayalan punika mlebet keranjang. Putra tiyang ingkang paling irit lebet keraton lajeng mendhet keranjang kesebat uga mantuk datheng bapakipun konjuk nyeriosaken pangiritan ingkang melampaui pangiritan piyambake sedaya piyambak.

Nalika tiyang ingkang paling irit ing sedaya donya wangsul datheng griya, putranipun nyeriosaken dhatengipun babagan tamu ingkang datheng saking kitha ingkang antawisipun tebih sanget konjuk nyagedaken piwulang lebet bidang perekonomian. 

Sang bapak pitaken menapa ingkang tamunipun sukakna dados bebingah kunjungan, uga putranipun nunjukaken dlacang alit ingkang nduwe gambaraken sirah menda. Sang bapak ningalinipun, uga lajeng narosaken menapa ingkang putranya sukakna dados bebingah balasan. 

Putranipun ngginemaken dhatengipun menawi piyambakipun namung ndamel abahan seolah-olah sampun nyukakaken sekawan buah jeram, uga nunjukaken kados pundi piyambakipun menggenggam buah jeram khayalan ingkang lajeng disimpan mlebet keranjang tamunipun. 

Bapak lajeng dados duka uga berseru ing kuping putranipun: "sampeyan boros sanget pisan, kaliyan driji ngula wau, sampeyan sampun nyukani piyambake sedaya jeram ingkang ageng, kenging punapa sampeyan mboten nyukaninipun jeram ingkang langkung alit?"
Share:

KELAS XI WINGI

Dening : Rosa Pradana Putri

Kedadean iki wektu aku kelas XI dekwingi. Luweh tepate iki kedadean detik-detik terakhir ngumpulake tugas resume. Gawe ukuran pertama diwenehi tugas resume seng menurute arek-arek iku “wabote hmm” mesti padha kalang kabut bengine pas ngerjakake, ana sing bingung gambare kurang, kurang hiasane (rumangsane dekorasi enek hiasan barang) lan liya-liyane. Pas isuke aku wes teka ing kelas, sing biasane kelasku iku sepi banget lak isih isuk iki wis rame arek-arek. Padha bingung karo resume dhewe-dhewe.
“He rek sopo sing duwe gambar stepa, aku jalok” Jono bengok marang arek-arek
“Aku Jon duwe, tapi tak gawe dhewe” Nia nyauti lan cekikikan
“O bocah gemblung” Jono sewot
Akhire guru pelajaran geografi melbu kelas, kabeh arek-arek ora ana sing mari garap resume. Suasana kelas dadi sepi kayata kuburan, tapi ing jero atine dhewe-dhewe padha dredek wedi yen bakale oleh hukuman “bancakan”.
“Dino iki wayahe ulangan sing pertama gawe pelajaran geografi, nanging yen ora ana sing ngumpulake resume ora bakal ana sing ulangan. Saiki ndang dikumpulake resume ing ketua kelompoke dhewe-dhewe” Pak Sumitri ngendikan
Nanging arek-arek ora ana sing mangkat, amarga ora ana sing mari. Akhire salah sijine kancaku yaiku tegar tibake wis mari garap.
“Niki pak kula sampun mantun ngerjakake tugas resume” tegar ngomong marang Pak Sumitro
“Yawis le, berarti kowe ijen sing ulangan ndang disiapake kertas sak lampir” Pak sumitra ngendikan marang tegar “gawe liyane sing dereng rampung, ndang dirampungake resume nanging kerjakna ing pelataran ngarep kelas, ora oleh adoh-adoh saka kelas lan aja rame”
Banjur arek-arek gemeruduk metu kelas.
“Alhamdulillah aku gak ulangan dina iki” Raka ngomong dhewe
“Ora ulangan tapi ngerjakna resume, yo padha ae” Maya nyauti omongane Raka
Arek kelasku padha getu ngerjakake resume. Kelas sebelah yaiku kelas XI IPS 4 ana sing nginceng ing jaba kelas, banjur takok, lapo kok kelasku padha nang jobo ngerjakake resume. Ketepakan Pak Sumitro metu saka kelasku.
“Kowe kelas opo le kok ana ing kene” Pak Sumitro takok marang Tejo
“Kula lare kelas sebelah Pak” Teja jawab
“Lha terus lapo kowe ing kene? Ayo mrene” ajak e Pak Sumitro
Banjur Teja mara “ingging Pak”
“Saiki ndang jupuk posisi kaya biasane, sebabe kowe keluyuran pas pelajaran”
Arek-arek padha ngempet guyu amarga Tejo kenek hukuman. Mari nglakoni hukuman Tejo melbu kelas karo ngempet isin.
Setengah jam sakmarine kejadian iku mau Pak Sumitro ngongkon arek-arek melbu kelas amarga Tegar wis rampung ulangane. Pak Sumitra ninggalake kelas pas bel tanda muleh krungu.
Sing biasane arek-arek padha langsung grudukan muleh, dino iki arek-arek kepeksan gak muleh amarga garap resume. Sakdurunge ninggalake kelas Pak Sumitro ngendika yen resume terakhir dina iki. Sampek sore arek-arek jek tas mari garap. Langsung ditumpuk lan muleh.
Mene isuke wis kaya dina-dina biasane, melbu kelas pelaran terus istirahat banjur pelajaran maneh lan bel tanda pelajaran terakhir muni. Aku, delia, Raka, Doni lan kanca kelas liyane mlaku ing parkiran. Pas tekan parkiran kelas X salah sijine kancaku gedebukan lan ngomong “he nang parkiran kelas XI ana Pak Sumitro” banjur arek-arek padha delik ing jero jading amarga arek-arek ora ana sing gawe hasduk.
“Mosok awakdewe nang jero jading sampek sore rek” Delia ngomong marang kanca-kanca
“Wes talah babah timbang kenek hukuman maneh. Blenger aku” Raka jawab
Kacek 10menitas Pak Sumitro ninggale parkiran banjur arek-arek metu saka jading karo cekikikan.
“Rong dino iki enek ae kedadean sing garai jantungen” Doni gremeng
“Wis babah, ayo muleh” Delia ngajak muleh.

Kelas XI wingi dilewati ambek ngerjakake resume, bending, bancakan lan liya-liyane. Untunge saiki wes kelas XII.
Share:

NEMU KUCING

Dening Reforizqi

Ing sawijining dino, aku lan keluargaku lungo menyang omahe simbah. Awal mulane, rencana gawe nyambangi simbah iku pas kabeh podo preian sekolah. Pas tanggal 22 Juli 2015 iku wayah e preian. Dulur-dulur podo duwe ide manfaatno prei semesteran iku kanggo sambang eyang wonten Kuto Malang. Aku ngomong marang wong tuwa lanek arep budal bareng dulur-dulur. Nah, kebetulan Bapak lan Ibuk ugo tumut spisan amargi sampun suwi mboten mirsani simbah alias sampun kangen. Kesepakatane tanggal 24 Juli kabeh saget melu.
            Aku lan rombongan dulur liane siap-siap tekok jam 06.00, sadurunge budhal sampun nedha wonten omahe dewe-dewe. Jam 07.30 tet, kabeh wes rampung kari budhal. Wonten 3 mobil sing digawe lungo. Adhiku seneng banget iso diajak lungo mergo de e jarang metu saka omah. Perjalanan Jombang – Malang sekitar 3 jam, akhire aku lan rombongan sampek ten omah e simbah jam 11.30. Dulur dulur seneng banget. Simbah lan bude sehat lan mboten gerah.
            Sawise nyampek, aku lan adhiku, jeneng e Fahmi leyeh-leyeh disek ing emperan omah. Hawane adem ayem. Jam 13.00, aku sholat dhuhur jama`ah wonten masjid sebelah. Mari sholat, aku diajak Bapak tumbas nedhaan kanggo wong akeh.  
            Bapak : Ayo mas, tuku sego gawe simbah lan liane 
            Aku     :  Inggeh Pak, kulo mantun sholat niki. Nitih mobil nopo mlampah?
            Bapak  :  Numpak mobil ae le. Sampean sing nyetir
            Aku     :  Inggeh siap !
Aku lan Bapak tumbas nedha ing warung sing jarene enak ten Malang. Tumbas nedha rampung, aku lan dulurku, Dhandy mlampah – mlampah muter sekitar kampung. Pas mlampah ing dalan, aku krungu aban-aban koyok suarane kucing. Aku langsung kanda dulurku yen ana suoro kucing.
            Aku                 :  He Dhan, rungokne. Abane kok suarane kucing iki saka endi asale?
            Dhandy           :  Iyo Mas, ayo digoleki bareng.
            Aku                 :  Ikuuu kucing e neng mburine kardus !!
            Dhandy           :  Sampean pingin nyekel kucing e ta? Kudu alon Mas, kucing e apik
  soale. Kucing Anggora iku.
Ndilalah pas wes cedek, kucing e langsung mlayu. Aku lan dulurku kaget, dulurku wes emosi amarga kucing e mencolot. Akhire podo mlayu nggolek kucing iku maeng. Dulurku sambat awake pegel kabeh, lan njaluk mulih ten omahe simbah.
            Sampek omah, aku lan dulurku ngombe lan sholat ashar. Nah, aku nalika njupuk banyu wudhu, tibakne kucing sing iku maeng leyeh-leyeh ten ngarep jeding. Aku takok marang Budhe asal e saka ngendi kucing iku
            Aku                 :  Budhe, niku wonten kucing apik melbu omah. Niku kucing e sinten?
            Budhe              :  Loh, sampean gak ngerti ta mas. Iku ngunu kucing e budhe saka
   omah Surabaya tak gowo mrene le !
Aku                  :  Laiyooo, niku kucing e budhe nopo tibak e. Kulo kaliyan Dhandy        tiwas nguber-nguber kucing niku sampek kebles keringet.
Dhandy            :  Jangkrik, iki mang kucing e ta Mas !! Ya Allah, aku sampek kesel     nguber. Budhe, kucing e nopo oleh kulo beta rawuh dhateng Jombang?
Budhe              :  Ngawur ae le le. Ojo, iku ngunu kucing kesayangane budhe. Malah digowo moleh.
Akhire aku lan dulurku lego. Aku lan dulur liane seneng wonten kucing apik. Seneng banget iso sambang simbah lan ngumpul bareng. Opo maneh enek kucing lucu kagungane budheku.


Share:

Pengetan Idul Adha

Dening : Chafid Illham

                Idul Adha yaiku pengetan hari raya wong islam kang biasane dilakoni satahun kaping pisan utowo ben tanggal 10 dzulhijjah ing tahun hijriah. Peristiwa iki dimulai nalika aku takbiran nganti pendistribusian daging. Takbiran iku dimulai ba’da sholat Isya’. Aku, Helmi, lan ozik bergas budal menyang mushola gawe damping bocah – bocah TPQ gawe takbir keliling. Aku lan kanca – kanca podo dadi panitia ing acara takbiran desa kuwi mau. Sawise takbiran ayah ngengken aku  gowo Hewan Qurban yaiku wedus menyang musholla. Aku lan kanca – kanca padha kangelan lan kuwalahen nyeret sing jenenge wedus kuwi mau. Tapi dengan kekompakan e kanca – kanca akhire wedus kuwi mau nyampek tekan musholla. Kanca- kanca padha ngucap takbir “allahu akbar.. allahu akbar.. allahu akbar.. laa ilahailallahu allahu akbar.. allahu akbar.. walillahilhamdu” ing mushollae dewe – dewe. Jam nunjuk ing angka 23.30 WIB. Aku lan kanca – kanca banjur turu supaya mene mboten karipan sholat idul adha.
                Wayah wis mulai isuk, para pitik ws kluruk kabeh. Aku banjur nglakoni ibadah sholat trus adus gawe budhal sholat ied ing masjid cedak omah. Mari sholat mulailah acara penyembelihan hewan qurban tapi sadurunge iku ana acara mangan bareng. Aku, helmi, lan ozik kebagian nyiseti kulit wedus lan beteti daging wedus supaya daginge bisa dibagiaken marang masyarakat sekitar. Kurang luweh 2 jam beteti lan nyiseti wedus iku mau banjur aku diutus bapak – bapak ngumbah usus sapi, wedus lan sapanunggalan usus iku mau. Mas agus diutus kengken nyetir bentor alias becak montor lan direwangi kaliyan mas slamet. Aku lan kanca – kanca padha numpak ing ngarep ditambah siji kanca maleh yaiku Eky. Banjur sampek ing kali kanca – kanca padha nyepak ing panggonan sing penak kangge buang kotoran ing jero usus lan sapanunggalane kuwi mau. Amarga kancaku sing jenenge ozik iku bocahe usil, dheweke garai kanca liyane “hel, awas mburimu enek ulo !” ujare ozik. Helmi nyauti “hah iyo ta ? ndi ?”. “hahaha.. ozik ngguyu amarga ora enek ulo” saute ozik, padahal mung kain perca sing dibucal ing kali. Amarga wes rampung kabeh, usus iki mau arep digowo balik menyang musholla.
                Ing perjalanan suasana dalan rame banget padahal dina iku dina prei nasional. Waktu perjalanan ana kedadeyan sing ora keduga kanca – kanca. Enak – enak guyon lan rame moro – moro bentore gak imbang. “Mas agus kok bentore gak imbang kenek opo ?” takone eky marang mas agus. “Ora ngerti le,paling kabotan muatan iki terus dadi gak imbang.” Jawabe mas agus ambek nyetir bentor. Amarga kanca – kanca ora ngerti sebabe, dikira iki mung guyonan bae. Kanca – kanca tambah mencolot – mencolot amarga lagi enak guyon. Gak suwi kanca – kanca padha bengok “wwweee… weee.. kenek opo iki kok tambah parah”. Mas slamet jawab “ojo guyon ae le, iki bentore gak imbang”. “hahaha.. terusno mas agus enak iki” pikirku ngunu. Akhire bentore gak kuat lan geblak kabeh. Kanca – kanca padha nyelamatke awake dhewe – dhewe. Aku banjur mencolot lan minggir kangge nulungi kancaku sing ijek nang tengah dalan. Alhamdulillah mas agus, mas slamet lan kanca – kanca padha selamet kabeh tapi bentoripun rusak lan bengkong amarga natap dalan. “Apa gara – gara ngajak wong sing jenenge slamet kuwi yo ?” Pikirku karo ngguyu ing ati.

                Perjalanan dillanjutaken nganti tekan musholla gawe kendaraan sakbisane. Ing musholla daging lan usus kuwi banjur dibagekake marang masyarakat sekitar. Aku lan kanca – kanca padha ngobati luka kecelakaan mau, sakwisepun banjur bakar sate daging wedus sing oleh amarga dadi panitia idul adha  iku mau. Peristiwa iki terus dieling kaliyan kanca – kanca nalika pengetan Idul Adha. Amarga “olehe bangun kekancan iku gak segampang golek kanca” iku sing dadi prinsipe kanca – kanca ben rapet hubungan kekeluargaane.
Share:

Larik-larik Kematian Tomino

Dening : Rizki Agista Candra

Duri-duri berkilauan dari atas gunung
menancapkan duri ke dalam daging yang segar,
Sebagai tanda untuk Tomino yang lucu

            Naruma Hiruko sakkilas maca nang ati gatra keri dhewe ing kertas sing ana ing ngarepe.
            “Apa iki, Ayase?”
            “Geguritan ngunu loh. Deloken! Kaya ana sing aneh toh, Naruko?” Shimazaki Ayase biasa nyeluk Naruma Hiruko dadi Naruko.
            “Kabeh aneh. Kertase kaya wis tuwa, tulisane murat-marit, lan ora enak diwaca.”
            “Aku mungut iki katutup awu saka loteng omahku wektu resik-resik wingi. Wacanen ana ing ati! Isine bisa nggarai kowe merinding. Piye yen awakdhewe metik misteri geguritan iki dadi artikel gawe lomba?”
            Naruko maca geguritan sing judule Neraka Tomino iku ana ing jero ati. Pirang larik geguritan iku pancen gawe Naruko getun. Kok bisa ana wong nulis geguritan sing saben larik bisa gawe wedi lan merinding? Apa wae sing wis dilakoni wong iku kanthi bisa nulis geguritan kaya ngunu mau? Pitakonan iku terus melok ing pikirane Naruko kanthi mlaku muleh menyang omah.
            Wektu iku taun 2001, Naruko lan Ayase melu klub sastra ana ing SMP Yamada. Naruko seneng maca novel action lan romantis, beda kaya Ayase sing luwih seneng maca artikel utawa cerkak horor. Naruko lan Ayase kudu golek artikel kang bisa narik kawigaten juri gawe lomba sastra ing prefektur Shizuoka, Jepang.
            “Deloken iki! Aku nemu koran iki ana ing gudang olahraga lawas. Iki bisa dadi petunjuk ngenani misteri geguritan iki.” Ayase ndelokake koran sing tulisan terbite taun 1987. Ing kaca ngarep akeh irah-irahan berita kang nggarai Naruko kaget, kayata “BOCAH KELAS PAPAT SD DITEMUKAKE MATI ORA ANA SEBAB”, “DITEMUKAKE GEGURITAN ING CEDAKE MAYAT BOCAH SD”, lan “BOCAH SD MATI AMARGA GEGURITAN?”. Naruko maca berita-berita iku sakkilas.
            “Katelu berita iki ana hubungane. Lan irah-irahan geguritan sing ditemukno iku... Neraka Tomino.” Naruko sing ngomong melu kaget.
            “Kan wis dakkandani yen ana sing aneh marang geguritan iki. Deloken! Jeneng bocah SD sing mati mau Hanare Jiro, dheweke biyen urip ing omahku. Sekolah iki biyene SD, lan saka taun 1988 diganti dadi SMP. Hanare Jiro sekolah ing kene biyen. Anehe, wektu aku menyang perpustakaan, ora ana artikel blas tentang kasus iki. Lek menurutku, kasus iki ditutup-tutupi. Kasus segedhe iki ora mungkin ditutup soale bakal dadi crita horor sing bisa dadi trending topic kanthi generasi mben. Kan keren yen awakdhewe bisa ngangkat crita iki maneh menyang publik. Aku yakin artikel iki bisa menang.”
            “Sakkarep lah. Yen pingin dulinan detektif-detektifan, aku mung bisa mikir, ora melu ngganggu barang alus.” Jawabe Naruko enteng lan ndeleh koran sing mau dicekel.
~.~.~
            Saben dina, Ayase lan Naruko terus nggoleki informasi kanggo mecahno misteri iki. Apa maksud saben larik ing geguritan iki? Kok bisa geguritan kaya ngene mateni wong? Piye kronologis geguritan iki bisa mateni Hanare Jiro? Lan sing paling dadi misteri Sapa Tomino iki?
“Aku wingi nang kantor polisi lan entuk informasi. Dadi, Hanare Jiro iki anak siji-sijine Hanare Yugo lan Hanare Mia. Hanare Yugo yaiku bapake Jiro dadi korban kecelakaan sak taun sakdurunge Jiro lan ibune pindah marang omahku sing saiki. Rong taun engkas Jiro ditemokake mati amarga tenggorokane pecah lan ana geguritan ing sandinge mayite. Ibune ora bisa terima karo kondisine anake sing wis ora ana nyawane, mula nyoba bunuh diri nanging gagal terus. Mosok ngunu tok sing kate ditulis nang artikele? Bisa kalah awakdhewe.” Ayase lungguh ana bangku ngarepe Naruko karo madhepno sirahe mandhuwur.
“Wis takkandhani ayo nggawe sumber liya wae. Lek ngene kapan bisa mari? Padahal rong minggu engkas artikele dikirim. Akeh sumber liya kayata...” Omongane Naruko dipedhot karo Ayase.
“Aku emoh. Awakdhewe kudu nggoleki titik engkas, usaha titik maneh wae. Aku pingin nekani sumbere langsung. Ayo melu aku nang omahe Hanare Mia saiki. Aku oleh alamate saka kantor polisi.”
Wong tuwa sing ketok bungkuk mbukakake lawang. Iku temenan Hanare Mia soale raine pada persis kaya ing koran cuma ketok tuwa. Saben Ayase lan Naruko takon ngenani masalah Jiro lan geguritan iku, Hanare Mia mesti muring-muring lan nangis. Dheweke takon karo muring-muring “Geguritan iku kok bisa mbalek utuh? Geguritan iku wis tak obong 14 taun kepungkur.” lan ngandani “Aja maca geguritan iku banter-banter utawa ngrungokake wong maca geguritan iku.”. Hanare Mia bolak-balik ngusir lan ngancem Ayase lan Naruko nanging dheweke terus mbalek gawe golek informasi.
Dina iki wis kaping telu dheweke diusir saka omahe Hanare Mia. Ayase lan Naruko wis kailangan semangat kanggo mecahno misteri iki. Dina iki wong tuwane Naruko lunga menyang omahe dulur. Naruko dhewean ana ing omah. Sakmarine adhus, Naruko nguwasi ana kertas ing dhuwur meja  kamar. Ora angel gawe ngenali kertas apa iku. Iku geguritan Tomino. Naruko getun kok bisa geguritan iku ana ing kunu. Padahal geguritan iku mesti digawa Ayase. Pas Naruko kate nyekel geguritan iku, dheweke krungu suara klontangan ing dapur lan suara sikil mlaku. Dheweke nginceng saka jero kamar lan ora ana sapa-sapa. Naruko njupuk geguritan mau terus dilempit lan dilebokno dompet kate dikekno marang Ayase mene pas sekolah.
“Ping pisan kowe nyekel iku, kowe ora bakal bisa mlayu.” Naruko tangi amarga suara bocah wadon sing medeni. Iku mung mimpi nanging kok ketok nyata banget? Pikire Naruko. Dheweke diuber-uber karo bocah wadon sing sikil e bisa ngawang ing jero mimpi.
Ing sekolah, Naruko nyritakake mimpi lan kedadean aneh wingi bengi marang Ayase, nanging Ayase ngomong yen geguritane pancet ana ing laci mejae Ayase lan ora tau digawa ing omahe Naruko. Anehe maneh, pas Naruko kate ngetokno geguritane saka dompet, geguritane wis ora ana.
“Kowe gelem gak wengi iki turu ing omahku? Aku dhewean, wong tuwaku pada metu ing joboh kutha. Sakmarine aku nemu geguritan iku, kaya ana sing ngetutno lan ngganggu aku. Aku ngerasa kaya diteror. Mangkane aku pingin ndang marikno misteri iki.” Ayase ngomong karo ndelok tangane sing gemeter.
~.~.~
Wengi iki, Naruko turu ngancani Ayase ing omahe karo nyoba mecahno misteri iki. Cakut ping siji iki Naruko nginep ing omahe kanca. Naruko ket cilik ora tau nduwe kanca apik kaya Ayase. Ket cilik Naruko nduwe kaluwihan bisa ngrasakno barang alus, nanging dheweke ora gelem ngetokno marang Ayase. Naruko mesti diadohi kanca-kancane gara-gara gelek ngomong dhewean, padahal dheweke diajak ngomong karo barang alus. Mula dheweke ora gelem ngandani Ayase.
Omahe Ayase sing rong loteng pancen gedhe nanging ketok rungsep. Ora ana ventilasi kang cukup mula ketok peteng amarga sinar matahari arang sing bisa melbu. Ayase ngajak Naruko ndelok-ndelok gudang ing loteng dhuwur sing pas Ayase nemokno geguritan mau. Ing mripate Naruko, gudang iku akeh energi negatife dadi Naruko ora kuat suwi-suwi ana kunu. Pas Naruko lan Ayase kate melbu nang kamar, krungu suara klontangan nanging ora eruh saka endi suara iku. Ayase lan Naruko ngetutno suara iku, dheweke mandhek nang ngarep tembok. Anehe, warna cat tembok iku mau beda kaya warna cat sebelahe. Pas Naruko ndemek tembok mau, sirahe ngelu lan kate tibo kaya ana sing ngantem. Naruko pingin njebol tembok mau, amarga dheweke yakin yen ana apa-apa ing kunu. Ayase mlayu nang loteng dhuwur gawe njupuk linggis lan kapak gawe njebol. Tibake ana lawang sing dilepoh karo semen sing ora pati kuat. Pas dibuka, tibake iku basement. Ing mripate Naruko, akeh warna abang lan ireng ing basement iku, tandane akeh roh jahat lan energi negatif sing kandel. Naruko bolak-balik muntah amarga ora kuat ngrasakno energi iku. Pas kate mbalek nang kamar, sikile Naruko kaya ana sing nggoceli sampe dheweke nangis lan tibo.
“Bu, kula saget ndamel geguritan piyambak. Panjenengan tingali.” Bocah wadon sing lungguh ana ing kursi roda nunjukno ekspresi bungah banget lan nduduhno kertas marang wong tuwa ing ngarepe.
“Apa toh, Tomino? Ora eruh pikirane ibu iki sumpek ta?” Wong tuwa mau njupuk lan maca tulisan ing kertas iku. Wong tuwa mau kaget banjur mripate dadi abang.
“Iki apa toh? Kok bisa kowe nggawe geguritan kaya ngene? Iki maksude apa? Uripmu apa mung mok gawe nggawe barang kaya ngene? Apa kowe ora diulangi nang sekolah cara nggawe geguritan sing apik? Terus lapo aku pegel-pegel jungkir walik nggolek dhuwit gawe mbayar sekolahmu tok? Kowe kok mung iso nyusahno ibu tok seh? Mok pikir aku ora pegel ngurusi kowe? Kowe ora bisa lapo-lapo, sampek mati yo mung nang kursi roda. Ora tau ngewangi ibu nggolek dhuwit, ora bisa ngewangi resik-resik omah. Terus gawe apa aku ngelahirno kowe?” Wong tuwa iku mau murka sampek nangis lan raine dadi abang. Bocah iku mung bisa nangis lan nyekeli tangane ibune nanging terus diculno karo ibune. Wong tuwa mau nyurung kursi rodae anakke lan nglebokno anakke nang jero basement sing peteng banjur ditinggal dhewean lan ora diwenehi mangan blas. Ibune ninggalno omah iku nanging Tomino isih ana ing kunu. 5 dina engkas, Tomino ditemokake mati dehidrasi.
Naruko mbuka mripate sing rasane abot banget.
“Naruko, kowe ora apa-apa? Aku rasane wedi banget moro-moro kowe semaput suwi. Aku bingung ora bisa ngangkat kowe dhewean. Dadi aku mung bisa ngangkat kowe sampek ngarep lawang basement tok.” Ayase nguwasi Naruko sing jek bingung. Naruko titik-titik ileng marang kedadean sing wis didelok Naruko ngenani bocah cilik sing jenenge Tomino iku banjur nyritakno marang Ayase.
“Kowe kok ora ngomong nang aku ket biyen lek bisa ndelok barang alus?” Mripate Ayase ketok ngetokno banyu.
“Sepurane, Ayase. Aku ora gelem keilangan kanca apik maneh gara-gara aku bocah aneh sing kadang-kadang ketok ngomong dhewe lan kanca-kancaku ora percaya marang omonganku. Nanging kaluwihanku iki ora sempurna. Aku mung bisa ngrasakno lan ndelok warna energi ing sakitarku, ora bisa ndelok sing nyata. Aku biasane bisa ndelok barang alus mau mung lewat mimpi kaya mau. Lek kowe kate ngadohi aku gara-gara iki, aku ora apa-apa kok.” Naruko nangis lan nutupi mripate karo tangan. Ayase moro-moro ngrangkul Naruko.
“Bodoh, aku gak mungkin ngadohi kowe. Aku sayang karo kowe, sahabatku siji-sijine. Aku mung kecewa kowe ora ngandani aku ket biyen. Lek eroh lak misteri iki cepet mari.” Ayase mbisiki Naruko terus ngeculno rangkulane. “Saiki awakdhewe wis mecahno misteri iki. Aku yakin Tomino sing nuntun awakdhewe rene. Dheweke mesti wis seneng saiki.” Ayase lan Naruko nutup lawang basement mau terus mlaku menyang kamare Ayase.
Jam nang kamare Ayase nunjukno wis tengah wengi. Naruko moro-moro tangi amarga ngelak. Ayase wis ora ana ing sandinge Naruko. Naruko yakin dheweke mesti tangi dhisiki. Naruko bingung nggoleki pawon amarga Ayase ora ngandani panggonane. Naruko nguwasi ana bocah cilik mlayu-mlayu. Ora ketok jelas sapa iku amarga panggonane peteng. Naruko ngetutno bocah mau lan bocah mau ilang nang dalanan loteng. Ing loteng dhuwur paling ujung, Naruko krungu suara wong wadon ngomong. Naruko marani suara iku iri-iri. Jantunge Naruko ndredeg luwih kenceng saka biasane. Naruko kaget nguwasi Ayase ngadeg ing jero gudang karo ngomong dhewe. Dheweke tibakke maca geguritan Neraka Tomino.
“Ayase, apa sing kowe lakoni? Aja maca geguritan iku Ayase! Aja diterusno!” Naruko nyoba ngrebut geguritan iku saka tangane Ayase. Ayase ngamuk lan bolak-balik berontak. Iku duduk kaya Ayase. Kaya ana sing melbu ing ragae Ayase. Saka adoh Naruko nguwasi ana bocah cilik ing kursi roda sing mringis.
“Tomino, Tomino. Tolong aja nggawe Ayase kaya ngene, tolong aja ngganggu Ayase, tolong aja njupuk Ayase. Ayase kancaku siji-sijine. Aku njaluk sepura lek ngganggu turumu. Saiki tolong mbaleko, Tomino!!!” Naruko bengok-bengok.
“NARUKO, WONG SING WIS MACA NERAKA TOMINO MESTI BAKAL MELU NANG NERAKA TOMINO.” Tomino ngguyu lan ngilang. Ayase moro-moro nyekel gulune Naruko lan nekek gulune sampek Naruko angel napas.
“Ayase, Ayase. Sadar, Ayase! Aja nuruti iblis, Ayase! Mbaleko, Ayase!”
“Na...ru...ko.... To...long....”Ayase nangis nanging tetep gurung bisa ngendalikno awakke. “Se...pura...ne... Naruko.... Suwun... gelem... dadi... kancaku....” Ayase wis ora nekek gulune Naruko. Dheweke meneng lan nutukno larik geguritan sing terakhir  “Sebagai tanda untuk Tomino yang lucu”. Ayase tibo lan ora bisa melek. Naruko nangis banter banget. Ora kerasa, dina iki Naruko bisa ngguyu lan nangis bareng Ayase. Sampek akhir, Naruko bisa ngrasakno rasane seneng lan susah bareng Ayase sing mung setaun iki. Naruko ngrasakno cakut urip setaun iki pas bareng Ayase.
~.~.~
Dina iki, mari upacara pemakamane Ayase, Naruko lunga menyang omahe Hanare Mia nanging tetep diusir.
“Tolong, kula nyuwun wektu sekedap. Ayase, rencang kula sampun tilar dunya kala wingi. Kula mriki badhe tanglet ngenani Jiro dhamel rencang kula niku. Tolong.” Naruko njelasno kabeh perkarae marang Hanare Mia.
            “Kowe wis takkandani ket iko, aja nyedaki geguritan iku maneh. Nanging kowe ora gelem nuruti omonganku. Jiro saben bengi mesti tangi terus ngomong dhewean. Wengi iku, moro-moro dheweke maca geguritan iku ing tengah wengi lan dheweke....” Hanare Mia ora bisa nutukno omongane banjur nangis.
            “Napa Jiro ndhamel rasukan warna abrit garis-garis horizontal kaliyan celana jeans warna biru wengi niku?”
            “Kok kowe eruh?”
            “Kula saget ningali barang alus. Kala wingi kula ketemu Jiro wonten sebelahipun lare alit, asmanipun Tomino. Jiro ingkang mlebet ing raganipun Ayase.” Hanare Mia kaget ora bisa percaya marang omongane Naruko, nanging Hanare Mia bisa eruh yen Naruko ora ngapusi.
            Artikele Naruko lan Ayase menang dadi juara siji ing lomba sastra ing prefektur Shizuoka, Jepang. Nanging, Naruko ora gelem ngungkit matine Ayase. Iki hadiah paling gedhe sing dadi kepinginane Ayase, sing gurung bisa Ayase rasakno selagi urip lan hadiah gawe Naruko amarga dheweke dadi penulis sastra terkenal. Iki kabeh gara-gara Ayase sing wis ngenalno Naruko marang klub sastra lan pait legine, seneng susahe urip.
~.~.~
            “Bu Yuzuriha Hiruko, sampeyan oleh layang. Iki saka arek cilik umure sekitar 13 taunan.”
            “Matur suwun Bu Reiko.”
            Ing layang iku katulis “KANGGO NARUKO”. Naruko? Sing nyeluk aku Naruko kan mung.... Pikire Naruko bingung. Iki wis 15 taun saka matine Ayase. Saiki Naruko wis nikah, dadi jenenge ganti lan saiki Naruko wis dadi guru sastra ing SMP.
            Naruko melbu ing kantor guru sing wis sepi banjur mbuka layang mau. Isine ono layang lan... geguritan Neraka Tomino sing wis diobong Naruko 15 taun kepungkur sing mbalek utuh. “Naruko, wayahmu.” tulisan ing layang iku. Naruko ngguyu lan nangis amarga nguwasi Ayase cilik sing ngguyu ing ngarepe. Naruko mulai maca banter geguritan mau “Kakak yang memuntahkan darah, adik yang meludahkan api....” sampek larik terakhir. Matur suwun, Ayase. Kowe wis ngenteni aku sesuwi iki.



Share: