Dening : Maulidatus Syafaah
Sina yaiku arek cilik sing
sebatangkara. Sina ditinggal wong tuwone, ket cilik sina wes dititipno mbahe. Sakjoke
rong ulan wingi Sina dadi arek mandiri ndek omah tuwo tinggalane mbahe, Sina
nyesel soale sekdurunge mbahe meninggal Sina ora tau takon nang mbahe tentang
sopo dulure lan nandi dulure. siji sijine omongan mbah sakdurunge meninggal
yaiku “mben pas awakmu wes gedhe sin, ojo lali dolen nang pulo Aer ndek daerah
kidul Indonesia kono” iku sing diomongno mbah sakdurunge sedo. Tapi dorong
sempet Sina takon opo maksude omongane mbah, mbah wes ora ono.
6 tahun lewat Sina mbalek nang
omah mbahe nang Jogja. Umure sina 22 tahun saiki sina wes mari sekolah lan
ndewe kerjoan tetap nang Jogya. Dino pertama Sina mbalek nang jogya Sina
ngersiki omah tuwo peninggalane mbahe iki. Pas Sina ngersiki kamare si mbah Sina
nemu surat ndek ndisore bayange si mbah, surat iku ndek bagian amplope onok
tulisan “Merlin ing pulo Aer” pas tak buka gaonok lembaran surat tapi onok
photo ,ndek foto iku onok sepasang pasangan sing foto nang omah ndek pinggir
pantai.
Mari ndelok surat iku sinapun
kelingan omongane mbah sakdurunge meninggal sing ngongkon sina nang pulo Aer iki
. Amargo sina kepingin ero opo maksud
omongane mbahe iku maeng. Akhire Sina mutusno gawe nang pulo iku. Awale Sina
ngolek informasi nang internet tentang pulo iku ternyata pulo iku onok nang
daerah lombok ndek sebelah lore pulo Gilitrawangan. Gak mikir sui Sina akhire
mutusno gawe budal mrono.
Seminggu kepunggkur Sina budal nang
lombok numpak pesawat nang Mataram maringunu baru numpak kapal nang pulo Aer.
Saktotoke nang kono Sina langsung ngolek ngon nginep. Untung mayoritas wong
kono muslim dadi Sina gak repot repot gawe ngolek panggonan lan mangan. Menene
Sina langsung ngollek keberadane merlin sing onok nang foto ,Sina takon takon
nang penduduk- penduduk lan ngunjungi nang kabeh pantai sing ono. Sampe Sina
ngoleki nang pantai seng dalanane angel soale ngone nang plosok, dalanane rusak lan omah omahe
pendudduk mung saitik. Tapi tekan kabeh pantai sing digoleki Sina cuman pantai
iki tok sing omahe meh mirip ning foto, ndek foto omahe warna biru tua. Tapi
masalahe omah penduduk kene warnane biru tua kabeh. akhire Sinaa mutusno gawe
takon adik adik sing lagi dulinan nang
latare “dik apa ada orang yang bernama merlin didaerah ini?” sina takon gawe
bahasa indonesia soale areke eling iki duduk nang Yogya. Marine Sina takok sdik
iku langsung moro moro mlayu nang njero omahe nyeluk ibune “mak, ada orang yang
mencari nona merlin” ibune langsung metu nemoni Sina lan ngongkon Sina melbu
“ada apa nak, kenapa mencarinya?” ngunakno logat Matarame. Langsung Sina
ngomong tujuanne ngolek merlin soale pingin takon tentang hubungane merlin
ambek mbah Fatma iku opo lan Sina sempet takon nang ibu iku tetntang merlin,
ibu iku langsung crito lhanek merlin iku biyen none belanda sing nikah ambek
pribumi soale dianggep pengkhianat akhire bojone dihukum mati terus merlin di
asingno nang pulau iki. Enem tahun dekwinggi merlin nikah maneh ambek wong pulau
kene.marine Sina ngrungokno critone ibuk iku Sina takon ndek sebelah endi omahe
Merlin lan jarenene ibuke omahe Merlin ono ing cedeke watu karang, tangane ibuk
iku nunjuk nang arah kidul. Sinapun langsung ngoleki omahe maneh lan ora lali
ngucapno matur suwun nang ibuk sing wes nulungi areke.
Pas totoke Sina nang cideke watu
karang , Sina ndelok enek omah tua, resik lan akeh kembange ing halamane. Sina
ngedok dok lawang moro moro onok arek wadon ayu putih mbukak lawang lan mulai
takon tujuan sina teko nang omahe. Sina langsung ngenalno dirine lan asale nang
wong wadon iku lankondo yen areke ngoleki wong sing jenenge merlin. Wong
wadonmau nguyu lan mersilahno sina gawe melbu. Merlin langsung takon “dadi ono
opo sampeyan rene nduk?” Sina sempet kaget amerga Sina gak ngiro lhanek wong
wadon sing putih iki iso basa jawa, “kula madosi tiyang sing namine merlin”
lansung wong wadon iku njawab yen dee iku sing jenenge merlin “oo panjenegan,
kulo badhe tanglet panjenengan semerap tiyang sing namine fatma?”. Merlin jawab
lanek areke kenal karo mbah Fatma lan merlin takon piye kabere mbah lan nandi
wonge saiki soale wes pirang pirang tahun iki ora tau mbales surate lan yo gatau
ngekeki kabar. Tak jawab iri lhanek mbah Fatma wes ora onok nang dunyo. Merlin
kaget lan langsung seketika matane mbrabak abang Merlin ngroso salah soale
gaiso ngrawat lan njogo mbah fatma, Merlin bali takok nang sina “nduk kowe iki
sopone mbah Fatma?” Merlin ngomong kesendat sendat. “kula niki anak asuhipun si
mbah” langsung Merlin ngrangkul Sina lan njaluk sepura nang Sina amarga gaiso
ngopeni Sina. Sina binggung lan gatego ndelok Merlin. Tapi gak sui merlin crito
lhanek Sina iku anake sing biyen di titipno nang mbah Fatma amerga Merlin
diasingno nang pengasingan lan bojone di ukum mati amerga nikahi wong londo. Mari
ngerungokno crita iku Sina pun langsung sungkem nang merlin lan podo njaluk
sepuro amarga ogak langsung ngoleki panggunan iki ket biyen. Akhire Sina iso
nemokno dalan gawe nang surga lewat telapak kaki ibu dadi sakwise Sina petok
ibune ,Sina tinggal nang pulau Aer gawe mengabdi nang ibune.