Selasa, 13 Desember 2016

Cerito SMA

Dening Nevro Varro

    Iki tak tulis sawise aku dadi Siswa SMA Negeri 3 jombang . Tulisan iki sengajo tak tulis kanggo tugas sekaligus kanggo contoh pada kanca kabeh babagan pelajaran bahasa jawa. Sakwise SMP mesti banjur SMA, lulus saka SMP nggawe aku kudu nggolek sekolah kanggo mbanjurke pamulangan menyang jenjang sing luwih dhuwur yaiku SMA. Pada kaya dhisik pas aku pengen nggoleki SMP, aku ora mikirke menyang sekolah endi aku arep mendaftar aku mung nggawe siji keputusan, yaiku sekolah neng SMP 1 terbelakang padahal yen didelok saka Biji ku, Semunu uga karo masa SMA iki, aku pengen sekolah neng sekolah olahraga SMA negeri 8, nanging iki ceritone liya, Biji ku ora cukup kanggo mlebu mrono. Aku pun bingung pengen sekolah ngendi, kakang ku sing alumni SMA negeri 5 ngongkon aku kanggo mlebu menyang SMA 5 mergo bijiku cukup kanggo mlebu SMA 8. Nanging, kanggo pisan aku mikir SMA 5 yaiku sekolah sing cukup adoh saka omah ku, aku ugo nolak kanggo sekolah nengkana, pas aku bingung wong tuwa ku banjur ngongkon aku kanggo ndaftar neng SMA negeri 3 jombang Salaman kongkonan sing cukup ngagetake aku tentune, merga manut informasi sing tak ngerteni, kelas 1 SMA muhammadiyah mlebu awan mergo gedung SMA sing manggon neng Jl. Dr. Sutomo No.75, Jombatan, Kec. Jombang, Kabupaten Jombang, Jawa Timur 61419 Sakwise resmi dadi siswa SMA, banjur diadhepake karo kegiatan sing jenenge mos utawa (masa orientasi siswa). Kegiatan iki cukup apik lan nggeret gawe aku mergo awake dhewe arep ngenal kakang-kakang kelas neng organisasi-organisasi neng SMA lan awake dhewe ugo mbisa "piwulang urip" sing tentune bakal awake dhewe alami neng masa SMA sing beda karo masa SMP ndisik. Sasuwene meloni kegiatan kuwi aku serius banget lan meloni dawuh sing dikongkonke saka kakang-kakang kelas, kakang kelas sing tak kira galak-galak rupane njaba blinuwih becik Didina paling akhir, kabeh dikongkon mileh ekstra kulikuler sing disediake saka sekolahan, akeh banget kegiatan ekstra sekolah sing dicawiske neng SMA negeri 3 jombang iki, kabeh wajib mileh_ siji lan oleh kuweh,tapi sanajan akehe ekstra kuwi ora bisa ngefek aku sing terus tertuju marang kegiatan basket.

Share:

Manggung Pertama Kali

Dening Yanuar Bima F.

Cerito iki kedadean pas tahun 2012,aku pertama kali mlok festival band ndek SMAN 3 Jombang pas aku jek kelas 2 SMP. Modal nekat lan skill pas pasan,aku karo konco koncoku tetep wani gawe melok festival band nang smaga joe. Personilku enek 5,yoiku aku,febi,rudi,ilham,ridho. Latihan cuma 2 minggu wes modal wani tok,soale mung niat golek pengalaman. Nah selama latihan iku mesti enek ae masalah,seng gaoleh ijin guru lah,udan lah,enek try out les lah,macem macem wes. Nah pas wayahe lomba iki aku ndredek gak karu karuan,soale musuhe yo apik apik sedangkan aku karo bandku skil e pas pasan. Dan alhamdulillah bandku perform e luancar gaenek hambatan,tapi mbasio wes apik band band liyane jek luwiih apik soale kabeh wes sering melok fstival dan oleh dukungan tko guru e ndek sekolah. Tapi iku gak matahno semangatku gawe terus ngeband,sampek saiki pun aku jek band band an. Sakmarine festival nek SMAGA JOE aku karo kkonco koncoku tetep berusaha melo festival ndek event event liyane,dan gak tau juara hahaha. Awakdewe pun lanjut ngeband sampek kelas 3 SMP,makin sering melok skill e arek arek pun makin jago. Dan akire awakdewe pun berpisah pas kelas 3, dan ngelanjutno ndek sekolah seng selanjute. Berawal teko iseng iseng,iso dadi bakat. Sampek saiki pun aku tetep berusaha ben iso dadi pemain professonal.

Share: